Marilyn Monroe

Marilyn Monroe (1 Juni 1926 - 5 Agustus 1962) kang lair kanthi jeneng Norma Jeane Mortenson iku sawijining aktris, penyanyi lan uga modhèl misuwur asal Amérikah Sarékat. Nganti saiki, panjenengané wujud bintang filem lan simbol sèks paling misuwur ing abad kaping 20. Sosoké iku inspirasi kanggo akèh bintang-bintang anyar ing mangsa saiki kaya kang katon cetha ning aktris Madonna ing awal kariré.

Marilyn Monroe
Lair1 Juni 1926
Los Angeles, California
Pati5 Agustus 1962
Los Angeles, California
PakaryanModel, penyanyi, aktris
BojoJames Dougherty, Joe DiMaggio, Arthur Miller
Sana jaringanhttp://www.marilynmonroe.com

Sawisé pérangan taun mainké peran-peran cilik, Marilyn Monroe dadi saya misuwur marang kaahliané main komedi, kasulistyané sarta penampilané ing layar amba, saéngga panjenengané dadi salah siji bintang filem kang populèr banget nalika taun 1950an. Ing tembe wuri sajeroning kariré, Marilyn Monroe nglakoni sapérangan peran serius kang cukup suksès. Nanging nalika panjenengané ora sempat olèh Academy Award minangka pengakuan dhiriné minangka aktris "serius", mung Golden Globe kang tau digayuh liwat filem "The Misfits" nalika taun 1961 kang jebulé wujud filem pungkasan kang panjenengané rampungaké.

Sanadyan mangkono, permasalahan kang nyangkut karir uga kauripan pribadiné dadi saya buruk lan rumit. Kauripan Marilyn Monroe pungkasané ngenesaké, panjenengané tinemu tiwas ing omahé kang dipercaya minangka akibat tindakan nglalu amarga overdosis ngombé obat turu. Tekan saiki, manéka téyori konspirasi nyangkut painé Marilyn isih dadi pokok pembahasan mligi kanggo para penggemaré wiwit saka terlibaté kulawarga Kennedy kanggo matèni Marilyn tekan téyori yèn Marilyn Monroe dipatèni Mafia.

Marilyn Monroe dhéwé dadi inspirasi kanggo akèh musisi sajeroning makarya, contoné Elton John kang nyiptakaké lagu "Candle in the Wind (1974)" uga grup rock Def Leppard kang ndhèdhikasikaké lagu "Photograph" saka album "HYSTERIA" (1981) kanggo sang legenda.

Tekan saiki salah siji ikon pop kang paling ditepungi donya iku sosok Marilyn kang ngadeg ing sandhuwuré saluran udara subway mawa rok kang megar.

Film

TaunJudhulPeranKatrangan
1962Something's Got to GiveEllen Wagstaff Arden(unfinished)
1961The MisfitsRoslyn Tabler
1960Let's Make LoveAmanda Dell
1959Some Like It HotSugar Kane Kowalczyk
1957The Prince and the ShowgirlElsie Marina
1956Bus StopCherie
1955The Seven Year ItchThe Girl
1954There's No Business Like Show BusinessVicky Hoffman/Vicky Parker
1954River of No ReturnKay Weston
1953How to Marry a MillionairePola Debevoise
1953Gentlemen Prefer BlondesLorelei Lee
1953NiagaraRose Loomis
1952O. Henry's Full HouseStreetwalker in "The Cop and the Anthem" episode
1952Monkey BusinessMiss Lois Laurel
1952Don't Bother to KnockNell Forbes
1952We're Not Married!Annabel Jones Norris
1952Clash by NightPeggy
1951Let's Make It LegalJoyce Mannering
1951Love NestRoberta Stevens
1951As Young as You FeelHarriet
1951Home Town StoryGina Norris
1950Right CrossDusky Ledoux(uncredited)
1950All About EveMiss Caswell
1950The FireballPolly
1950The Asphalt JungleAngela Phinlay
1950A Ticket to TomahawkClara(uncredited)
1949Love HappyGrunion's Client
1948Ladies of the ChorusPeggy Martin
1948Scudda Hoo! Scudda Hay!Girl in Canoe (lake scenes)/Girl Exiting Church(uncredited)
1947Dangerous YearsEvie

Bebungah lan nominasi

  • 1952 Photoplay Award: Bebungah Khusus
  • 1953 Photoplay Award: Bintang Wanita Paling Populèr
  • 1956 BAFTA Film Award (Inggris): nominasi Aktris Manca Negara Paling Apik (The Seven Year Itch)
  • 1956 Golden Globe: nominasi Aktris Komedi/Musikal Paling Apik (Bus Stop)
  • 1958 BAFTA Film Award (Inggris): Aktris Manca Negara Paling Apik (The Prince and the Showgirl)
  • 1958 David ing Donatello Award (Italia): Piring Emas (The Prince and the Showgirl)
  • 1959 Crystal Star Award (Prancis): Aktris Manca Negara Paling Apik (The Prince and the Showgirl)
  • 1960 Golden Globe: Aktris Komedi/Musikal Paling Apik (Some Like It Hot)
  • 1962 Golden Globe: Favorit Film Donya kategori Wanita
  • Bintang ing Hollywood Walk of Fame 6104 Hollywood Blvd.

Pranala njaba

Video Marilyn Monroe Archived 2009-12-30 at the Wayback Machine.