Reims

Reims
Barkas:Reims Hotèl de ville 2010.jpg
(Lambang Kitha Reims (hôtel de ville))
Kitha Reims

Logo Reims

NagaraPrancis
Wewengkon AdministratifChampagne-Ardenne
DhépartemènMarne
GubernurAdeline Hazan (2008-2014)
Wewengkon
 -Wiyaripun:

47,02 km²
Padunung
 -Total (2004):
 -Kapadhetan:

179 992 (2010)
318 000/km²

Reims (/[unsupported input]ˈrmz/; utawi Rheims; French: [ʁɛ̃s]), inggih punika salah satunggaling kitha ing Prancis ingkang mlebet wewengkon administratif Champagne-Ardenne. Saking Kitha Paris tebihipun watawis 130 km utawi 80 mil sisih lèr wétan.[1]

Reims kalebet kitha kagunan lan sajarah ing Prancis ingkang sampun dipunakeni minangka Situs warisan donya UNESCO.[2] Kajawi punika Reims ugi misuwur minangka kitha sampanye lan tèkstil.[3] Sampanye lan tèkstil punika dados satunggaling kakiyatan ékonomi Reims.[3]

Reims dipunsebat dados salah satunggalipun kitha wigati lan gadhah pangaribawa ingkang ageng tumrap sajarah Prancis.[3] Bab punika dipunsebabaken amargi Reims asring kanggé pahargyan (upacara) ingkang wigati ing salebetipun sajarah monarki Prancis. Sampun langkung saking sedasa abad dangunipun Reims dipundadosaken kanggé jumenengan raja-raja Prancis. Kacathet wiwit saking Louis ingkang Saléh ing taun 816 M ngantos dumugi Charles X taun 1825 M dipunjumenengaken ing kitha punika. Awit saking punika Reims misuwur minangka Kitha Jumenengan utawi Kitha Raja.[4]

Sajarah Reims

Katedral Notre-Dame ing Reims

Miturut sajarah, Kitha Reims dipunjumenengaken déning Rémus, lan kalebet kitha ageng ing wekdal Kakaisaran Romawi.[1][5]Sadèrèngipun gadhah nama Reims, kitha punika dipunsebat Kitha Remi.[2] Déning Suku Celtik ingkang gesang ing Kitha Reims, kitha punika dipunsebat Kitha Remes.[5] Wonten ugi pamanggih bilih tembung Reims asalipun saking tembung Rèmes.[6] Bilih wekdal samanten kutha krajanipun Rèmes ing Kitha Durocorter, ingkang éwah dados Durocortorum ing mangsa Romawi.[6] Tembung Durocortorum asalipun saking tembung duroingkang tegesipun bètèng ingkang wujud paredèn.[6]

Watawis taun 80 SM, kitha Reims dipunyasa Oppidum Rémus sasampunipun penaklukan Romawi.[5] Kitha punika ugi dipunyasa déning 260 Kabiskopan Reims.[5] Sadangunipun invasi ageng, wonten 407 biskop Reims dipun-pejahi déning Nicaise Vandal.[5]

Taun 459 M Reims dados punjering wewengkon Austrasia, ingkang mlebet ing wewengkon punika kados nagara Prancis, Jerman, Bèlgi, lan Walanda.[2]Taun 816 wonten jumenengan raja kapisanan Reims inggih punika Raja Louis ingkang Saleh.[7] Upacara ingkang dipunwontenaken ngantos gangsal jam punika dipuntindakaken ing Katedral Notre-Dame.[7] Sasampunipun pahargyan jumenengan purna, dipunlajengaken jamuan ing Pura Tau lan ziarah dhateng pasaréyanipun biskop Remi, ing Basilika.[7] Jumenengan raja ing Reims ingkang paling ageng punika nalika jumenenganipun Charles VII nalika tanggal 17 Juli 1429.[7] Wonten 33 gunggungipun raja Prancis ingkang jumenengan ing Kutha Reims, lan ingkang paling pungkasan punika [Charles X ing taun 1825.[7]

Wonten abad parotengah, Reims dados wewengkon ing Prancis ingkang makmur amargi prodhuksi tèkstil lan sampanye.[7] Raja Louis XIV marentahaken supados nambahi wiyaripun kebon anggur.[7]

Révolusi Indhustri ingkang ngrembaka ing Éropa ugi mengaruhi éwahipun tatanan Reims.[7] Kathah wewangunan dipunyasa nggantosaken wewangunan sadèrèngipun.[7] Maneka pepanggihan internasional ugi dipunwontenaken ing Kutha Reims ing kawitaning abad 20.[7] Salajengipun wonten Perang Donya I, nalika tanggal 4 September 1914, prajurit Jerman nyerang dhateng Reims.[7] Jerman ngupadi nguwaosi Reims kanthi cara ngepung lan ngebom ngantos tigang setengah taun.[7] Pangepungan dipunpungkasi kanthi risakipun 80 persèn kitha lan sédanipun 5.000 kurban perang.[7]

Tanggal 7 Mèi 1945 sasampunipun Perang Donya II, utusan saking Jerman napakasmani wangsulipun wewengkon Reims dhateng Prancis.[8]

Géografi

Papan dunungipun

Wewengkon Reims

Reims dumunung ing Prancis Wétan, salèr-kilèn saking Merne lan kilènipun wewengkon Champagne-Ardenne.[9] Kitha punika ugi dumunung ing wewatesan antawisipun Prancis lan Jerman.[9]Kutha punika tebihipun 130 km saking Paris, 157 km saking Métz, 168 km saking Lille, 282 km saking Strasbourg.[9] Ing tingkat régional, Reims dumunung 25 km sisih lèr Kutha Troyes.[9] Reims mapan ing 49,258 drajat lintang lèr lan 4,031 drajat lintang wétan.[10] Kitha ingkang paling caket kaliyan Kitha Reims inggih punika: Tinqueux ingkang tebihipun 3,01 km, Saint-Brice-Courcelles tebihipun 3,29 km, Bétheny tebihipun 3,68 km, Cormontreuil tebihipun 4,18 km, Champigny tebihipun 4,25 km, Bezannes tebihipun 5,02 km, Cernay-lès-Reims tebihipun 5,32 km, lan Thillois tebihipun 5,60 km.[10]

Géologi

Reims dumunung ing sapinggiring cekungan sédhimèn ingkang jero.[11] Ing sisih kidul wonten Pagunungan Montagne ing Reims, ingkang dados sumbering Anggur ingkang saé piyambak kanggé ndamel sampanye, ing sisih lèr-kidul wonten Pagunungan St Thierry lan ing wétan wonten Gunung Berru.[11]

Iklim

Pagunungan Kitha Reims

Iklim ing Reims punika teles kanthi iklim sagara.[12] Hawa ing kitha punika asrep ing mangsa jawah salju lan garing manawi mangsa bentèr (panas).[12] Tingkat curah jawah saben taunipun kinten-kinten 604 mm/taun.[12] Nalika wekdal mangsa bentèr ing Éropa taun 2003, rekor témperaturipun 21,3 ° C ing tanggal 13 Agustus, lan maksimum témperatur punika 39,3 °C nalika 12 Agustus.[13] Digit ingkang kapisan ing tanggal 20 Agustus 2009 kanthi suhu 21,9 °C.[13] Ngengingi cathetan jawah, dipunasilaken data 69,2 Milimèter ing tanggal 4 Juli 2006.[13] Cathetan suhu ing wulan Juni kacathet 36,7 °C, ingkang dumados tanggal 28 Juni 2011.[13][14]

Wonten ing Kitha Reims ugi wonten stasiun cuaca (watawis 11 km saking Katedral Reims), dumunung ing sisih wétan-kidul lapangan udara Prunay, Reims.[15] Stasiun Reims-Courcy (watasis 8 km saking Katedral), dumunung ing sisih lèr Reims caket kaliyan landhesan pacu saking pangkalan udara.[15]

Populasi

Tabel ing ngandhap nedahaken cacahing kang ndunungi Kitha Reims taun 1968-2007.[16]

Populasi kang ndunungi Reims taun 1968-2007
200719991990198219751968
Cacahipun183 500187 181180 620177 234178 381154 534
  • Ngéngingi dhistribusi kang ndunungi jaler lan èstri miturut umur ing Kitha Reims dipunjlèntrèhaken ing ngandhap:[16]
Dhistribusi kang ndunungi jaler lan èstri Kitha Reims miturut umur ing taun 2007
0-14 taun15-29 taun30-44 taun45-59 taun60-74 taun75-90 taun≥ 90 taun
Cacahipun (jaler)15 40526 03817 91714 8258 1844 092229
Cacahipun (èstri)14 64127 61217 94317 19410 3128 0931 013
  • Ngéngingi angka kalairan lan angka tilar donya ing Kitha Reims dipunjlèntrèhaken ing ngandhap:[16]
Angka kalairan lan tilar donya ing Kitha Reims taun 1999-2008
2008200720062005200420032002200120001999
Angka Lair2 5332 5492 4982 5972 5532 5252 6082 7982 7652 757
Angka Tilar Donya1 5161 4351 4041 4181 4711 5451 5051 4891 5011 523

Transportasi

Jinis-jinis transportasi ingkang dipun-ginakaken ing Reims inggih punika:

Transportasi Trèm

transportasi trèm

Reims punika kitha ingkang dipunyasa ing sapinggiring Prancis, dumunung ing Île-de-France, caket kaliyan nagara Bèlgi, Luksemburg lan Jerman.[17] Transportasi kapisan ing Reims dipundamel taun 1872, dipundamel kalih lajur margi, saking arah lèr-kidul lan wétan-kilèn.[18] Awit suksésipun damel margi punika saged nuwuhaken pambikaan margi-margi sanèsipun ing Kitha Reims.[18] Nanging, awit taun 1881 lan saterasipun, margi kalih lajur kalawau dipunwiyaraken malih dados sekawan lajur.[18] Panambahan punika dipun-ginakaken kanggé margi transportasi trèm turangga.[18]

Ing kawitanipun abad angka 20, ing Reims dipundamel ril kanggé trèm listrik.[18] Nalika Perang Donya Kapisan, margi trèm punika risak, lan jaringan transportasi kalawau dipunyasa malih ing taun 1920-an.[18] Bis pisanan wonten ing Kitha Reims nalika taun 1932, ingkang salajengipun saged ngirangi pangginaan trèm.[18] Trèm ingkang pungkasan dipun-ginakaken taun 1939.[18] Wekdal taun 1952, perusahaan transportasi éwah status dados Reims Perkotaan.[19] Jaringan transportasi dados ageng malih ing taun 1975 ing sadaya kitha ing dhistrik Reims; Bétheny Bezannes Cormontreuil, Saint-Brice-Courcelles lan Reims.[19] Reims ugi wiwit ngginakaken bis lan modérnisasi jaringan.[19] Sasampunipun prakawis pangginaan trèm kapisan taun 1980 boten kasil, taun 2011 transportasi trèm dipunaktifaken malih ing Reims.[19] Panjang rute-nipun 11,2 km lan dipunjangkepi kanthi 23 stasiun.[19]

Transportasi Sepur

Wonten tigang stasiun ingkang wonten ing Kitha Reims.[20] Stasiun sepur ingkang utami punika stasiun paling sepuh.[20]Stasiun sepur kapisan dipunyasa taun 1877.[20] Sapunika dipunlayani TER Champagne-Ardenne lan TER Picardie.[21] Kitha tujuan sepur kados kitha: Amiens, Cambrai, Chalons-en-Champagne, Charleville-Mézières, Château-Thierry, Dijon, Epernay, La Ferte-Milon, Métz lan Sédan.[21] Sepur TGV ugi mandheg ing stasiun TGV Champagne-Ardenne ingkang mapan ing Kitha Bezannes.[21] Stasiun Reims dumunung sacaketing griya sakit Reims.[21] Stasiun ingkang kaping tiga stasiun D'Esperey Franchet, dipunbikak ing wulan Oktober 2009, béaya damel stasiun D'Esperey Franchet punika ngantos 3,2 yuta euro.[21]

Transportasi Dirgantara

Tanggal 30 Oktober 1908 Henri Farman, saking Biplan Voisin, ndamel rintisan trasnportasi udara (dirgantara) saking kitha satunggal dhateng kitha sanèsipun, nyambungaken antawisipun kamp militér Reims Chalons-en-Champagne.[22] Ing abad angka 20 dipunyasa papan anggegana sipil kapisan ing Reims.[23] Papan anggegana punika dipuntutup tanggal 30 Juni 2006.[23] Reims taksih gadhah satunggal papan anggegana, inggih punika Papan Anggegana Prunay ingkang manggén ing sisih wétan-kidul Kitha Reims.[24]

Prakawis Pambangunan

Satunggaling griya kanthi taman ing Kitha Reims

Kitha Reims gadhah rencana ngembangaken prakawis pambangunan kanthi nglibataken tigang perusahaan arsitèktur (Christian Devillers, Bruno Fortier lan Philippe Panerai).[25] Pambangunan kutha Reims dipunrembag ing Dhéwan Pangembangan Laladan Reims kanthi pambiyantu tigang perusahaan arsitèktur kasebat ing manéka warni prakawis (perencanaan kutha, ékonomi, griya, pendhidhikan, lan transportasi).[25] Parencanaan pembangunan Reims taun 2020 dipunrencanakaken badhé nambah wiyaripun margi lan papan-papan sanèsipun kados taman, kebon, lan gréja.[11]

Ngéngingi cacahipun griya ing Kitha Reims taun 2007 wonten 95.408, kapérang saking 88.421 griya utami, 957 griya cadhangan, lan 6.030 griya kothong.[26]

  • Cacahipun griya ing Reims gadhah parincén:
    • Ingkang gadhah griya piyambak 25,1% kanggé rata-rata nasional 55,3%;
    • Ingkang nyewa punika 71,6% kanggé rata-rata nasional agengipun 39,8%;
    • Ingkang gratis punika 3,3% kanggé rata-rata nasional agengipun 4,9%;
  • Cacahipun wangunan ing Reims dhedhasar jinis wewangunan:
    • Griya: 22,3% kanggé rata-rata nasional 56,8%;
    • Apartemén: 74,4% kanggé rata-rata nasional agengipun 40,4%;[4]
    • Jinis-jinis akomodhasi: 3,3% kanggé rata-rata nasional 2,8%.[27]
    • Reims ugi dipunjangkepi kanthi 82 taman, 14 papan wisata.[4]
    • Amargi gadhah poténsi pariwisata, ing Kitha Reims kathah wangunan hotèl.[28] Kinten-kinten wonten 55 hotèl lan aréa parkir ing Kutha Reims.[28]

Papan Wisata

Musiyum

Musiyum Saint-Remi Reims.

Reims gadhah manéka warni musiyum.[29] Musiyum paling sepuh punika Musiyum Kagunan Beaux ing Reims ingkang dipundamel taun 1794.[29] Wangunan sanèsipun kados Gréja Saint-Denis dipunyasa taun 1908.[29] Biara punika taksih njagi manéka karya kagunan abad angka 15 ngantos abad angka 20.[29] Wonten ugi Musiyum Kagunan ing Champagne-Ardenne ingkang nyimpen koléksi 600 karya kagunan lukisan, fotografi, gambar vidéo, lan sanès-sanèsipun.[30]Musiyum Vergeur satunggalipun musiyum sepuh ing Reims.[31] Musiyum Vergeur gadhah koléksi awit abad angka 20, 50 koléksi lukisan karya Albert Durer, karya saking Asia abad angka 19 ingkang dipunkempalaken Hugues Krafft.[31]

Musiyum Saint-Remi Reims, satunggalipun musiyum ingkang nyimpen koléksi sajarah lan arkéologi saking Reims.[32] Musiyum Saint-Remi ing Reims mapan caket kaliyan Katedral Reims.[33] Ing musiyum Saint-Remi dipunsimpen koléksi tilaranipun Charles X.[33]

Wisata Situs Warisan Donya Reims

Ing taun 1991 Kitha Reims dipunpilih minangka kitha warisan donya déning UNESCO.[34] Bilih wangunan ing Reims ingkang mlebet warisan donya inggih punika:

  • Katedral Reims, satunggalipun karya arsitéktur Gothic ingkang dipunyasa ing abad-13.[34] Katedral punika misuwur amargi dipunanggé kanggé jumenengan raja-raja Prancis.[34] Ing katerdal punika wonten menara ingkang inggilipun 81 mèter lan wiyaripun 150 mèter.[4]
  • Pura Tau ing Reims, sadèrèngipun kanggé pura biskop agung.[34] Gedhung punika gadhah kolési reca ingkang taksih dipunjagi kanthi saé.[34]
  • Basilika Saint-Remi ing Reims.[34]

Wisata musik

Kitha Reims awit taun 1994 gadhah wangunan mligi dipun-ginakaken kanggé giyaran musik.[35] Wangunan punika ugi dipun-ginakaken kanggé sinau babagan musik, jogèd, lan téater.[35] Paling boten wonten 100 konsér ing saben taunipun.[35] Reims gadhah kalih wangunan auditorium kanthi 400 kursi ugi dipunjangkepi kanthi piranti akustik lan studiyo dansa.[35]

Ing Kitha Reims ugi wonten panggénan gedhong centre national de création musicale utawi gedhong musik nasional ingkang wiyaripun 500 m2.[36] Piranti musik ing wangunan punika kalebet salah satunggalipun piranti musik ingkang saé piyambak ing Prancis lan Éropa.[36] Tanggal 25 Fèbruari 2005 ing Kutha Reims dipunyasa La Cartonnerie kanthi wiyar 4.000 m2.[37] Wangunan punika dipun-ginakaken kanggé giyaran musik kontemporér.[37] Ing La Cartonnerie saben taunipun dipungiyaraken manéka konsér ngantos 80 konsér musik (rock, hip-hop, éléktro, lan sanèsipun).[38]

Wisata sanès

Ing Kitha Reims wonten wangunan pabukon ingkang cacahipun wonten pitu lan mapan sacaketipun Katedral Reims.[39] Salah satunggalipun, Perpustakaan Jean-Falala ingkang dipunbikak 14 Mèi 2003 gadhah wiyar 6500m² lan dipunbikak kanggé bebrayan umum.[39]Reims ugi gadhah Perpustakaan Carnegie, kalebet pabukon Kitha Reims ingkang dipunyasa kanggé panaliten.[40] Dipunwangun taun 1921 lan dipunresmékaken tanggal 10 Juni 1928 déning Présidhén Gaston Doumergue.[40]

Wangunan Opera House utawi Gedhung Opera Reims ingkang dipunyasa déning arsitèk Reims Alphonse Gosset lan dipunresmékaken ing taun 1873.[41] Sasampunipun risak ing wulan Septémber 1914 amargi Perang Donya I, wangunan punika dipunyasa malih taun 1931 kanthi dipunpandhégani arsitèk Mesh Sollier.[41] Gedhung Opera punika ngandhut kagunan wangunan gaya Art Deco kas saking Italia.[41]

Wonten wangunan punjering/pusat budaya Reims, inggih punika Gedhung Punjering Budaya Saint-Exupéry.[42] Gedhung awujud aula punika dipundamel kanggé partisipasi ing pangembangan budaya Reims.[42]

Papan Ibadah ing Reims

Ibadah Katulik

  • Katedral Notre-Dame Reims.[43]
  • Gréja St Jacques de Reims.[44]
  • Basilika Saint-remi.[45]
  • Gréja Saint Andre Maurice.[46]
  • Gréja Saint-Laurent.[47]
  • Gréja Saint-Andre.[48]
  • Kapel Notre-Dame-de-la-Paix utawi Kapel Foujita.[49]
  • Basilika Sainte-Clotilde ing Reims.[50]
  • Gréja Sante-Geneviève.[51]
  • Gréja Saint-Louis.[52]
  • Gréja Saint—Jean-Marie-Vianney.[53]
  • Gréja Saint-François d'Assise.[54]
  • Gréja Saint-Nicaise.[55]
  • Gréja Saint-Vincent de Paul.[56]
  • Gréja Saint Jean Baptiste.[57]
  • Gréja Saint-Thomas.[58]

Ibadah Yahudi

Ibadah Islam

  • Masjid El-Mansour, ing Sainte-Thérèse.[60]
  • Masjid Reims, ing Charles Roche.[61]

Unjukan lan Kulinér

Sampanye, unjukan kas Kutha Reims
biskuit Abrit-Eném, kulinér saking Reims

Reims gadhah prodhuk pinunjul saking wewengkon Ardenne.[62] Saking Ardenne dipunasilaken sampanye ingkang sampun misuwur lan kalebet sumbering ékonomi Reims.[62] Sanajan ing Reims namung wonten sakedhik kebon anggur, namung 50 hèktar kémawon.[62] Sampanye punika dipunékspor ing saben taunipun 80 yuta botol.[62] Déné perusahaan ingkang ngasilaken Sampanye ing Reims inggih punika:Henri Abele, Boizel-Canon-Lanson-Bruno Paillard, Charles De Cazanove, GH Martel, GH Mumm, Henriot, Krug, Louis Roederer, Piper-Heidsieck, Charles Heidsieck, Ruinart, Taittinger-Irroy, Veuve Clicquot, lan Vranken-Pommery.[62] Ing Kitha Reims dipunyasa gedhong utawi lembaga mligi kanggé maméran prodhuk-prodhuk sampanye.[62] Déné jinisipun sampanye ingkang dipunasilaken punika sampanye warni abrit, pethak, lan warni sekar mawar.[63] Sampanye punika dipunékspor ing saben taunipun 80 yuta botol.[62]

Dhaharan kas (kulinér) sanèsipun punika sajinis roti ingkang nama biskuit Abrit-Eném saking Reims.[4] Roti punika dipundamel kapisanan ing taun 1691 déning tukang damel roti ing Reims.[63] Biskuit Abrit-Eném saking Reims dipundamel kanthi campuran vanili.[63] Sampun dados adat ing Reims dhaharan roti/biskuit punika dipundhahar kanthi cara dipuncemplungaken ing sampanye.[63]Roti tradisi Reims kathahipun dipunwedalaken ing Griya Fossier ingkang mrodhuksi 50%.[64] Dhaharan kas Reims punika sampun dados tradisi awit abad parotengah.[65]Sanèsipun Biskuit Abrit-Eném ugi wonten Roti jaé.[66] Prodhuksi roti jaé ing Reims sampun wonten awit abad angka 16.[66] Ing wekdal samanten roti dipunwedalaken piyambak-piyambak.[66] Roti Jaé misuwur ing taun 1783 ngangos gadhah jejuluk "roti paling kinurmatan".[66] Roti jaé dipundamel saking adhonan glepung gandum, madu, kayu legi, lan jaé.[66]

Kitha Kembar

Reims gadhah kitha kembar, kados kutha:

Tiyang Misuwur

Robert Pirès, pemain bal saking Reims

Reims gadhah tokoh utawi tiyang-tiyang misuwur, kados kaserat ing ngandhap punika:

Logo Reims

Reims
  • Kalih karangan sekar kanthi pikajeng: "Allah wonten ing salebeting batos".[81]

Cathetan suku

Pranala njawi