Spesies kritis

Kritis (basa Inggris:critically endangered), iku status konsèrvasi sing dicakaké marang sawenèh spésies sing duwé risiko dhuwur bakal dadi cures ing alam utawa bakal cures ing sajeroning wektu sing ora suwé manèh.

IUCN wis dadi lembaga sing kanthi resmi lan objèktif nglasifikasèkaké status konsèrvasi siji spésies. Sajeroning pratélan sing diduwèni IUCN, saora-orané ana 3246 spésies (1665 fauna, 1575 flora, lan 6 spésies jamur, liken, lan alga) sing duwé status kritis.

Yèn siji spésies nyandhang status kritis, tegesé cacahé wis kurang banget ing habitat alami né, ana 80% sajeroning telung génerasi. IUCN ora sembrono nyimpulaké sawenèh spésies bener-bener cures, sadurungé nglebokaké menyang status kritis nganti data sing maton ngenani anané spésies mau wis ana. Kategori paling anyar wis diusulaké déning BirdLife International, yaiku "Kamungkinan Cures" kanggo mènèhi kategori status spésies mau.

Conto spésies sing kritis antarané:

  • Orangutan Sumatra (Pongo abelli)
  • Lawa Malayan Roundleaf (Hipposideros nequam)
  • Macan Sumatra (Panthera tigris sumatrae)
  • Warak jawa (Rhinoceros sondaicus)
  • Warak Sumatra (Dicerorhinus sumatrensis)
  • Unta Bactrian (Camelus bactrianus)
  • Sumatran Water Shrew (Chimarrogale sumatrana)
  • Sumatran Ground Cuckoo (Carpococcyx viridis)
  • Javanese Lapwing (Vanellus macropterus)
  • Manuk kacamata Sangihe (Zosterops nehrkorni)

Pranala njaba