Sundar Pichai

Sundar Pichai (jeneng lair Pichai Sundararajan) iku pebisnis saka Amérika Sarékat sing nduwé keturunan Indhi. Dhèwèké lair tanggal 12 Juli 1972 ing Madurai, Tamil Nadu, Indhi.[1] Saiki dhèwèké dadi kepala pejabat eksekutif (CEO) saka rong perusahaan gedhé, yaiku Alphabet lan Google.[2]

Sundar Pichai
Sundar Pichai (cropped1)
LairPichai Sundararajan
12 Juli 1972
Madurai, Tamil Nadu, Indhi
Warga nagaraAmerika
WiyataIIT Kharagpur
BojoAnjali Pichai
Wong tuwa
  • Regunatha Pichai (bapak)
  • Lakshmi Pichai (ibu)

Sundar Pichai biyen sinau tèknik mètalurgi menyang IIT Kharagpur ing kutha Kharagpur, Bengal Kulon, Indhi.[2]

Latar Wuri Kaluwarga

Sundar Pichai lair saka kaluwarga Tamil, Regunatha Pichai lan Lakshmi Pichai.[3] Nalika isih cilik ing Madras, uripe Sundar Pichai bisa diarani ora kepènak. Dhèwèké turu karo seduluré ing ruang tamu omah sing sempit, nanging bapaké, insinyur listrik ing GEC multinasional Inggris, ngerti manawa bocah-bocah kasebut éntuk pendhidhikan sing apik. Nalika isih cilik, Pichai uga duwé minat karo teknologi lan mèmori sing luar biasa, utamané kanggo nomer télpon.[1]

Pendhidhikan

  • Gelar sarjana saka IIT Kharagpur taun 1993
  • Gelar master saka Universitas Stanford taun 1995 (saka universitas iki, Pichai uga éntuk beasiswa)[1]
  • Gelar MBA saka Universitas Pennsylvania Sekolah Wharton taun 2002.[1]

Karir

Sawisé lulus saka IIT Kharagpur, Pichai langsung tumuju menyang Universitas Stanford kanggo nerusaké sinau ilmu material lan tèknik. Banjur, dhèwèké kerja dadi insinyur lan manajer produk ing Amérika. Taun 2004, dhèwèké lumebu Google banjur 11 taun sawisé iku, dhèwèké dadi kepala pejabat eksekutif (CEO).[4]

Pranala Njaba

Rujukan