Viètnam Lor

Républik Démokratik Vietnam (RDV) (basa Vietnam: Việt Nam Dân Chủ Cộng Hòa), biyasa ditepungi minangka Vietnam Lor, iku sawijining nagara kang diyasa déning Ho Chi Minh lan diakoni déning Républik Rakyat Cina lan Uni Sovyèt taun 1950. Sawisé kakalahan Prancis sajeroning Paperangan Dien Bien Phu nalika taun 1954, Prancis kanthi resmi ngakoni kadhulatan nagara mau lan nagara iku banjur kapecah dadi loro; sijiné manèh Vietnam Kidul.

Democratic Republic of Vietnam
Việt Nam Dân chủ Cộng hòa
1945–1976
Flag
Flag
Coat of arms
Coat of arms
Sesanti
Độc lập-Tự do-Hạnh phúc
(Kamardikan-kabébasan-kabungahan)
Antem
Tien Quan Ca
(Mars Tentara)
Pernahé Vietnam Lor
Lokasi Vietnam Lor
Kutha krajanHanoi
BasaVietnam
AgamaSacara resmi Ateis; Buda
PamaréntahanNagara sosialis
Nagara kuminis
Présidhèn
 • 1945–1969Hồ Chí Minh
Sekretaris Jendral
 • 1960–1986Lê Duẩn
Jaman sajarahPerang Dingin
 • Proklamasi kamardikan2 September 1945
 • Vietminh reenters Hanoi10 Oktober 1954
 • PAVN enters Saigon30 April 1975
 • Lor gabung karo Kidul mbentuk "Républik Sosialis"2 Juli 1976
Laladan
 • 1960157,880 km2 (60,960 sq mi)
Cacah wong
 • Étungan 196015.916.955 
     Pepadhetan101/km2 (261/sq mi)
 • 1974 est.23.767.300 
     Density151/km2 (390/sq mi)
Valutahđồng
Sadurungé
Sawisé
Prancis Indocina
Vietnam

Sawisé pamecahan mau, akèh warga ing Lor kang lumayu menyang Kidul, akèh-akèhé saka wong mau iku umat Katulik kang ngeklaim yèn pamaréntah Lor duwé kawicaksanan kang ora adil marang pameluk agama mau.

Ibu kutha Vietnam Lor ana ing Hanoi lan dipréntah déning papréntahan kuminis kang éntuk panyengkuyungé Uni Sovyèt lan Républik Rakyat Cina. Kaloro nagara iki mbiyantu Vietnam Lor nalika dumadiné Perang Vietnam nglawan Amérika Sarékat lan Vietnam Kidul.

Sawisé tibané pamaréntah Vietnam Kidul tanggal 30 April 1975, kaloro nagara iki kanthi resmi manunggal nalika tanggal 2 Juli 1976 dadi sawijining nagara kanthi jeneng Républik Sosialis Vietnam utawa kang racaké ditepungi minangka Vietnam.