Warren Buffett

Warren Edward Buffett (lair ing Omaha, Nebraska, Amérika Sarékat, 30 Agustus 1930; umur 93 taun) inggih punika salah satunggalipun investor, pangusaha, lan dhermawan saking Amérika Sarékat.[3] Panjenenganipun misuwur minangka salah satunggalipun investor paling sukses sadonya.[3] Panjenenganipun misuwur minangka Warren Buffett sang investor legendaris.[3] Panjenengaipun nyepeng saham utami, chairman lan CEO Berkshire Hathaway.[4] Panjenenganipun kanthi konsisten dados salah satunggalipun tiyang paling sugi sajagad raya.[5] Panjenenganipun dados tiyang paling sugih sadonya ing taun 2008 lan dados tiyang paling sugih kaping tiga ing taun 2011.[5]

Warren Buffett
Warren Buffett ngendikanjroning wulangan ing universitas (2005)
Lair (1930-08-30) Agustus 30, 1930 (umur 93)
Omaha, Nebraska, Amérika Sarékat
PakaryanChairman & CEO, Berkshire Hathaway
GajihUS$100,000
Bebathèn
resik
US$62 miliar (2008) [1]
BojoSusan Buffett (19522004),
Astrid Menks (2006-)[2]
AnakSusie Buffett,
Howard Graham Buffett,
Peter Buffett
Sana jaringanberkshirehathaway.com

Warren Buffett dipunsebat "Oracle of Omaha" utawi "Sage of Omaha" lan kawentar minangka tiyang ingkang irit sanajan sugih sanget.[6] Buffet ugi misuwur minangka dhermawan, sasampunipun janji kanggé maringi 99% kasugihanipun kanggé kasus filantropis, mliginipun kanthi liwat Yayasan Gates.[6] Panjenenganipun ugi njabat dados anggota dhewan penyantun Grinnell College.[6]

Kasugihanipun

Ing taun 2008, panjenenganipun dipunparingi déning Forbes minangka peringkat minangka tiyang paling sugih sadonya kanthi kasugihan kinten-kinten US $ 62 miliar.[6] Nalika taun 2009, sasampunipun paring sumbangan ngantos milyaran, Buffett pikantuk peringkat kaping kalih tiyang paling sugih nomer kalih ing Amérika Sarékat.[6]

Cathetan suku

Pranala njawi