Wong Amis

Wong Amis (Mandarin: 阿美族; pinyin: āměi-zú; uga diarani Ami utawa Pangcah) iku sawijining golongan ètnis Austronésia kang kalebu bangsa pribumi Taiwan. Basa kang dipituturaké ya iku basa Amis.

In taun 2014 Wong Amis cacahé ana 200.604.[1] Dadi kira-kira 37,1% utawa luwih saka sapratelu kabèh pedunung pribumi Taiwan iku Wong Amis. Dadi bangsa Amis iku bangsa pribumi kang gedhé dhéwé.

Ing dasawarsa pungkasan iki, akèh Wong Amis kang dadi èksogam lan kawin campur karo Wong Tyonghwa Taiwan Han lan uga bangsa pribumi liyané.

Jatidhiri lan klasifikasi

Gambar Wong Amis lanang wadon ing sawijining kertu pos, sadurungé Perang Donya II

Wong Amis ngarani awaké dhéwé Pangcah, kang tegesé "manungsa" utawa "wong awaké dhéwé." Nanging kepriyé waé tembung Amis luwih kerep dienggo ing Taiwan. Tembung iki dhedhasar tembung amis, kang tegesé "lor." Sajroning kalangan akadémisi durung ana konsènsus genéya jeneng "Amis" dienggo ngarani Wong Pangcah. Ana kang duwé panemu menawa Wong Puyuma kang dhisik dhéwé ngarani mengkéné, déné Pangcah dunungé saloring Wong Piyuma. Nanging ana panemu liya kang nyatakaké menawa wong-wong kang urip Tegal Taitung ngarani awaké dhéwé "Amis" amerga leluhuré sangkané saka lor. Panemu kapindho iki kacathet ing Banzoku Chōsa Hōkokusho,[2] lan nyatakaké menawa iki ayaké kang dadi sumberé apa kang diarani para ahli antropologi Falangaw Amis, ya iku Wong Amis kang saiki manggon ing Chenggong nganti tekan Tegal Taitung. Para sanak saduluré sacara génétis kang raket dhéwé iku katoné Wong Filipino.[3][4]

Miturut buku Taiwanese Aboriginal History: Amis, Wong Amis bisa dipérang dadi limang golongan:

  • Golongan Lor (dunungé ing Pategalan Chihlai/Hualien)
  • Golongan Tengah (dunungé ing kuloning Pagunungan Pasisir)
  • Golongan Pasisir (dunungé ing wétaning to the Coastal Mountains)
  • Golongan Falangaw (dunungé ing Chenggong lan Tegal Taitung)
  • Golongan Hengchun (dunungé ing Tanjung Hengchun)

Tulung diwigatèkaké menawa klasifikasi kaya mengkéné, sanadyan wis ditampa sacara akèh golongan, iku mung dhedhasar sebaran géografis waé lan migrasi ètnis. Dadi prabédan ing budaya, basa, lan fisik kang bisa diamati ora mesthi cocog.

Informasi liyané

Urusan kulawarga, kalebu urusan dhuwit iku kang mutusaké wong wadon kang tanggung jawab, sajroning tradisi Ami.Ora akèh wong kang wis tau weruh wong Amis, nanging akèh wong kang wis tau krungu Wong Amis.

Sérémoni tradhisional kang wigati dhéwé ya iku fèstival panèn. Fèstival Panèn Amis iku kanggo nuduhaké rasa matur nuwun marang para Jawata lan padha dedonga supaya wohing panèn ing taun ngarep bakal raharja manèh. Fèstival iki dianakaké antara sasi Juli tekan Sèptèmber.[5]

Pratélan Wong Amis misuwur

Tank
  • Icyang Parod, Mantri Rad Bangsa Pribumi Taiwan
  • Kawlo Iyun Pacidal, anggota Yuan Législatif
  • Sufin Siluko, anggota Yuan Législatif
  • Mayaw Dongi, Mantri Rad Bangsa Pribumi Taiwan (2013-2016)
  • Chang Chen-yue, penyanyi
  • Difang lan Igay Duana, penyanyi lanang wadon, grup duo
  • Van Fan, penyanyi, aktor
  • Jam Hsiao, penyanyi
  • Ehlo Huang, aktor lang anggota band pop 183 Club
  • Li Tai-hsiang, komposer lan panulis lagu rakyat[6]
  • Lin Chih-chieh, olahragawan
  • Show Luo, penyanyi lan aktor
  • Tank, penyanyi
  • Tseng Li-cheng, olahragawan, menang prunggu nalika Olimpiade taun 2012 (Taékwondo)
  • Chin-hui Tsao, olahragawan
  • Chen Chih-yuan, olahragawan
  • Yang Chuan-kwang, olahragawan
  • Teruo Nakamura, prajurit kalairan Taiwan saka wadyabala Dai Nippon lan prajurit pungkasan Jepang kang isih setya sawisé Perang Donya II
  • A-Lin, penyanyi lan panulis lagu
  • Suming, aktor, penyanyi lan panulis lagu. Musiké nganggo langgam Amis
  • Ilid Kaolo, penyanyi lan panulis lagu
  • Kuo Dai-chi, olahragawan (bisbol)
  • Dai-Kang Yang, olahragawan (bisbol)
  • Kuo Hsing-chun, olahragawan olimpiade (ngangkat wesi)
  • Tseng Te-Ping, penyanyi

Réferènsi