Oranye: nagara kanthi mayoritas penutur basa IEKuning: nagara kanthi siji basa IE minangka basa resmi wondene minoritas
BasawangsaBarata Éropa (Ind: rumpun bahasa Indo-Eropa) iku basawangsa sing gedhé dhéwé ing donya ditilik saka gunggung penuturé. Kurang luwih separuh saka 6 milyar wong sing ndunungi bumi duwé sawiji basa Barata Éropa minangka basa ibu. Basawangsa iki karan Barata Éropa amarga penuturé asli asal saka laladan Barata (Ind: India) lan Éropa (Ind: Eropa).
Saka 20 basa masa saiki sing gedhé dhéwé miturut gunggung penuturé, miturut SIL Ethnologue 12 ing antarané ya iku basa Barata Éropa: basa Spanyol, Inggris, Hindi, Portugis, Bengali, Rusiyah, Jerman, Marathi, Prancis, Itali, Punjabi lan Urdu. Ke-12 basa iki nyakup punjul 1,6 milyar penutur ibu.
Basawangsa iki kanggo sepisanan tinemu déning Sir William Jones.
Basa-basa Barata Éropa wis èwon taun ditulis. Basa Barata Éropa tuwa dhéwé sing katulis iku basa Hitit saka taun 1800 s.M. Déné fragmen basa kitabRgvedaSansekerta sing tuwa dhéwé kira-kira asal saka taun 1500 s.M.. Nanging ing kasus pungkasan iki, nyanyian iki nembé ditulis kira-kira taun 500. Saéngga ana budaya Sastra Kocap sadawaning paling ora 1.000 taun. Fragmen basa Ellas sing tuwa dhéwé iku sajeroning basa Misenia, lan ditulis migunakaké aksara Linear B lan asal saka kira-kira taun 1.200 s.M..