Kulawarga basa Indo-Éropa

Basawangsa Barata Éropa (Ind: rumpun bahasa Indo-Eropa) iku basawangsa sing gedhé dhéwé ing donya ditilik saka gunggung penuturé. Kurang luwih separuh saka 6 milyar wong sing ndunungi bumi duwé sawiji basa Barata Éropa minangka basa ibu. Basawangsa iki karan Barata Éropa amarga penuturé asli asal saka laladan Barata (Ind: India) lan Éropa (Ind: Eropa).

Barata Éropa
PasebaranSadurungé abad kaping 15: Éropa, Asia Kidul, Asia Tengah, lan Asia Kidulkulon. Saiki ing saindhenging donya.
Pepanthaning basaSalah sawiji basawangsa utama donya.
Turun
ISO 639-2 / 5ine
Oranye: nagara kanthi mayoritas penutur basa IE
Kuning: nagara kanthi siji basa IE minangka basa resmi wondene minoritas

Basa-basa Barata Éropa nyakup wolung subrumpun ya iku: Barata-Iran (Ind: Indo-Iran); Armeniyah; Ellas (Ind: Yunani), Albania; Italiwangsa (Italik) Keltiwangsa (Keltik); Jermanwangsa (Jermanik); lan BaltiSlawuswangsa (Balto-Slavik).

Saka 20 basa masa saiki sing gedhé dhéwé miturut gunggung penuturé, miturut SIL Ethnologue 12 ing antarané ya iku basa Barata Éropa: basa Spanyol, Inggris, Hindi, Portugis, Bengali, Rusiyah, Jerman, Marathi, Prancis, Itali, Punjabi lan Urdu. Ke-12 basa iki nyakup punjul 1,6 milyar penutur ibu.

Basawangsa iki kanggo sepisanan tinemu déning Sir William Jones.

Klasifikasi basa Indo-Éropa

Basa Barata Éropa

Proto Indo-Éropa

Basa Albania

Basa Anatolia

  • Basa Nesili †
  • Basa Luwili †
  • Basa Palaic †
  • Basa Lisia †
  • Basa Lidia †
  • Basa Karia †
  • Basa Pisidia †
  • Basa Milia †

Basa Armenia

Basa Balto-Slavik

  • Basa Baltik
    • Baltik Kulon †
      • Basa Galindia †
      • Basa Prussia kuna †
      • Basa Sudovi †
      • Basa Skalvi †
    • Baltik Wétan
      • Basa Latvi
      • basa Lituavi
      • Basa Kuronia
      • Basa Selonia †
      • Basa Semigallia
  • Basa Slavia
    • Basa Slavia timur
    • Basa Slavia Kulon
      • Basa Ceski
      • Basa Solvak
      • Basa Leci
    • Basa Slavia Kidul

Basa Indo-Iran

  • Basa Iran
    • Basa Iran wétan
      • Lor-Wétan
        • Basa Avesta †
        • Basa Skitia †
        • Basa Ossetia
        • Basa Sogdia †
        • Basa Yaghnobi
        • Basa Baktria †
      • Tenggara
        • Basa Pashtun
        • Basa Pamiri
    • Basa Iran Kulon
      • Kidul-kulon
        • Basa Saka
        • Basa Baluchi
        • Basa Gilaki
        • Basa Kurdi
        • Basa Mazanadarani
        • Basa Partia
        • Basa Talysh
        • Basa Zazaki
      • Kidul-kulon
        • Basa Farsi kuna †
        • Basa Farsi pertengahan †
        • Basa Pèrsi
        • Basa Luri
        • Basa Tat
  • Basa Indo-Arya
    • Basa Sansekerta
    • Basa Pali
    • Zona tengah
    • Zona wétan
      • Basa Angika
      • Basa Assam
      • Basa Bangla
      • Basa Bhojpuri
      • Basa Magadhi
      • basa Maithili
      • basa Oriya
    • Zona Lor
    • Zona Barat laut
      • Basa Punjabi
      • Basa Sindhi
      • Basa Khojki
      • Basa Kutchi
      • Basa Rajsthani
    • Zona Kidul
      • Basa Divehi
      • Basa Singhala
    • Zona kulon
  • Basa Nuri
    • Basa Ashkunu (Ashkun)
    • Basa Kamkata-viri (Bashgali)
    • Basa Vasi-vari (Prasuni)
    • Basa Tregami
    • Basa Kalasha-ala (Waigali)
  • Basa Dard
    • Basa Dameli
    • Basa Domaaki
    • Basa Gawar-Bati
    • Basa Kalsha-mun
    • Basa Kashmiri
    • Basa Khowar
    • Basa Kohistani
    • Basa Ningalami
    • Basa Pashayi
    • Basa Palula
    • Basa Shina
    • Basa Shumashti

Basa Jermanik

  • Basa Jermanik kulon
    • Basa Jerman tinggi
    • Basa Franconia cendhèk
    • Basa Low Jerman
      • Basa Jerman Rendah Kulon
      • Basa Jerman Rendah Wétan
        • Basa Plautdietsch
    • Basa Anglo-Frisian
  • Basa Basa Jermanik Lor
    • Scandhinavia Kulon
      • Basa Nurwègenn
        • Basa Bokmål
        • Basa Høgnorsk
        • Basa Landsmål
        • Basa Nynorsk
        • Basa Riksmål
        • Basa Vestlandsk
        • Basa Nord-Norsk
        • Nurwègen Wétan
        • Nurwègen dhataran tengah
        • Basa Trøndersk
      • Basa Èslan
      • Basa Gøtudanskt
      • Basa Pharur
      • Basa Norn †
    • East Scandhinavian
    • Basa Gutnish
        • Basa Yola
  • Basa Jermanik Wétan
    • Basa Gotik
    • Basa Gothik Krim
    • Basa Burgondia
    • Basa Vandal

Basa Italo-Keltik

  • Basa Keltik
    • Basa Keltik dharatan
      • Basa Galia
        • Basa Lepont
        • Basa Nor
        • Basa Galatia
      • Basa Celtiberia
    • Basa Keltik kapuloan
      • Basa Goidel
        • Basa Irlandia kuna
        • Basa Irlandia tengah
          • Basa Gael Irlandia
          • Basa Gael Sekotlan
          • Basa Manx
      • Basa Bretonic
        • Basa Pictish
        • Basa British
          • Basa Cumbria
          • Basa Welsh Kuno
          • Basa Breton Barat daya
  • Basa Italik

Basa Tokharia

Basa Yunani

Basa Trasia

Basa Illiria

Basa Frigia

(†-Basa mati)

Basa-basa Barata Éropa wis èwon taun ditulis. Basa Barata Éropa tuwa dhéwé sing katulis iku basa Hitit saka taun 1800 s.M. Déné fragmen basa kitab Rgveda Sansekerta sing tuwa dhéwé kira-kira asal saka taun 1500 s.M.. Nanging ing kasus pungkasan iki, nyanyian iki nembé ditulis kira-kira taun 500. Saéngga ana budaya Sastra Kocap sadawaning paling ora 1.000 taun. Fragmen basa Ellas sing tuwa dhéwé iku sajeroning basa Misenia, lan ditulis migunakaké aksara Linear B lan asal saka kira-kira taun 1.200 s.M..

Hipotésa liya

  • Basa Ellas Armeniyah
  • Basa Ellas Aryah

Uga delengen

  • Pinemuning basawangsa Barata Éropa