Jerapah

Jerapah

Conservation Dependent
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Chordata
Klas:Mammalia
Ordho:Artiodactyla
Famili:Giraffidae
Génus:Giraffa
Spésies:G. camelopardalis
Jeneng binomial
Giraffa camelopardalis
Linnaeus, 1758

Jerapah (Giraffa camelopardalis) ya iku kéwan mamalia mawa kuku genep endemik Afrika lan kalebu spésies kéwan kang paling dhuwur kang uripé ing dharat.[1] Jerapah lanang dhuwuré bisa 4,8 nganti 5,5 mèter lan boboté nganti 1.360 kilogram.[1] Nanging yèn jerapah wadon racaké luwih cendhèk lan luwih ènthèng tinimbang jerapah lanang.[1]

Jerapah isih kerabat karo menjangan lan sapi nanging saka suku kang béda, ya iku Giraffidae, kang kalebu jerapah lan kerabat paling cedhak, okapi.[1]

Jeneng spesiesé camelopardalis dijupuk saka jeneng latin, amarga dianggep blasteran onta (camel) lan macan tutul (leopard).[1] Jeneng camelopardalis digunakaké déning Plinius senior ing ensiklopedia kang ditulisé.[1] Jeneng iki uga minangka jeneng salah siji rasi lintang.[1] Jeneng "jerapah" dhéwé dijupuk saka jeneng kéwan iki ing basa Arab (الزرافة, zirafah).[1]

Habitat asliné kang kalebu wewengkon saka Chad nganti tekan Afrika Kidul.[1]

Subspesies jerapah

Habitat jerapah

Ana sanga subspesies[2] kang umum dibédakaké déning warna lan variasi pola:

  • Jerapah Somalia (G.c. reticulata) utawa Reticulated Giraffe
Bercak wernané soklat enom rada abang ana garis mubeng kang warnané putih padhang, gawé pola poligon kaya jala kang gedhé-gedhé.[2] Habitat: Wétan Kenya, Ethiopia, Somalia.[2]
  • Jerapah Angola (G.c. angolensis) utawa Smoky Giraffe
Bercak ukuran gedhé lan cilik ora aturan.[2] Habitat: Angola, Zambia.[2]
  • Jerapah Kordofan (G.c. antiquorum)
Bercak ukurané cilik, ora temata lan uga ana ing sikil pérangan njero.[2] Habitat: Sudan pérangan kulon.[2]
  • Jerapah Masai utawa Jerapah Kilimanjaro (G.c. tippelskirchi)
Bercak wangun kaya godhong anggur, warnané soklat tuwa lan pinggiré ora rata, diubengi garis warna kakuningan.[2] Habitat: Kenya pérangan tengah lan kidul, Tanzania.[2]
  • Jerapah Nubia (G.c. camelopardalis)
Bercak wanguné mèh padha kaya segi papat, warnané soklat padhang ing ndhuwuré ana warnané krèm.[2] Sikil pérangan njero lan ngisor dhengkul ora ana bercaké.[2] Habitat: pérangan wétan Sudan, lor-wétan Kongo.[2]
  • Jerapah Rothschild, uga diarani Jerapah Baringo utawa Jerapah Uganda (G.c. rothschildi)
Bercak wanguné segi papat ana gradiasi warna latar warnané krèm ing pérangan pinggiré.[2] Bercak bisa nganti tekan pérangan ngisor dhengkul.[2] Habitat: Uganda, Kenya pérangan tengah nganti wétan.[2]
  • Jerapah Thornicroft utawa Jerapah Rhodesia (G.c. thornicrofti)
Bercak wanguné kaya lintang utawa kaya godhong, nganti tekan sikil pérangan ngisor.[2] Habitat: Zambia pérangan wétan.[2]
  • Jerapah Afrika kulon utawa Jerapah Nigeria (G.c. peralta)
Bercak warna abang rada kuning nanging pucet.[2] Habitat: Chad.[2]

Cathetan sikil