Kali Tigris

kali ing Turki

Kali Tigris (basa Pèrsi Kuna: Tigr, basa Asiria Aram: Deqlath, basa Arab: دجلة, Dijla, basa Turki: Dicle; sajeroning Alkitab ingaran Hiddekel) iku kali ing Mesopotamia kang mili saka pagunungan Anatolia ing Turki nganti Irak, dawané udakara 1.900 km.

Kali Tigris
Masalah skrip: Fungsi "getImageLegend" ora ana.
Kapernah
Kahanan fisik
PungkasanéArvand Rud
Dawané1,900 km (1,150 mi)

Ètimologi

Jeneng asli ing basa Sumerian iku Idigna utawa Idigina, mbokmanawa saka *id (i)gina "banyu mili",[1] kang bisa ditafsiraké dadi "kali kang mili rikat", kosokbalèn karo kali ing sacedhaké, Kali Efrat, kang mili alon-alon amarga ngandhut luwih akèh blethok lan endhapan tinimbang Tigris. Tembung iki disilih saka basa Akkadian Idiqlat. Apa liwat serapan ing basa Pèrsi utawa langsung saka basa Akkadian, tembung iki diadhopsi déning basa Yunani dadi Tigris (kang tegesé "macan"). Ing kitab Injil Hebrew, kali iki diarani חִדֶּ֫קֶל (Ḥiddẹqel, KJV Hiddekel)

Ing basa Turki, diş tegesé untu lan uga nuduhaké kaanan "landhep". Basa Pahlavi tigr tegesé "panah", ing kulawarga basa kang padha kaya déné Pèrsi Kuna tigra- "lancip" (bandhingaké tigra-xauda), basa Pèrsi modhèren têz "landhep". Sanajan mangkono, bab iki ora nuduhaké yèn kabèh mau jeneng asli saka kali iki, nanging (kaya wangun ing basa Semitic jeneng mau) dowahi dadi tiron saka jeneng asli ing basa Sumeria. Bab iki mèmper karo jeneng saka basa Pèrsi Kali Efrat, Ufratu, kang ora duwé makna ing basa Pèrsi, nanging isih dianggep saka jeneng basa Sumeria, Purattu.

Jeneng liya kali Tigris, dipigunakaké mataun-taun déning Kakaisaran Pèrsi, ya iku Arvand Rud, tegesé Kali Arvand. Saiki jeneng Kali Arvand mau dadi jeneng basa Pèrsi kanggo patemon antara Kali Efrat lan Tigris, kang ing basa Arab diarani Shatt al-Arab.

Jeneng Kali Tigris sajeroning basa kang wigati tumrap tlatah iki:

Tigris ing sajabané Diyarbakır, Turki
BasaJeneng kanggo Tigris
AkkadianIdiqlat
Arabدجلة, Diğlä
ArmeniaՏիգրիս, Tigris
Yunaniἡ Τίγρης, -ητος, hē Tígrēs, -ētos;

ἡ, ὁ Τίγρις, -ιδος, hē, ho Tígris, -idos

Hebrewחידקל , Ḥîddeqel
HurrianAranzah[2]
KurdiDîcle
PèrsiOld Pèrsin:Tigrā; Middle Pèrsin:Tigr; Modern Pèrsin:دجله Dijle
SumeriaIdigna/Idigina
Suriahܕܩܠܬ Deqlaṯ
TurkiDicle

Uga delengen

Rujukan Alkitab Injil

Sajeroning kitab Genesis, Kali Tigris iku kali saka papat kang ana ing swarga. Nabi Daniel dikabaraké tau nampa vision(wahyu?/penampakan?), ing pinggir Kali Tigris.

Rujukan