Neymar

juru main bal-balan saka Brasil

Neymar da Silva Santos Júnior utawi asring dipunsebat Neymar (lair ing Mogi das Cruzes, São Paulo, Brasil, 5 Fèbruari 1992; umur 32 taun) inggih punika juru main bal-balan saking Brasil ingkang sapunika mapan wonten Santos FC[2]. Panjenenganipun bal-balan kanggé Brasil ing taun 2010, lan mbela timnas Brasil U-23 wonten ing Olimpiade London 2012.

Neymar
Neymar
Katerangan priangga
Jeneng dawaNeymar da Silva Santos Júnior
Dhuwur1.74 m (5 ft 8 12 in)[1]
Posisi mainPenyerang
Katerangan klub
Tim saiki
Paris Saint-Germain FC
Angka10
Karir nom
2003–2009Santos
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2009–2013Santos158(81)
2013–2017F.C. Barcelona
2017-saikiParis Saint-Germain FC
Tim nasional
2009U-17 Brasil3(1)
2011U-20 Brasil7(9)
2010–saikiBrasil15(8)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 02 Sèptèmber 2020.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 02 Sèptèmber 2020

Wekadal yuswa 19 taun, Neymar kapilih dados juwara 1 juru main bal ingkang saé piyambak ing warsa 2011, ing warsa 2010 Neymar dados juwara 3.[3] Lajeng ing warsa 2012, Neymar pikantuk juwara 1 malih. Ing warsa 2011 Neymar mlebet nominasi FIFA Ballon d'Or, lan menang FIFA Puskás.[4]

Neymar ndhèrèk tim Santos wiwit taun 2003 ing tim junior. Lajeng mlebet ing tim senior ing taun 2009. Ing warsa punika Neymar kapilih dados Pemain Nom kang paling apik ing taun 2009 Campeonato Paulista. Lajeng Neymar dados juru main ingkang saé piyambak ing Santos lan pikantuk Campeonato Paulista 2010. Sanes punika Neymar ugi dados juru main ingkang ngasilaken gol ingkang kathah piyambak ing Copa do Brasil 2010 kanthi 11 gol. Ing warsa 2010 Neymar saged damel 42 gol ing 60 tetandhingan. Lajeng ing warsa 2011 Neymar kapilih ugi dados juru main ingkang saé piyambak. Ing warsa punika ugi Santos saged menang Copa Libertadores 2011 ing wekdal punika Neymar damel 6 gol lan main kaping 13. Ing warsa 2011 ugi Neymar pikantuk bal perunggu ing 2011 FIFA Club World Cup, nalika Santos kalah saking Barcelona,

Wiwitanipun ing bal-balan

Neymar da Silva Santos, Júnior miyos ing Mogi das Cruzes, São Paulo, putra saking Neymar da Silva Sr kaliyan Nadine Santos. Piyambakipun dados pewaris nama saking ingkang rama. Ramanipun Neymar ugi mantan juru main bal-balan.[5] Neymar wiwitanipun saking futsal lan bal-balan ing margi.[6]

Wekdal warsa 1992, Neymar pindhah bebarengan kulawarga ing São Vicente, wonten ngriku piyambakipun miwiti bal-balan wonten Portuguesa Santista.[7] Lajeng, ing yuswa 2003, Neymar pindhah ing Santos, Neymar tumut ing Santos FC.[8]Saking gaji bal-bamar pikantuk gaji 10.000 reais saben sasi, ing yuswa 16, 25.000 reais saben sasi. Ing Yuswa 17, Neymar napakasmani kontrak profésional wonten Santos ugi pikantuk sponsor.[9]

Transfer ing FC Barcelona

Pemain bal saking Brasil punika pindhah saking Santos menyang FC Barcelona. Saking twitter resminipun, Barcelona ngaturaken warta bilih antawaisipun Neymar kaliyan Barcelona sampun sarujuk teken kontrak dangunipun gangsal taun.[10]

Miturut ramanipun Neymar, wonten nem tawaran saking tim-tim ageng, ingkang paling ageng saking Chelsea F.C., nanging Neymar boten mikir tim saking London mau.[10] Ingkang ndadosaken penggalihipun Neymar namung Real Madrid CF lan FC Barcelona.[10]

Prestasi

Klub

Santos

Tim junior

Neymar miwiti bal-balan mlebet tim Santos FC, ​​ingkang ngontrak wiwit 2003. Akademi bal-balan Santos sampun kasil juru main-juru main Brasil ingkang misuwur, kados Bruno Martins Coutinho, Clodoaldo , Diego Walsh, Elano lan Alex. Sanes punika kalebet Pepe, Pelé lan Robinho ugi saking Peixe. Ing akademi Neymar kepanggih kaliyan Paulo Henrique Ganso ingkang dados kanca ingkang raket.

Nalika umur 14 taun, Neymar lunga menyang Spanyol badhé mlebet Real Madrid. Wekdal punika Real nembé dipunsengkuyung déning Ronaldo, Zinedine Zidane lan Robinho. Nanging Santos dipunbayar 1 juta real supados tetep ing Santos. Neymar banjur mlebet tim Santos senior wekdal warsa 2009.

  • Campeonato Paulista(3): 2010, 2011, 2012
  • Copa do Brasil (1): 2010
  • Copa Libertadores (1): 2011
  • Recopa Sudamericana (1): 2012

Tim Nasional

Neymar ing Timnas Brasil katingal moncer sanget. Neymar sampun mlebet timnas wiwit yuswa 17 taun, mlebet ing timnas Brazil U-17. Sapunika Neymar sampun mlebet ing timnas senior.

Brazil

  • South American Youth Championship (1): 2011
  • Superclásico de las Americas (2): 2011, 2012
  • Olympic Silver Medal (1): 2012

Individu

  • Best Young Player of Campeonato Paulista (1): 2009
  • Best Forward of Campeonato Paulista (4): 2010, 2011, 2012, 2013
  • Best Forward of Campeonato Brasileiro Série A (3): 2010, 2011, 2012
  • Best player of Campeonato Paulista (4): 2010, 2011, 2012, 2013
  • Best player of South American Youth Championship (1): 2011
  • Best player of Copa Libertadores (1): 2011
  • Best player of Campeonato Brasileiro Série A (1): 2011
  • Best player of Recopa Sudamericana (1): 2012
  • Young Player of the Year (1): 2011
  • Campeonato Brasileiro Série A Championship Squad (3): 2010, 2011, 2012
  • Copa Libertadores Championship Squad (1): 2012
  • Arthur Friedenreich Award (2): 2010, 2012
  • Armando Nogueira Trophy (2): 2011, 2012
  • Golden Ball (1): 2011 – Best player in Brazilian League by magazine Placar
  • Silver Ball (2): 2010, 2011 – Best Forward in Brazilian League by magazine Placar
  • Silver Ball hors concours (1): 2012
  • Golden Boot (2): 2010, 2011, 2012 – Most goals in all competition in Brazil
  • Copa do Brasil Top scorer (1): 2010
  • South American Youth Championship Top scorer (1): 2011
  • FIFA Club World Cup Bronze Ball (1): 2011
  • South American Footballer of the Year (2): 2011, 2012
  • FIFA Puskás Award (1): 2011
  • Campeonato Paulista Top scorer (1): 2012
  • Copa Libertadores Top scorer (1): 2012

Réferènsi

Pranala njaba

Cithakan:Pemenang FIFA Puskás