Ruth Bader Ginsburg

Ruth Bader Ginsburg (lair Joan Ruth Bader; 15 Maret 1933 - 2020)[1] ya iku sawijining pokrul lan juru ukum saka Amérikah Sarékat. Dhèwèké saiki ngayahi wajib minangka Hakim Agung ing Mahkamah Agung Amérikah Sarékat. Ginsburg diangkat déning Présidhèn Bill Clinton lan ngucap sumpah jabatan ing tanggal 10 Agustus 1993. Dhèwèké minangka hakim agung wanodya kaping loro (sawisé Sandra Day O'Connor) saka patang hakim agung wanodya sajroning sajarah AS (bebarengan karo Sonia Sotomayor lan Elena Kagan, kang padha-padha isih ngayahi wajib). Sawisé O'Connor pansiyun lan Sotomayor gabung pangadilan, nuli ora ana hakim agung wanodya ing Mahkamah Agung AS kajaba namung Ginsburg. Sasuwéné iku, Ginsburg kondhang awit panemuné kang kerep gèsèh karo hakim agung liyané. Banjur dhèwèké misuwur ing kalangané pangemat ukum lan sajroning budaya populèr awit pandengané kang liberal.

Ruth Bader Ginsburg
Associate Justice of the Supreme Court
of the United States
Wiwit linggih
August 10, 1993
DitanggenahBill Clinton
Kang sadurungéByron White
Judge of the United States Court of Appeals for the District of Columbia Circuit
Linggih
June 30, 1980 – August 9, 1993
DitanggenahJimmy Carter
Kang sadurungéHarold Leventhal
Kang sawiséDavid Tatel
Rerincèn dhiri
LairJoan Ruth Bader
(1933-03-15) Maret 15, 1933 (umur 91)
Brooklyn, New York City, U.S.
SisihanMartin Ginsburg (o. 1954; died 2010)
Anak
  • Jane
  • James
WiyataCornell University (BA)
Harvard University (attended)
Columbia University (JD)
Tandha tangan

Babad urip lan pawiyatan

Ginsburg lair ing Brooklyn, New York, Amérikah Sarékat. Mbakyuné tinggal donya nalika dhèwèké isih bayi lan ibuné uga séda ora let suwé sadurungé Ginsburg lulus Pawiyatan Madya Inggil. Dhèwèké ngrampungaké S1 ing Universitas Cornell, nuli nutugaké sekolah ukum ing Universitas Harvard. Banjur Ginsburg ditransfer menyang Sekolah Ukum Columbia lan dhèwèké antuk rangking siji ing kelasé. Dhèwèké banjur nyemplung ing jagat wiyata utawa akdhemisi lan dadi profésor ing Sekolah Ukum Rutgers lan Sekolah Ukum Columbia, nuli mulang prosedhur sipil.

Karir

Sajegé urip, Ginsburg ngentèkaké sapérangan gedhé karir ukumé minangka pokrul amrih kasajajaraning gènder lan hak-hak wanodya, nuli ngasilaké sawenèh kamenangan ing Mahkamah Agung. Dhèwèké uga ngadvokasi minangka pokrul suka-lila kanggo American Civil Liberties Union, ngayahi wajib minangka anggota dhéwan dhirèksi lan minangka salah sawijining juru nasékat umum ing taun 1970-an. Nalika 1980, Présidhèn Jimmy Carter ngangkat dhèwèké ing Pangadilan Bandhing AS ing Dhistrik Columbia, sabanjuré dhèwèké diangkat ing Mahkamah Agung. Ginsburg wis nampa kawigatèn sajroning budaya populèr Amérikah jalaran dhèwèké nduwèni panemu kang liberal lan kendel. Uga dhèwèké nduwèni watak kang ora gampang mundur anggoné awèh argumèn, mula dhèwèké jejuluk "The Notorious R.B.G." kang adhedhasar saka rapper kondhang aran "The Notorious B.I.G.".[2]

Mengku jabatan ing Mahkamah Agung

Nominasi lan konfirmasi

Ing tanggal 14 Juni 1993, Présidhèn Bill Clinton ndhapuk Ginsburg minangka Hakim Mahkamah Agung kanggo nyulihi kalungguhané Hakim Byron White kang wus pansiyun. Nalika iku Ginsburg ketaman dhawuh saka Jeksa Agung AS Janet Reno[3] lan kausulaké déning Orrin Hatch sawijining Sénator Républiken asal Utah.[4] Nalika pancalonané, Ginsburg dipandeng minangka Hakim kang modhérat. Clinton kawedharaké péngin ngundhakaké pagawé ing kalungguhan MA supaya luwih manéka warna. Kalawan kaya mangkono iku, Ginsburg dadi hakim Yahudi kang sepisanan sakawit Hakim Abe Fortas mundur ing taun 1969. Ginsburg minangka hakim wanodya kaping loro sajroning sajarah AS, lan minangka hakim Yahudi kang sepisanan.[5][6][7] Dhèwèké nuli dadi hakim Yahudi kang mengku jabatan paling dawa sajroning sajarah AS.

Sasuwéné kaseksèné ing adhepané Komité Hakim Sénat Amérikah Sarékat minangka salah sawijiing pérangané sési kanggo ngrungokaké panemu, dhèwèké nulak kanggo mangsuli pitakon babagan pandengané marang konstitusionalitas saka manéka warna prakara kaya ta ukum pidana mati. Jalaran isu iku mau bakalé diadhepi nalikané tembé tinemahan ing pangadilan.[8]

Ananging Ginsburg panggah mangsuli pitakon babagan sawenèh isu kang nduwèni potènsi bakal kontrovérsial, kaya ta dhèwèké medharaké pangandelé marang hak privasi minangka hak konstitusional. Saliyané iku dhèwèké uga mratélakaké filosofi lan pamikiran yudhisial pribadiné babagan kasajajaran gènder.[9] Ginsburg uga blaka anggoné rerembugan babagan pandengané iku mau.[8] Ing tanggal 3 Agustus 1993, Sénat Amérikah Sarékat netepaké dhèwèké kanthi 96 swara bandhing 3 swara lawan.[10] Banjur dhèwèké nampa kapinijèné ing 5 Agustus 1993, lan dhèwèké ngucap sumpah jabatan ing 10 Agustus 1993.[11]

Yurisprudhènsi ing Mahkamah Agung

Ginsburg nggambaraké dhèwèké nalika ing pangadilan minangka sawijining peparekan ajudhikasi kang prayitna.[12] Ahli ukum Cass Sunstein wis mratélakaké manawa wataké Ginsburg ya iku "wong kang minimalis rasional", sawijining ahli ukum kang marsudi kanggo mangun asas kaprayitnan marang présedhèn lan ora mung nyengkuyung konstitusi amrih nggayuh pangajap pribadiné.

Pansiyuné Hakim Sandra Day O'Connor ing taun 2006, nuli ora ana hakim agung wanodya ing Mahkamah Agung AS kajaba namung Ginsburg[13], ya iku sadurungé Sonia Sotomayor piniji minangka hakim agung ing taun 2009. Linda Greenhouse saka The New York Times medharaké manawa mangsa ayahan taun 2006-2007 iku minangka "wanci kanggo Hakim Agung Ruth Bader Ginsburg merkolèhaké swara banjur dipigunakaké".[12] Wanci ayahan iki uga minangka pratandha manawa kanggo sapisanan sajroning sajarah, Ginsburg makaping-kaping medharaké prabédan panemu kalawan mitra padha-padha hakim agungé, mangkono iku minangka sawijining rerigen kang dipigunakaké kanggo mratandhani pasulayan kang luwih kerep kalawan mayoritas.[12]

Kanthi pansiyuné Hakim John Paul Stevens, banjur Ginsburg dadi anggota sénior kang kawastanan minangka "sewiwi liberal" mahkamah.[14][15][16] Nalika para hakim pecah swara kalawan 5 swara tetandhingan 4 swara, ya iku gèsèhan idhéologis lan para hakim liberal manggon sajroning swara minoritas, banjur Ginsburg kerep migunakaké wewenangé kanggo medharaké panemu kang béda (dissenting opinion) jalaran kalungguhané minangka kang luwih sénior.[17] Ginsburg uga wis nyengkuyung para pamrotès liberal kang ngucap "lumantar sak swara" lan manawa sabisané uga nekakaké peparekan kang bisa disarujuki déning sakabèhané hakim kang nduwèni panemu béda-béda.[14][15]

Rujukan