Sanjata

Sanjata (basa Indonésia: senjata) iku siji piranti utawa gaman sing dipigunakaké kanggo nyidrani, mrejaya, utawa ngajuraké siji barang. Sanjata bisa dipigunakaké kanggo nyerang utawa kanggo pertahanan, lan uga kanggo ngancam lan nglindhungi. Apa waé sing bisa dianggo ngrusak (kalebu psikologi lan awak manungsa) bisa diarani sanjata. Sanjata bisa prasaja kaya penthungan utawa komplèks kaya peluru kendhali balistik.

Jinis-jinis sanjata

Sanjata bisa dikategori sajeroning telung jinis utama: miturut sapa sing nganggo, cara panganggoné, lan apa targèté.

Sanjata ringan bisa dibawa lan dipakai wong siji saja.
Bayonet iku sanjata tajam.
Peluru kendali balistik sing ditémbakaké saka kapal selam.
Sanjata anti-tank digawé kanggo melawan kendaraan lapis baja.

Sapa sing nganggo tegesé apa/sapa sing nganggo sanjata iku:

  • Sanjata pribadi (utawa sanjata ringan) digawé kanggo dipigunakaké déning wong siji.
  • Sanjata kru luwih gedhé saka sanjata pribadi, mbutuhaké punjul wong siji.
  • Sanjata kendaraan digawé kanggo dipasang lan ditémbakaké saka kendharaan.
  • Sanjata udara digawé kanggo digawa lan dianggo déning kendharaan udara kaya pesawat lan hèlikopter.
  • Sanjata laut digawé kanggo ditémbakaké saka kapal utawa kapal silem.
  • Sanjata antariksa digawé kanggo ditémbakaké saka luar akasa.

Cara panganggoné tegesé cara pangoperasian sanjata:

  • Artileri iku sanjata sing menembakan proyektil berhulu ledak ke jarak sing sangat jauh.
  • Panahan iku sanjata sing nganggo ènergi sing diasilaké tali kanggo ngluncuraké proyèktil.
  • Rokèt migunakaké bahan kimia kanggo ngluncuraké proyektil mawa hulu ledhak.
  • Misil utawa peluru kendhali iku rokèt sing bisa dikendalèkaké sawisé diluncuraké.
  • Sanjata api migunakaké ledhakan mesiu kanggo nembakaké proyèktil.
  • Sanjata biologi migunakaké agèn biologi kaya baktèri kanggo nyerang manungsa utawa kéwan.
  • Sanjata kimia migunakaké bahan-bahan kimia kanggo nyerang lan ngracuni manungsa.
  • Sanjata ènergi migunakaké konsèntrasi ènèrgi kaya laser, listrik, suhu, utawa swara.
  • Sanjata peledhak migunakaké ledakan kanggo ngajuraké target.
  • Sanjata pembakar migunakaké bahan sing bisa ngasilaké karusakan kanthi pembakaran.
  • Sanjata landhep iku piranti sing dilandepaké kanggo dipigunakaké langsung kanggo gawé tatu awaké mungsuh.
  • Sanjata nuklir migunakaké bahan radioaktif kanggo ngasilaké fusi nuklir utawa fisi nuklir sing ngasilaké ledhakan gedhé.
  • Sanjata bunuh dhiri biasanya iku bahan peledhak sing diledhakaké déning operator, lan operatoré ora bakal slamet saka ledhakan iku.

Apa targèté tegesé sanjata sing dirancang kanggo ngajuraké benda tertentu:

  • Sanjata anti-udara iku sanjata sing dirancang kanggo ngajuraké pesawat, hèlikopter, peluru kendhali, lan barang mabur liyané.
  • Sanjata anti-personel dirancang kanggo nyerang manungsa (infanteri).
  • Sanjata anti-kapal nargètaké kapal lan kendharaan banyu liyané.
  • Sanjata anti-kapal silem digawé kanggo ngajuraké kapal silem.
  • Sanjata anti-tank digawé kanggo ngajuraké kendharaan lapis waja.
  • Sanjata mbeburu iku sanjata sing digawé kanggo ajag kéwan.
  • Sanjata pendhukung infanteri iku sanjata sing dirancang kanggo nyerang lan njurung infanteri, kaya ta mortir lan senapan mesin.

Uga delengen

Pranala njaba