Baktèri

Bakteri
Kalamangsa: Cithakan:Long fossil range
Escherichia coli, salah sawijining bakteri berbentuk batang
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain:Bacteria
Woese et al., 1990[1]
Filum[2]
  • Gram positif

Actinobacteria (G+C tinggi)
Firmicutes (G+C cendhèk)
Tenericutes (ora ana dinding)

  • Gram négatif

Aquificae
Bacteroidetes/Fibrobacteres–Chlorobi (grup FCB)
Deinococcus-Thermus
Fusobacteria
Gemmatimonadetes
Nitrospirae
Planctomycetes–Verrucomicrobia/Chlamydiae (grup PVC)
Proteobacteria
Spirochaetes
Synergistetes

  • Tidak diketahui

Acidobacteria
Chloroflexi
Chrysiogenetes
Cyanobacteria
Deferribacteres
Dictyoglomi
Thermodesulfobacteria
Thermotogae

Sinonim

Eubacteria Woese & Fox, 1977[3]

Baktèri, saka tembung Latin bacterium (jamak, bacteria), iku golongan raseksa saka organisme urip. Baktèri iku cilik banget (mikroskopik) lan akèh-akèhé unisèlular (sèl tunggal), kanthi struktur sèl sing rélatif prasaja tanpa nukleus/inti sel, cytoskeleton, lan organel liya kaya mitokondria lan kloroplas. Struktur sèl baktèri dijlentrèhaké luwih pepak sajeroning artikel ngenani prokariota, amarga baktèri minangka prokariota, kanggo mbédakaké saka organisme sing duwé sèl luwih komplèks, diarani eukariota. Jeneng "baktèri" wis ditrapaké kanggo kabèh prokariota utawa kanggo golongan gedhéné, gumantung marang panyaru ngenani gayutané.

Baktèri iku sing paling akèh saka kabèh organisme. Baktèri kasebar ing lemah, banyu, lan minangka simbiosis saka organisme liya. Akèh patogen wujud bakteri. Akèh saka baktèri, padatan ukurané mung 0,5-5 μm, sanajan ana jinis sing ukurané bisa nganti 0,3 mm ing dhiamèteré. Padatan duwé dinding sèl kaya ta kéwan lan jamur, nanging kanthi komposisi béda banget (peptidoglikan). Akèh obah nganggo flagela sing béda ing struktur saka flagela golongan liya.

Baktèri patogen

Minangka golongan bakteri parasit sing nimbulaké lelara ing manungsa, sato kéwan lan tetuwuhan.

Baktèri jalaran lelara ing manungsa:

No.Jeneng baktèriLelara sing ditimbulaké
1.Salmonella typhosaTipes
2.Shigella dysenteriaeDisentri basiler
3.Vibrio commaKolèra
4.Haemophilus influenzaInfluensa
5.Diplococcus pneumoniaePneumonia (radhang paru-paru)
6.Mycobacterium tuberculosisTBC paru-paru
7.Clostridium tetaniTétanes
8.Neiseria meningitisMeningitis (radhang selaput polo)
9.Neiseria gonorrhoeaeGonorrhaeae (kencing nanah)
10.Treponema pallidumSifilis utawa Lues utawa raja singa
11.Mycobacterium lepraeLépra (kusta)
12.Treponema pertenuePuru utawa pathèk

Baktèri jalaran lelara ing kéwan:

No.Jeneng baktèriLelara sing ditimbulaké
1.Brucella abortusBrucellosis ing sapi
2.Streptococcus agalactiaMastitis ing sapi (radang payudara)
3.Bacillus anthracisAntraks
4.Actinomyces bovisBengkak rahang ing sapi
5.Cytophaga columnarisLelara ing iwak

Baktèri jalaran lelara ing tetuwuhan:

No.Jeneng baktèriLelara sing ditimbulaké
1.Xanthomonas oryzaeNyerang pucuk wit pari
2.Xanthomonas campestrisNyerang tuwuhan kubis
3.Pseudomonas solanacaerumLelara alum sajeroning famili térong-térongan
4.Erwinia amylovoraLelara bonyok ing woh-wohan

Uga delengen

  • Bakteri kokus

Réferènsi

Pratélan pustaka

Pranala njaba