Tetuwuhan

Aksara Latin
   
Tetuwuhan
Kalamangsa: 520 Ma
O
S
D
C
P
T
K
Pg
N
Kambrium tekan saiki, nanging pirsani teks
Klasifikasi ngèlmiah
Dhomain:Eukaryota
Unranked:Archaeplastida
Karajan:Plantae
Haeckel, 1866[1]
Divisi


Alga ijo

  • Chlorophyta-alga ijo sajati
  • Charophyta-alga ijo mawa karang

Tetuwuhan dharat (Embryophyta)

  • Tetuwuhan dharat ora duwé pambuluh (lumut)
    • Marchantiophyta—lumut ati
    • Anthocerotophyta—lumut (ati) tanduk
    • Bryophyta/Musci—lumut sajati
    • †Horneophytopsida
  • Tetuwuhan mawa pambuluh (tracheophyta)
    • †Rhyniophyta
    • †Zosterophyllophyta
    • Lycopodiophyta—paku kawat
    • †Trimerophytophyta
    • Pteridophyta—paku-pakuan lan paku buntut jaran
    • †Progymnospermophyta
    • Spermatophyta (tetuwuhan wewiji)
      • †Pteridospermatophyta—paku (duwé) wiji
      • Pinophyta—tetuwuhan runjung
      • Cycadophyta—pakis haji lan kerabaté
      • Ginkgophyta—ginkgo
      • Gnetophyta—mlinjo lan kerabaté
      • Magnoliophyta—tetuwuhan ngembang

Nematophytes

Tetuwuhan iku ing èlmu Biologi tegesé titah kang kagolong Regnum Plantae, ing antarané: kabèh tetuwuhan mawa pembuluh, kang semu lan kang sajati (lumut ati, lumut, paku-pakuan uga tetuwuhan wewiji). Ing vèrsi taksonomi tetuwuhan tinentu, alga ijo uga kalebu ing karajan (regnum) iki. Tetuwuhan iku jinis titah autotrof kang mupangataké klorofil kanggo komponèn pangowah ènèrgi foton saka cahya srengéngé dadi ènèrgi kimiawi kang wujudé gula. Prosès pangalihan iki diarani prosès fotosintesis. Amarga solahé kang autotrof, tetuwuhan iku ana ing posisi angka siji ing ranté ilèn ènèrgi liwat titah (ranté panganan). Amarga warna ijo dominan banget ing anggota karajan iki, mula jeneng liya kang dianggo yaiku Viridiplantae ("tetuwuhan ijo"). Jeneng liyané yaiku Metaphyta.

Klasifikasi tetuwuhan mangsa kapungkur nglebokaké uga kabèh jinis alga lan fungi (kalebu jamur lendhir) minangka anggotané. Kritik-kritik kang muncul sabanjuré agawé fungi dipisahaké saka tetuwuhan. Sanadyan stasioner, fungi asipat saprotrof, olèh ènèrgi saka sisa-sisa bahan organik. Kajaba iku, dhindhing sèl fungi ora kasusun saka bahan kang padha karo tetuwuhan lan malahan mèmper kéwan.Sapérangan gedhé alga banjur wiwit dipisahaké saka kaanggotaan tetuwuhan amarga ora duwé diferensiasi jaringan lan ora ngembangaké klorofil minangka pigmen panangkap ènèrgi.

Panggunaan tèknik-tèknik biologi molekuler marang filogèni tetuwuhan pranyata mènèhi panyengkuyung pamisahan iki.

Dhéfinisi

Nalika sawijining tetuwuhan dikarepaké minangka grup organisme tinamtu utawa taxon, racaké tegesé salah siji konsèp. Panglompokané yaiku:

JenengLingkupKatrangan
Tetuwuhan dharat, uga ditepungi minangka Embryophyta utawa Metaphyta.Plantae sensu strictissimoGolongan iki kalebu liverworts, hornworts, mosses, lan vascular plant, lan uga fossil plants kang mèmper karo golongan iki.
Green plants – uga ditepungi minangka Viridiplantae, Viridiphyta utawa ChlorobiontaPlantae sensu strictoGolongan iki kalebu tetuwuhan dharat plus manéka golongan alga ijo, kalebu stonewort.
Archaeplastida, Plastida utawa PrimoplantaePlantae sensu latoKompok iki kalebu tetuwuhan ijo ig dhuwur plus Rhodophyta (alga abang) lan Glaucophyta (alga glaucophyte).

Cara liya yaiku liwat sawijiningcladogram, kang nuduhaké gayutan evolusionèr. Sajarah évolusi tetuwuhan durung ditata kanthi pepak, nanging salah siji kang wis ditampa yaiku.[2] Those which have been called "plants" are in bold.

Archaeplastida 

Glaucophyta (glaucophyte algae) 




Rhodophyta (alga abang) 



Viridiplantae 

Chlorophyta (péranganing alga ijo) 


Streptophyta 

streptophyte algae (péranganing alga ijo) 




Charales (stoneworts, often included 
ing alga ijo) 



land plants utawa embryophytes








groups traditionally called "algae"

Rupa

Watara 350,000 spésies saka tetuwuhan kang ana wektu iki. Taun 2004, watara 287,655 spésies wis ditepungi, ing antarané 258,650 yaiku awujud tetuwuhan ngembang, 16,000 bryophyta, 11,000 pakis lan 8,000 alga ijo.

Karagaman tetuwuhan
Golongan informalJeneng divisiJeneng umumCacahing spésies
Ganggang ijoChlorophytaganggang ijo (chlorophyta)3,800 [3]
Charophytaganggang ijo (desmids & charophytes)4,000-6,000 [4]
BryophytaMarchantiophytaliverworts6,000-8,000 [5]
Anthocerotophytahornworts100-200 [6]
Bryophytamosses12,000 [7]
PteridophytaLycopodiophytaclub mosses1,200 [8]
Pteridophytaferns, whisk ferns & horsetails11,000 [8]
Tetuwuhan wewijiCycadophytacycads160 [9]
Ginkgophytaginkgo1 [10]
Pinophytaconifers630 [8]
Gnetophytagnetophytes70 [8]
Magnoliophytaflowering plants258,650 [11]

Pirsani uga

Réferènsi

Pranala njaba

Wikibooks
Wikibooks Dichotomous Key gadhah kaca kanthi sesirah
Database botani lan vegetasi

Cithakan:Klasifikasi tetuwuhan