Wangsa Han

Wangsa Han (Hanzi: 漢朝, hanyu pinyin: Han Chao) (206 SM-220) yaiku saka telu wangsa kang paling duwé prabawa ana ing Cina ana ing sadawané sajarah Cina.[1] Wangsa iki dadi wangsa kang ngunakaké dhasar-dhasar nasionalitas Cina kanggo marisi pamanunggalan Cina saka wangsa sadurungé yaiku, Wangsa Qin.[1]

Han
Kakaisaran
206 SM–220
Pernahé Wangsa Han
Wewengkon Wangsa Han ing taun 87 SM (soklat) kanthi pos militèr (titik abang) lan protèktorat (titik ijo)
Kutha krajanChang'an
(206 SM–9, 190–195)

Luoyang
(25–190, 196)

Xuchang
(196–220)
BasaHan Kuna
AgamaTaoisme, Konfusianisme, Kapercayan tradhisional Cina
PamaréntahanMonarki
Kaisar
 • 202–195 SMLiu Bang
Mantri
 • 206–193 SMXiao He
 • Cao Can
 • 189–192Dong Zhuo
 • 208–220Cao Cao
 • 220Cao Pi
Sajarah
 • Pamadegan206 SM
 • Paperangan Gaixia; Wiwit kawasa marang Cina202 SM
 • Interupsi Wangsa Han9–23
 • Digantèkaké déning Cao Wei220
ValutahKoin tembaga
Péta prabawa Wangsa Han

Wangsa Han dhéwé diyasa déning Liu Bang, siji wong tani kang menangaké perang sadulur lawan saingané, Xiang Yu.[2] Wangsa Han iku wangsa kang paling kuwat ana ing Cina, lan amarga prabawané kang gedhé, ètnis-ètnis mayoritas ana ing Cina saikiné nyebut dhèwèké iku katurunan saka wong Han.[2]

Ana 13 kaisar kang mimpin Wangsa Han sisih Kulon (206 SM-8) lan uga ana 13 kaisar kang mimpin Wangsa Han sisih Wétan (23-220).[2] Antarané taun 8 nganti tekan taun 23 ana siji Wangsa Xin kang dadi wates antarané Wangsa Han Kulon lan Wangsa Han Wétan.[2]

Wewengkon lan struktur pamaréntahan

Sawisé ngalahaké nagari Chu, Liu Bang banjur nggabungaké nagari-nagari liyané kang ana ing Cina lan ngedegaké wangsa Han.[1]Wiwitané, Liu Bang (kaisar Gao) mbagi nagara dadi pérangan-pérangan wewengkon nagara féodhal.[1] Maksudé yaiku kanggo muasaké para pamimpin nagari kang mèlu gabung karo dhèwèké nalika ana ing perang Chu-Han.[1]

Deleng uga

  • Suku Han
  • Paperangan Chu-Han
  • Pratélan Kaisar Wangsa Han

Cathetan sikil