4 Maret

tanggal

4 Maret punika dinten ingkang kaping 63 utawi 64 ing taun wuntu miturut Kalèndher Grégorius.

Kadadosan Wigatos

  • 1621-Pamaréntah kitha Batavia dipunbentuk ing Jayakarta.
  • 1665-Wiwitan Perang Inggris-Walanda II.
  • 1789-Ing New York City, rapat Konggrès AS ingkang kaping sepindhah lan nyatakaken Konstitusi AS milai dipunpatrapaken.
  • 1877-Emile Berliner manggihaken mikrofon.
  • 1877-Balet Pyotr Ilyich Tchaikovsky, Swan Lake milai debutipun.
  • 1881-A Study in Scarlet, kisah Sherlock Holmes sepindhahn, dipunmilai.
  • 1904-Perang Ruslan-Jepang: Pasukan Ruslan ing Koréa mundur tumuju dhumateng Mansuri dipundhèrèkaken watawis 100.000 prajurit Jepang.
  • 1954-Rumah Sakit Peter Bent Brigham ing Boston ngumumaken transplantasi ginjel sepindhahan sampun kasil
  • 1961-Indonésia tumbas sanjata saking Uni Sovyet.
  • 1963-Ing Paris enem dipunukum pejah amargi nyobi mrejaya Présidhèn Charles de Gaulle.
  • 1980-Robert Mugabe dados Mahamantri kulit cemeng ingkang sepindhahan ing Zimbabwe.

Wiyosan

Séda

  • 1967-Mohammed Mossadegh, Perdhana Mantri Iran.

Riyaya

Uga delengen

3 Maret-4 Maret-5 Maret
  • Kalèndher kadadéan