Catherine Elizabeth Middleton

Catherine Élizabèth Middleton utawi Catherine, Duchess of Cambridge utawi Kate Middleton, utawi misuwur kanthi asma Kate Middleton punika garwanipun William Arthur Philip Louis.[1]

Catherine Elizabeth Middleton
LairCatherine Elizabeth Middleton
(1982-01-09) 9 Januari 1982 (umur 42)
Reading, Berkshire, Inggris
Putri Wales
BojoWilliam, Pangeran Wales
AnakPangeran George
Putri Charlotte
Pangeran Louis
Wong tuwaMichael Francis Middleton
Carole Elizabeth Middleton, née Goldsmith

Wiwit Pagesanganipun

Kate Middleton, lair 9 Januari 1982 ing Royal Berkshire Hospital Reading, Berkshire, Inggris.[2][3][4] Panjenenganipun punika putra nomer satunggal saking tigang putranipun Carole Elizabeth Middleton (lair ing Inggris taun 1955 kanthi asma asli Carole Elizabeth Goldsmith) lan Michael Francis Middleton (lair ing Inggris taun 1949).[2] Kalih tiyang sepuhipun makarya ing papan ingkang sami inggih punika ing British Airways.[5]

Sesambunganipun kaliyan Pangéran William

Kate Middleton wiwit misuwur ing donya internasional amargi kekancan ingkang langkung spésial utawi pacaran kaliyan Pangéran William.[5] Middleton lan Pangéran William pepanggihan ing taun 2001 nalikanipun taksih kuliyah ing University of St Andrews.[5]

Lamaran lan Palakriminun kaliyan Pangéran William

Ing tanggal 16 November 2010 dipunumumaken tunanganipun Kate Middleton kaliyan Pangéran William. Lajeng satunggal minggu sasampunipun punika dipunumumaken rencana tanggal lan papan kanggé pahargyan palakraminipun Kate Middleton lan Pangeran William. Tanggal 29 April 2011 pahargyan dipunlaksanakaken ing Westminer Abbey.[5]Kate Middleton lan Pangéran William nglaksanakaken palakraminipun ing dinten Jumat 29 April 2011 ing Westminster Abbey, London.[3]

Gelar Kebangsawanan

Sasampunipun dados garwanipun William Arthur Philip Louis, Kate Middleton resmi pikantuk gelar The Duchess of Cambridge.[3]

Ikon fashion

Ageman ingkang dipunagem déning Kate Middleton dados prakara ingkang narik kawigatén, lan naté kapilih minangka wanita ingkang agemanipun ingkang saé piyambak, inggih punika:

  • "Most Promising Newcomer" ("Tiyang énggalan ingkang nembé medal") déning The Daily Telegraph (2006).[6]
  • Urutan kaping 8 saking "top ten fashion icon" taunan Tatler (2007).[7]
  • Ageman ingkang saé piyambak kalawarti People (taun 2007 lan 2010).[8]

Pranala njawi

Cathetan suku