Cermé

Cermé, ceremé utawa ceremai ya iku salah sawijining wit kang wohe kecut banget.[2] Jeneng élmiyahé ya iku Phyllanthus acidus.[3] Woh kang kecut iki uga diarani mawa jeneng-jeneng liya kaya ceremoi (Acèh), crhemai (Malaysia), Karmay (Philiphina), mayom (Thailand) lan liyané.[3] Ana ing basa Inggris diarani Otaheite gooseberry, Malay gooseberry lan isih ana aran liya.[3]

Cermé
Fruits
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan:Plantae
Klad:Angiosperms
Klad:Eudicots
Klad:Rosids
Ordho:Malpighiales
Famili:Phyllanthaceae
Subfamili:Phyllanthoideae
Tribe:Phyllantheae
Génus:Phyllanthus
Spésies:P. acidus
Jeneng binomial
Phyllanthus acidus
(L.) Skeels[1]
Sinonim

Phyllanthus distichus Müll.Arg.
Cicca acida Merr.
Cicca disticha L.
Averrhoa acida L.

Wujud

Gambar Woh Cermé

Wit Cermé kelebu wit perdu utawa wit cilik kang dhuwure nganti 9 m, pange endep lan renggang.[2] Yèn didelok wit cerme arep padha karo wit blimbing wuluh.[4]

Godhong tunggal, bunder kaya endhog lan pucuke lancip, dhawane 2–7 cm, kasusun ana ing pang kaya godhong majemuk nyirip.[5]

Kembang duwé kelamin tunggal utawa ganda, wernane abang, cacahé 4, kasusun ing malai nganti 12 cm. Woh watu, bunder kang cacahé 6-8 rusuk, kuning rada putih arep padha lilin, diametere bisa nganti 2,5 cm,gumantung dhèwèkan utawa untaian.[6] Daging buah putih, kecut lan akèh banyune, ing tengahe ana inti kang atos lan wijine 4-6 iji.[4]

Manfaat

Woh Cermé kerep dipangan langsung dicampur karo gula, uyah utawa dirujak. Cermé uga kerep digawé manisan, digodhog (disetup) utawa digawé ombenan kang nyegerake.[4]Godhong kang isih nom dianggo dadi lalapan.[4]

Banyu godhogan oyot cerme minangka ngentengake lara asma lan nambani lelara kulit. Bahan penyamak uga diasilake saka kulit oyote.[5]

Wit cerme kerep ditandhur dadi iyup-iyupan utawa penghias latae lan taman. Wit iki bisa urip ing laladan tropis lan subtropis, seneng karo panggonan kang lembab nganti dhuwure kira-kira 1.000 m dpl.[5] Cermé bisa dikembangbiake mawa winih utawa stek.[5]

Panyebaran

Dikira-kira Cermé asalé saka Madagaskar.[6] Saiki cerme wis sumebar marang akèh panggonan tropis kaya ing Asia Tenggara (Vietnam, Laos, Indonesia lan Malaya pérangan lor), kepuloan-kepuloan Mauritius, Reunion lan Rodrigues ing Samodra Hindia, sarta ing Guam, Hawai lan kepuloan liya ing Samodra Pasifik.[2]

Tahun 1793, tuwuhan iki digawa menyang Jamaika saka Timor lan awet iku simebar menyang kabèh kepuloan Karibia, banjur lumebu ing Amérika tengah lan Selatan.[2]

Jinisi Kerabat

Cermé duwé kerabak karo wit malaka (Phyllanthus emblica) lan meniran (P. niruri) kaloro wit iku duwé kasiat obat.[6]

Cathetan suku