Jacques Derrida

Jacques Derrida (miyos ing El Biar, Aljazair, 15 Juli 1930-tilar donya ing Paris, Prancis, 8 Oktober 2004 ing yuswa 74 warsa) inggih punika salah satunggalipun filsuf Prancis ingkang dipunanggep minangka pangusung téma dékonstruksi wonten ing filsafat postmodhèrn.[1][2]Pamikiranipun ugi dipunpratélakaken kanthi filsafat basa.[1] Wonten ing seratanipun Christopher Norris ingkang irah-irahanipun Derrida (1987), Norris gadhah asumsi bilih filosofi Derrida mliginipun bab seratan.[1]

Jacques Derrida

Pagesanganipun

Jacques Derrida miyos ing Aljazair nalika tangggal 15 Juli 1930.[1] Ing warsa 1949 panjenenganipun pindhah dhateng nagari Prancis, lan ing Prancis panjenenganipun manggèn ngantos tilar donya.[1] Panjenenganipun mucal ing École Normale Supérieure ing kitha Paris.[1] Tiyang sepuhipun ingkang asma Aimé Derrida lan Georgette Sultana Esther Safar, palakrami ing warsa 1923 lan pindhah dhateng St.Agustinus ing Aljazair nalika warsa 1925.[1] Ing taun ingkang sami Rene Derrida (putrinipun Aimé lan Georgette) miyos lan sekawan taun salajengipun Paul Derrida (rayinipun Rene) miyos.[1] Nanging tigang wulan sasampunipun Paul tilar donya.[1] Nalika warsa 1930 Jackie Derrida miyos.[1] Ing wekdal salajengipun panjenenganipun nyebat kanthi sesebatan "Jacques".[1] Sadangunipun gesang, panjenenganipun tansah cubriya mbokbilih panjenenganipun namung dados panggantosipun kangmasipun, Paul.[1] Derrida kalebet trah Yahudi.[1] Panjenenganipun naté pikantuk kanugrahan doctor honoris causa ing Universitas Cambridge.[1] Nalika tanggal 9 Oktober 2004, panjenenganipun tilar donya ing yuswa 74 warsa amargi gerah kanker.[1]

Cathetan suku

Pranala njawi