Joanne Kathleen Rowling

Joanne Kathleen Rowling utawi J.K Rowling ya iku salah sawijiné pengarang novèl saka nagara Inggris.[1] Joanne Kathleen Rowling lair ing sasi Juli taun 1965.[2] Luwih tepaté tanggal 31 Juli 1965, Chipping Sodury, cedhak Bristol Inggris.[3]

Joanne Kathleen Rowling
LairJoanne Rowling
(1965-07-31) 31 Juli 1965 (umur 58)
Yate, South Gloucestershire, Inggris
PakaryaNovelis
BangsaKarajan Manunggal
Situs jaringan
http://www.jkrowling.com

Pendhidhikan

Rowling sekolah ana ing SD Tutshill.[2] J.K Rowling ya iku bocah kang menengan, aneh, cupet pikiré lan ora patiya apik ing ulah raga.[2] Sawisé lulus sekolah, Rowling neruské ana ing University of Exeter ing Devon.[2] Dhèwèké sinau basa Perancis.[2] Wong tuwané duwé gegayuhan yèn besok Rowling bakal dadi sekretaris bilingual utawa loro basa.[2]

Miwiti Karir

Sawisé lulus saka University of Exter, Rowling nyoba dadi juru tulis(sekretaris), nanging dhèwèké gagal dadi sekretaris sing apik.[4] Sawisé iku, Rowling pindah ana ing Portugal ing taun 1990 kanggo ngajar basa Inggris.[5] Ana ing kana, Dhèwèké nikah karo wartawan Portugis.[5] Jenengé ya iku Jorge Arantes ing taun 1992.[4] Rowling nglairna anak kang pisanan ing tanggal 27 Juli 1993 sing dijenengi Jessica Isabel.[4] Sawisé pegat, Rowling pindah ing Edinburg karo anaké.[5] Dhèwèké duwèni masalah keuangan sawisé pegat.[4] Mula, dhèwèké nyoba nulis novèl.[4] Novèl kang kawiwitan ditulis ya iku, Harry Potter.[4] Sadurungé, akèh perusahaan percetakan kang nolak, nanging saiki novèl Harry Potter dadi novèl kang populèr ing donya.[4]

Cathetan suku