Kulawarga basa Formosa

Kulawarga basa Formosa iku basa-basa sing dienggo ing gunemané wong asli Taiwan. Wong asli Taiwan (sing diakoni déning pamaréntah) cacahé ana 2,3% saka sakèhé sing ndunungi Taiwan. Sing bisa mituturaké basa asliné luwih sithik saka cacah iku sabubaré awit wis padha salin basa suwéné pirang-pirang abad. Kira-kira basa asli Taiwan cacahé ana 26. Saorané, ana sepuluh sing wis sirna, déné papat (utawa lima) liyané statusé mèh sirna,[2][3] lan liyané statusé ing sajeroné bebaya.

Formosa
ÈtnisWong asli Taiwan
PasebaranTaiwan
Pepanthaning basaAustronésia
  • Formosa
Turun
  • Rukai
  • Puyuma
  • Tsou
  • Tsou Kidul
  • Laladan Kulon
  • Formosa Lor Kulon
  • Atayalik
  • Formosa Wétan
  • Bunun
  • Paiwan
ISO 639-5:fox
GlottologOra ana
{{{mapalt}}}
Kulawarga basa Formosa sadurungé kena migrasi bangsa Cina, per Masalah skrip: Fungsi "harvard_core" ora ana.. Malayo-Polinésia (abang) kalebu ing Formosa Wétan (wungu). Kudu dingertèni yèn babagan putih ing lor-kulon nagara iki ora ateges yèn wong asli Taiwan ora ana babar pisan ing laladan iku. Ing sumber abasa Cina,[1] wewengkon iki kacathet minangka wewengkoné golongan wong Pingpu (kaya ta wong Kulon), déné golongan wong liyané (kaya ta wong Taokas) digambar rada béda saka sing katon ana ing petha ing dhuwur.

Basa-basa asli Taiwan duwé sujarah sing padha amarga Taiwan dianggep dadi panggon mula bukané kabèh basa ing kulawarga basa Austronésia. Miturut ahli basa Robert Blust, basa-basa Formosa iki cawang sanga saka sepuluh cawang pokok ing kulawarga basa Austronésia[4], sawatara cawang siji liyané nurunaké mèh 1.200 basa ing kulawarga Malayo-Polinésia ing sajabané Taiwan.[5] Sanajan ana ahli basa sing ora sarujuk karo apa sing ditaliti Blust, akèh-akèhé ahli basa sarujuk yèn basa-basa saka kulawarga Austronésia iku asalé saka Taiwan.[6] Téyori iki uga dikuwataké déning kajian anyar ing génetika populasi manungsa, sing uga nguwataké sipat garis ibu ing migrasi manungsa.[7]

Rujukan