Leonardo DiCaprio

Leonardo Wilhelm DiCaprio ya iku aktor saka Amérika Sarékat lan prodhuser filem.[1] Dhèwèké dadi nominasi kanggo Golden Globe Award ping wolu mawa aktor, lan menangaké Golden Globe Award kanggo Aktor paling apik ing filemé The Aviator rikala taun 2004.[1] Dhèwèké uga tau dinominasikaké déning Academiy Award, Screen Actors Guild, Satellite Awards, lan British Academy of Arts Film lan Televisi.[1]Leonardo lair ing Los Angeles, California, Amérika Sarékat tanggal 11 November 1974.[1] Dhèwèké miwiti karir artisé mawa dadi bintang iklan ing TV, sadurungé éntuk peran ing serial TV kaya sinétron Santa Barbara lan sitkom Growing Pains ing taun 1990-an.[2] Dhèwèké miwiti maén ing the comedic sci-fi horror filem Critters 3 (1991) lan éntuk kritik rikala maén ing This Boy's Life (1993). DiCaprio diakoni dadi aktor kang apik rikala nyengkuyung ing filem What's Eating Gilbert Grape (1993) lan Marvin's Room (1996), sarta dadi paraga baku ing Basketball Diaries (1995) lan Romeo + Juliet (1996), sadurungé misuwur mawa internasional ing filemé Cameron, Titanic(filem 1997).[2]Wiwit 2000-an, DiCaprio wis tau dinominasikaké kanggo penghargaan filem gaweané Catch Me If You Can (2002), Gangs of New York (2002), The Aviator (2004), Blood Diamond (2006), The Departed (2006), lan Revolutionary Road (2008).[2] Filme Shutter Island (2010) lan Inception (2010) kang dadi filem paling suksès lan éntuk bati gedhé dhéwé.[2] Dhèwèké uga duwé perusahaan produksi kang jenengé Appian Way Productions kang wis ngasilaké filem Gardener of Eden (2007) lan Orphan (2009).[2] Dicaprio dadi pamenang piala Oscar babagan paraga taun 2016.

Leonardo DiCaprio

Filmografi

TahunJudhulPerananCathetan
1991Critters 3Josh
1992Poison IvyGuy
1993This Boy's LifeTobias "Toby" Wolff
What's Eating Gilbert GrapeArnie GrapeAcademy Award sing kasiji lan nominasi Golden Globe umur 19 taun
1995The Quick and The DeadFee Herod "The Kid"
The Basketball DiariesJim Carroll
Total EclipseArthur Rimbaud
1996Romeo + JulietRomeo Montague
Marvin's RoomHankNominasi SAG kanggo Ensemble paling apik
1997TitanicJack DawsonNominasi kanggo Aktor Drama Terbaik Golden Globe 1998 lan 2 SAG Awards; Film iki menang 11 Academy Awards
1998The Man in the Iron MaskKing Louis XIV/Philippe
CelebrityBrandon Darrow
2000The BeachRichard Fischer
2001Don's PlumDerek
2002Catch Me If You CanFrank William Abagnale Jr.Nominasi kanggo Aktor Drama Terbaik ing Golden Globe 2003
Gangs of New YorkAmsterdam Vallon
2004The AviatorHoward HughesNominasi kanggo Aktor Terbaik Academy Award 2005 dan 2 SAG Award; menang Golden Globe.
2006Blood DiamondDanny ArcherNominasi kanggo Aktor Terbaik ing 2007 Academy Award, Golden Globe dan SAG Awards
The DepartedWilliam "Billy" Costigan Jr.Nominasi kanggo Aktor Drama Terbaik ing 2007 Golden Globe lan 2 SAG Awards (Aktor Pendukung Terbaik lan Best Ensemble)
2007The 11th HourNarator/Produser
2008Body of LiesRoger Ferris
Revolutionary RoadFrank Wheelerrilis. 26 Dhésèmber 2008
2009Shutter IslandEdward "Teddy" Daniels
AkiraProducerdiumumkan; sebagai Produser
The Chancellor ManuscriptPeter Chancellordiumumkan
The Rise of Theodore RooseveltTheodore Rooseveltdiumumkan
Brave New WorldJohn The Savagediumumkan
2010InceptionDom CobbNominasi kanggo Aktor Drama Terbaik ing Golden Globe 2011
Hubble 3DNarator
2011J. EdgarJ. Edgar HooverNominasi kanggo Aktor Drama Terbaik ing Golden Globe 2012
2012Django UnchainedCalvin Candie
2013The Great GatsbyJay Gatsby
The Wolf of Wall StreetJordan BelfortAktor Komedi Terbaik ing Golden Globe lan nominasi kanggo Academy Awards 2014
2015The RevenantHugh Glass

Cathetan suku