Luis Suárez

Luis Alberto Suárez Díaz (pangucap cara Spanyol: [ˈlwis ˈswaɾes] lair ing Salto, Uruguay, 24 Januari 1987; umur 37 taun) utawi misuwur kanthi asma Luis Suárez inggih punika satunggaling juru main bal bal-balan Uruguay ingkang main ing posisi striker kanggé klub FC Barcelona lan ugi mbéla tim nasional Uruguay.[3]Luis Suárez dipunanggep minangka salah setunggalipun striker ingkang saé piyambak sadonya.[4] Suarez sampun menangaken kalih piala Sepatu Emas Eropa, lan dipunanggep minangka juru main bal nomer tiga ingkang saé piyambak ing donya déning médhiya Guardian ing taun 2016.[4] Ing sadanguning kariripun, Suarez ugi sampun kasil pikantuk 14 trofi, kalebet Liga Champion lan Copa Amerika.[4] Luis Suárez ing kariripun dados pemain bal anggadhahi peparab aran El Pistoléro utawi menawi dipunterjemahaken sang juru tembak, bab kasebut jalaran menawi sasampunipun kasil damel gol, sélébrasinipun Suárez mèmper tiyang kang nembe nyekel pistul utawi bedhil.

Luis Suárez
Suárez ing Barcelona vs Real Betis taun 2019
Katerangan priangga
Jeneng dawaLuis Alberto Suárez Díaz[1]
Tanggal lair (1987-01-24) 24 Januari 1987 (umur 37)[1]
Papan lairSalto, Uruguay
Dhuwur1.82 m (6 ft 0 in)[2]
Posisi mainStriker
Katerangan klub
Tim saiki
Atlético Madrid
Angka9
Karir nom
2003–2005Nacional
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2005–2006Nacional27(10)
2006–2007Groningen29(10)
2007–2011Ajax110(81)
2011–2014Liverpool110(69)
2014–2020Barcelona111(95)
2020-saikiAtlético Madrid4(3)
Tim nasional
2006–2007Uruguay U204(2)
2012Uruguay U234(3)
2007–Uruguay95(49)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23 December 2017.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 11 October 2017

Taun 2006, Suárez pindhah dhateng Walanda kanggé main ing klub Groningen ing Eredivisie. Suárez dipuntransfer dhateng Ajax ing taun 2007.[5] Taun 2008-2009 Suárez dados Ajax Player of The Year. Taun salajengipun, Suárez njabat dados kaptèn klub, dados top skorer liga kanthi 35 gol ing 33 pertandhingan, lan menangaken Dutch Footballer of the Year.[5] Suárez nyithak 49 gol ing sedaya kompetisi lan Ajax menangaken Piala KNVB.[5] Taun mangsa 2010-2011, Suárez nyithak setunggal gol kanggé njangkepi 100 gol kanggé Ajax, saéngga mlebet ing kelompok juru main kalebet Johan Cruyff, Marco van Basten lan Dennis Bergkamp.[5]

Jroning Angka

Klub

Panampilan lan gol adhedhsar klub, mangsa lan kompetisi
KlubMangsaLigaPiyala NasionalPiyala LigaBawanaLiyanéGunggung
DhivisiPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Nacional2005–06Primera División271030423412
Groningen2006–07Eredivisie29102121433715
Ajax2007–08Eredivisie33173241424422
2008–09Eredivisie3122211054328
2009–10Eredivisie333568964849
2010–11Eredivisie1371194102412
Gunggung110811212321652159111
Liverpool2010–11Liga Primèr Inggris134000000134
2011–12Liga Primèr Inggris311143433917
2012–13Liga Primèr Inggris33232211844430
2013–14Liga Primèr Inggris333130103731
Gunggung1106995648413382
Barcelona2014–15La Liga2716621074325
2015–16La Liga35404598565359
2016–17La Liga35296493115137
2017–18La Liga332565101205131
2018–19La Liga332153101104925
2019–20La Liga28160075103621
Gunggung19114727195525107283198
Atlético Madrid2020–21La Liga43000043
Gunggung karir471320503764100462314650421

Nagara

Panampilan lan gol adhedhasar tim nasional lan taun
Tim NasionalTaunPanampilanGol
Uruguay200762
2008104
2009123
2010117
20111310
201284
2013169
201465
201683
201752
2018116
201974
202023
Gunggung11562

Pranala njawi

Luiz Suarez

Rujukan