Newcastle upon Tyne

Kanggo kagunan liya, delengen Newcastle.

Newcastle upon Tyne (biyasa disingkat Newcastle), iku kutha lan dhistrik metropolitan ing Tyne and Wear, Inggris. Kutha iki duwé populasi 269.500 jiwa (2004). Sanajan mangkono, tangga paling cerak, North Tyneside (kanthi populasi 190.000), South Tyneside (populasi 150.000) lan Gateshead (populasi 200.000) silih gegandhèngan kenceng, lan asring dianggep péranganing kutha Newcastle. Kapapat wewengkon iki, bebarengan karo kutha Sunderland (populasi 270.000), mbentuk wewengkon metropolitan county Tyne & Wear.

Kutha Newcastle upon Tyne
Newcastle
Metropolitan borough & City
Newcastle Quayside & River Tyne viewed from Gateshead
Newcastle Quayside & River Tyne viewed from Gateshead
Official logo of Kutha Newcastle upon Tyne
Coat of Arms of the City Council
Peparab: The Toon
Sesanti: "Fortiter Defendit Triumphans" "Triumphing by brave defence"
Newcastle upon Tyne shown within England
Newcastle upon Tyne shown within England
Sovereign stateUnited Kingdom
Constituent countryEngland
RegionNorth East England
Ceremonial countyTyne and Wear
Admin HQNewcastle City Centre
Founded2nd century
Town charterHenry II
County Corporate1400
City status1882
Pamaréntahan
 • JinisMetropolitan borough, City
 • Governing bodyNewcastle City Council
 • Lord MayorCouncillor Michael Cookson
Laladan
 • Metropolitan borough & City44 sq mi (113 km2)
Cacah warga (2011 est.)[1]
 • Metropolitan borough & City292,200 ([[List of English districts by population|Ranked Cithakan:EnglishDistrictRank]])
 • Métro879,996 (Tyneside)
1,093,400 (Tyne and Wear)
1,650,000 (Tyne and Wear City Region)
Zona wektuGreenwich Mean Time (UTC+0)
PostcodeNE
Kodhe laladan0191
ISO 3166-2GB-NET
ONS code00CJ
OS grid referenceNZ249645
NUTS 3UKC22
DemonymGeordie, Novocastrian
Situs wèbwww.newcastle.gov.uk
Papan Newcastle upon Tyne ing Inggris

Miturut sajarahé, wong kang asalé Newcastle karan kanthi formal, mligi déning wong njaba minangka Novocastrians. Nanging, sebutan Geordie luwih akèh dipigunakaké saiki minangka sebutan informal lan akrab kanggo kang ndunungi Newcastle, saliyané uga dipigunakaké kanggo nyebut wong Tyneside kanthi umum. Wong-wong kang manggon ing kawasan North East (lor-wétan Inggris) ora perduli yèn diundang Geordies, nanging wong njaba racaké ora mbédakaké, lan nyebut kabèh laladan iku minangka Geordieland.

Warga misuwur

  • Admiral Lord Cuthbert Collingwood (1748-1810), wakil Admiral Lord Horatio Nelson ing Trafalgar
  • Charles Grey, 2nd Earl Grey of Howick (1764-1845), Mahamantri Inggris (1830-1834)
  • George Stephenson, panemu lokomotif uwab lan lampu bebaya
  • Robert Stephenson, anaké George Stephenson lan nemu lokomotif uwab bebarengan bapané
  • Gordon Sumner (Sting), mantan vokalis lan juru main bass The Police
  • Andy Taylor, juru main bass grup musik Duran Duran
  • Jack Charlton, juru main tim nasional Inggris lan klub Newcastle United
  • Bobby Charlton, kaptèn tim nasional Inggris nalika njawarani Piala Donya 1966 lan juru main klub Newcastle United
  • Jackie Milburn (1924-1988), juru main tim Newcastle United
  • Paul 'Gazza' Gascoigne, striker tim nasional Inggris
  • Peter Beardsley, juru main tim nasional Inggris
  • Alan Shearer, kaptèn tim nasional Inggris lan juru main klub Newcastle United
  • Patrick Kluivert, kaptèn tim nasional Walanda lan juru main klub Newcastle United
  • Michael Owen, striker tim nasional Inggris lan juru main klub Newcastle United

Kutha kembar

Pranala njaba

Cathetan suku