Penyakit Lyme

lelaran nulari kang disebabaké bakteri Borellia

Penyakit Lyme (Lyme disease) ya iku salah sawijining lelara nular tumrap manungsa lan kéwan lumantar tuma.[1] Penyakit iki dijenengi Lyme saka tembung Old Lyme, sawijining kutha ing Connecticut amarga lelara iki wiwitan saka kéné.[1] Penyakit iki disebabaké déning Borrelia burgdoferi, baktèri saka golongan Spirochetes, lan disebaraké déning tuma Ixodes scapularis.[1] Tuma iki lumrahé ngisep getih manuk, kéwan ingon-ingonan, kéwan alasan, lan uga manungsa.[1] Ing Amérika, lelara Lyme ora mung ditularaké déning tuma kutu Ixodes scapularis, nanging uga déning tikus lan tuma Ixodes paficius.[1] ing Éropah, spésies Borrelia liyané ya iku B. garinii uga bisa njalari lelara kanthi tandha-tandha kang mèmper karo lelara Lyme.[2] Panularan penyait iki ing tlatah Éropah ditindakaké déning vèktor wujud tuma.[1] ricinus.[2] ing tlatah Asia, lelara Lyme disebabaké déning B. afzelii lumantar I. persulcatus.[3] Lumrahé bisa diarani manawa distribusi lelara iki jembar lan ditransmisikan ing manungsa lumantar golongan Borrelia lan jinis-kening tuma kang bedha spesiesé, gumantung ing wewengkoné dhéwé-dhéwé.[2] Sel B. burgdorferi ditransmisèkaké ing manngsa nalika tuma mau lagi nyedot getihé manungsa.[4]

Tandha-tandha erythema migrans ing penderita lelara Lyme.

Cathetan suku