Riyal Saudi

Riyal (Arab: ريال‎‎ Riyāl, ISO 4217 kode: SAR) punika dhuwit saka Kerajaan Arab Saudi. Asring dicekak ر.س utawa SR (Saudi Riyal). Itungan iki dipérang dadi 100 Halala (Arab: هللة‎‎ Halalah). Siji Ghirsh iku padha karo limang Halala.

Sujarah

Riyal wis dadi mata uang kang digunakake déning Arab Saudi wiwit krajan negara iki diadegaké lan mata uang saka Hijaz sadurungé Arab Saudi iki kawangun. Riyal Hijaz riyal iki digawé dhedhasar (sanadyan ora padha) Koin Ottoman 20 kuruş lan banjur dipérang dadi 20 ghirsh.

Panulisan latin luwih asring nggunakaké "ghirsh" tinimbang "qirsh". Iki nuduhaké carané ngecapaké ing Arab Saudi, sanadyan ing tulisan Arab nggunakaké قرش.

Ing taun 1960-an, sistem iki diganti dadi 20 ghirsh = 1 riyal lan sistem iki dianggo ing taun 1963 kanthi pengenalan pecahan "halala", kang nilaine 1/100 riyal.

Koin

Ing taun 1925, koin tembaga transisional kanggo 1/4 lan 1/2 qirsh (ing swenèh bagéan negara, dipocapaké girsh) dicetak ing Makkah déning Ibn Saud. Ing taun 1926, koin 1/4, 1/2 lan 1 potongan cupro-nikel qirsh dicetak lan diwenèhi jeneng "Raja Hijaz lan Sultan Nejd".

Ing taun 1927, gelar kerajaan diowah dadi "Raja Hijaz, Nejd, lan depedensi" lan koin dicetak ing bentuk 1/4, 1/2 lan 1 qirsh nganggo cupro-nikel lan 1/4, 1/ 2 lan 1 riyal nganggo slaka.

Ing taun 1935, koin kapisan didum kanthi jeneng Arab Saudi. wujudé koin slaka kanthi nilai 1/4, 1/2 dan 1 riyal kang arep 50% luwih enteng daripada cetakan sadurungé. Cupro-nikel 1/4, 1/2 dan 1 qirsh diedarke taun 1937. Ing taun 1946 (AH 1365), akèh koin cupro-nikel diimbangi kanthi angka Arab 65 kang karo Krause lan Mishler digambarke sebagai "sawijining langkah kanggo medhot monopoli penukar dhuwit nganggo dhuwit koin." Cupro-nikel 2 dan 4 qirsh ditepungaké ing 1957.

Ing taun 1963, pamaréntah nepangaké halala dhumateng masarakat. Saliyané iku, pamaréntah uga nyétak dhuwit 1 halala. Ing taun 1972, pamaréntah nyétak manèh koin kupro-nikel 5, 10, 25 lan 50 halala, ditulis kanthi wujud ghir utawa riyal (1, 2 qirsh, 1/4, 1/2 riyal). Ing taun 1976, koin kupro-nikel sariyal didum, dinilai 100 halala. Koin bimetalik sariyal (100 halala), didum ing tahun 1999.

Séri anyar koin 1, 5, 10, 25, lan 50 halala lan koin bimetalik 1 lan 2 riyal didum ing taun 2016.

Cétakan Dhuwit

Seri 5

Dhuwit kertas riyal Saudi (seri 5)[1]
GambarNilaiUkuranWerna UtamaDheskripsiTaun DumTanggal DumTetenger-banyu
Sisih NgarepSisih Mburi
[1]1 riyal133 x 63 mmIjo terangkoin dinar abad kapitu; Raja Abdullah Bin Abdul-Aziz al-SaudKantor pusat SAMA200721 Desember 2007Raja Abdullah Bin Abdul Aziz al-Saud, electrotype 1, Pilar
[2]5 riyal145 x 66 mmUnguKilang Minyak Ras Tanorah; Raja Abdullah Bin Abdul-Aziz al-SaudTerminal muat Ras Tanorah, Bandar Jubayl ing Wilayah Timur2007Juli 2007Raja Abdullah Bin Abdul Aziz al-Saud, electrotype 5, Pilar
[3]10 riyal150 x 68 mmCoklatDaleme Raja ing Almoraba; Raja Abdullah Bin Abdul-Aziz al-SaudKing Abdul Aziz Historical Center, Riyadh2007Juli 2007Raja Abdullah Bin Abdul Aziz al-Saud, electrotype 10, Pilar
[4]50 riyal155 x 70 mmIjo tuwaDome of the Rock ing Jerusalem ; Raja Abdullah Bin Abdul-Aziz al-SaudMesjid Al-Aqsa ing Jerusalem200721 Mei 2007Raja Abdullah Bin Abdul Aziz al-Saud, electrotype 50, Pilar
[5]100 riyal160 x 72 mmAbangKubah ijo Mesjid Nabawi ing Medinah; Raja Abdullah Bin Abdul-Aziz al-SaudMesjid Nabawi200721 Mei 2007Raja Abdullah Bin Abdul Aziz al-Saud, electrotype 100, Pilar
[6]500 riyal166 x 74 mmBiruKa'bah ing Mekah; Raja Abdulaziz Al SaudMasjidil Karam ing Mekah2007September 2007Raja Abdulaziz Al Saud, electrotype 500, Pilar

Seri 6 (Seri 2016)

Otoritas Moneter Arab Saudi nepungaké séri dhuwit kertas anyar kanthi gambar Raja Salman ing dhuwit kertas 5 nganti 100 riyal, lan gambar Raja Abdulaziz Al Saud ing dhuwit kertas 500 riyal.[2]

Dhuwit Kertas Riyal Saudi Cetakan kaping Enem[3]
GambarNilaiUkuranWerna UtamaDheskripsiTahun CétakTanggal DumTetenger-banyu
Sisih NgarepSisih Mburi
[4]5 riyal145×

66 mm

UnguKilang Minyak; Raja SalmanTaman Kembang201626 Desember 2016Raja Salman lan electrotype 5
[5]10 riyal150×

68 mm

CoklatBenteng; Raja SalmanPamandangan Udara Riyadh201626 Desember 2016Raja Salman lan electrotype 10
[6]50 riyal155×

70 mm

IjoDome of the Rock ing Jerusalem; Raja SalmanMesjid Al-Aqsa ing Jerusalem201626 Desember 2016Raja Salman lan electrotype 50
[7]100 riyal160×

72 mm

AbangKubah Ijo Mesjid Nabawi; Raja SalmanMesjid Nabawi201626 Desember 2016Raja Salman lan electrotype 100
[8]500 riyal166×

74 mm

BiruKa'bah ing Mekah; Raja Abdulaziz Al SaudMasjidil Karam ing Mekah201626 Desember 2016Raja Abdulaziz Al Saud lan electrotype 500

Nilai Tukar

Wiwit Juni 1986, IMF wis nyetel nilai tukar tetep kanggo riyal ya iku, 1 Dollar A S = 3,75 riyal, kang tegesé 1 riyal = 0.266667 dolar.[9][10] Nilai tukar iki resmi dibukak wiwit tanggal 1 Januari 2003.

Waca uga

  • Riyal Hijaz
  • Ekonomi Saudi Arabia

Referensi

Pranala njaba