Susu kedhelé

Susu kedelai (Hanzi: 豆漿; 豆奶) ya iku ombèn-ombenan kang digawé saka kedelai awarna putih.[1] Susu kedelai duwé komposisi kang mirib karo susu: 3,5% protéin, 2% lemak, sarta 2,9% karbohidrat.[1] Susu kedelai duwé manfaat kang akèh.[1] Contone ya iku kanggo nambani lelara diabetes militus, lara ginjel, lan reumatik.[1]

Susu kedelai kang diwadhahi gelas utawa kaleng

Cara nggawé susu kedhelé

  1. Resikna wiji kedhelé lan rendhemen ing banyu suwénée 10 - 16 jam.
  2. Wiji kedhelé kang wis direndhem dipanasaké ing microwave suwéné rong menit utawa digodhog 15 menit.
  3. giling wiji kang wis direndhem karo banyu 1 liter ing mesin blènder.
  4. godhog susu kedhelé nganti umob lan terusaké kurang luwih 10 menit.

Cathetan suku