Tutankhamun

Tutankhamun (kala-kala uga diparabi King Tut) ya iku Pirngoning Mesir Kuna wiwit udakara 1334 Masèhi nganti 1323 Masèhi. Dhèwèké dadi Pirngoning wangsa angka 18 (kulawarga radya) nalika dhèwèké umur 9 taun ing jaman Praja Anyar Mesir.

Topèngé Tutankhamun nalika dikubur.
Makamé Tutankhamun ing Lembah Para Ratu

Tutankhamun kuwi anak lanangé Akhenaten karo salah sawijining sadulur wadoné,[1] utawa bokmenawa salah sijiné pulunané.[2]Tutankhamun mréntah suwéné 9  taun lan tinggal donya nalika dhèwèké isih enom, ing umur 18 taun. Iki marakaké dhèwèké diapali minangka "The Boy King" utawa "Ratu Lanang sing Enom". Dhèwèké rabi karo sadulur kuwalon wadoné, Ankhesenamun, anaké Padmi Nefertiti, ibu kuwaloné.

Ing taun katelu pamaréntahané, Tutankhamun malikaké sawenèh owah-owahan sing digawè nalika jumenengé bapaké. Dhèwèké ngakiri pamujan marang déwa Aten lan maluyakaké déwa Amun tumuju kaunggulan. Pamenggak marang kultusing Amun diangkat lan hak-hak sing gegayutan karo adat dibalèkaké marang imamé. Kutha krajané dipindhah manèh marang Thebes lan kutha Akhetaten ditinggalaké.[3] Sawisé kuwi dhèwèké ganti jeneng dadi Tutankhamun, "Citra Uriping Amun", mratandhani pamulihané Amun.

Gladri anyar ing Musiyum Kairo

Ruangan anyar cacah papat ing Gladri Tutankhamun uwis resmi dibukak ing Musiyum Mesir ing Kairo.[4]

Leluri

 
 
 
Amenhotep II
 
Tiaa
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Thutmose IV
 
Mutemwiya
 
 
 
 
 
 
 
Yuya
 
Tjuyu
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Amenhotep III
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Tiye
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
KV55, bokmenawa Akhenaten
 
 
 
 
 
 
 
The Younger Lady
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Tutankhamun

Pranala njaba

Rujukan