Vaksin
Vaksin iku penerapan biotéknologi kanggo nyegah lelara kang disebabaké mikroorganisme.[1]
Cara gawé vaksin
- vaksin kang asalé saka patogen kang wis dipaténi nganggo bahan kimia utawa cara pemanasan.[1] Contoné vaksin influenza, vaksin kolera lan vaksin hepatitis A.[1] Vaksin jinis iki mung gawé kekebalan sawatara.[1]
- vaksin kang asalé saka patogen kang dilemahaké.[1] Contoné ya iku vaksin campak lan vaksin gondong.[1] Vaksin jinis iki kekebalané luwih suwé saka jinis vaksin kang asalé saka patogen kang dipanasaké.[1]
- vaksin kang asalé saka patogen kang dinon-aktivaké contoné vaksin tétanus lan vaksin diftéri.[1]
Nanging cara gawé vaksin ing dhuwur isih tradhisional dadi isih ana éfék samping kaya iki:
- patogen kang dinggo mesih ana kemungkinan isih prosés metabolisme[1]
- patogen kang dienggo kanggo gawé vaksin isih ana kemungkinan bisa njalari lelara[1]
- ana wong kang alérgi mara luwihan sél kang ditinggalaké saka prosés gawé vaksin.[1]
- wong kang makarya ing gawé vaksin ana kemungkinan kepapar patogen.[2]
Kanggo ngurangi risiko ing dhuwur, saiki wis dikembangaké cara gawé vaksin kang nganggo rékayasa génetika.[2] Prinsip-prinsip rékayasa génetika antarané:
- misahaké gen kang njalari lara saka virus
- nyisipaké gen mara sèl baktéri utawa kultur sèl hewan. Sawisé disisipi sèl baktèri utawa sèl kéwan dijenengi rekombinan.\
- Rekombinan bakal ngasilaké antigen kang salanjuté dikultur. Sawisé dikultur dadi ngasilaké akèh antigen.
Cathetan suku
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaMarie AntoinetteArané pérangan awakPersija JakartaSepongMirunggan:GolèkWikipédia:BabGunung RaungGapura:PaguyubanPitulung:IsiPerang Donya IIWikipédia:SesambunganWikipédiaKartiniWikipédia:Sugeng rawuhPariwaraKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSurat Al QadrPallywoodSurat Adh DhuhaMasjidil KaramParikanSengkalanSinarmas GroupSintaWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqKevin De BruyneMikèl ArtétaTembung YogyaswaraStadion SiliwangiKim Soo-HyunErling HaalandAnak Jalanan (sinetron)KucingFlorentino PérezRaghavanIndhonésiaYusril Ihza Mahendra