Wikipédia:Kalayakan artikel

Kriteria kelayakan

Kelayakan umum
Sekolah
Tokoh
Olahragawan
Organisasi lan perusahaan
Web

Jroning Wikipedia, kalayakan kuwi kriteria kanggo nemtokaké apa sawijining subyek layak kanggo dipacak artikelé apa ora. Konsep iki béda karo "misuwur", "wigati", utawa "populer". Sawijining subyek dianggep layak yèn nduwèni kriteria ing ngisor, utawa kriteria mligi sing kadaftar ing tabel sisih tengen.

Kriteria kalayakan ngatur subyek artikel, ananging ora ngatur isi artikel kuwi.

Wewaton kalayakan

  • "Pembahasan sing signifikan" tegesé sumber mbahas subyek sacara langsung, detil, lan non-trivial.1
  • "Sumber",2 didhèfinisèkké jroning Wikipedia minangka sumber sekunder, kudu bisa mènèhi bukti kalayakan sing obyektif. Luwih saka siji sumber luwih apik.
  • "Pinercaya" tegesé sumber bisa dipigunakaké kanggo pamesthèn kalayakan, ssarujuk karo paugeran sumber kapercaya. Sumber arupa karya sing wis dipublikasèkaké jroning media.
  • "Independen marang subyek" tegesé sumber sing dirujuk ora kena asal saka pihak-pihak sing nduwèni afiliasi langsung karo subyek, upamané: promosi diri, iklan, otobiografi, lll.

Artikel sing ora / durung layak

Yèn sawijining artikel durung nuduhaké unsur kalayakan, upayakaké ndandani kanthi cara:

  1. Dandani dhéwé. Golèka referensi kapercaya saka internet utawa media liya
  2. Gunakaké cithakan {{kalayakan}} kanggo narik kawigatèn penyunting liya
  3. Gabungké artikel marang artikel liya sing cakupané lebih amba
  4. Yèn kasil ditemokaké unsur kalayakan rong minggu sawisé diwènèhi tag {{kalayakan}}, wènèhana cithakan {{busak:kalayakan}}

Yèn sawijining artikel cetha-cetha ora nduwèni unsur kalayakan:

  1. Langsung wènèhi cithakan {{busak:kalayakan}}

Pengurus bakal langsung mbusak artikel sing cetha-cetha ora nduwèni unsur kalayakan.

Kalayakan ora asipat sawetara wektu

Warta sing ramé ora banjur nyebabaké sawijining topik dadi layak minangka artikel Wikipedia jroning jangka wektu sing dawa, lan suwaliké. Topik sing ora nduwèni standar kalayakan wektu iki, bisa waé nduwèni standar kalayakan ing mangsa ngarep. Senadyan mangkono, artikel ora olèh ditulis kanthi dhasar spekulasi yèn topik kasebut bakal nduwèni kalayakan ing mangsa ngarep.

Isi artikel

Pedoman iki ora sacara spesifik ngatur ngenani isi artikel. Pedoman iki mènèhi pituduh ngenani apa sawijining topik cukup layak kanggo diamot ing Wikipedia minangka artikel dhéwé (mandhiri).

Isi artikel kudu ngacu marang kawicaksanan lan paugeran Wikipedia liya sing ngatur ngenani sumber pinercaya, cara deleng netral, dudu riset asli, lan pamesthèn.

Cathetan

Delengen uga