Wong Kroasia
Wong Kroasia (/kroʊæt, kroʊɑːt/; Croatian: Hrvati, pronounced [xrʋăːti]) ya iku sawijining bangsa lan golongan ètnis Slavik Kidul ing simpanganing Éropa Tengah, Éropa Kidul-Wétan, lan Sagara Tengah. Wong Kroasia akèh-akèhé ndunungi Kroasia lan Bosnia lan Hércegovina, nanging minangka golongan minoritas resmi kang diakoni ing Ostenrik, Céko, Honggari, Italia, Montenégro, Rumania, Serbia, lan Slowak. Akèh wong Kroasia kang wis migrasi nganjrah Éropa (mligi Jerman, Ostenrik, Switserlan,Prancis, lan Italia) lan Amérikah (mligi Amérikah Sarékat, Kanadha, Argèntina, lan Chili), minangka diaspora amarga dhesekan ing bab ékonomi, pulitik, lan sosial.[1][2]
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(u. 7,5–8,5 yuta[1][2][3][4]) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Kroasia 3.874.321 (2011)[5] Bosni lan Hérzégowina 544.780 (2013)[6] | |
Éropa | u. 5,5 yuta |
Jerman | 227.510[7] – 350.000 (prakira)[8] |
Ostenrik | 150.719 (2001)[9] |
Sèrbi | 57.900 (2011)[10] |
Switserlan | 40.484 (2006)[11] |
Prancis | 40.000 (prakira)[12] |
Slowén | 35.642[13] |
Swèdhen | 35.000 (prakira)[14] |
Honggari | 23.561[15] |
Itali | 21.360[16] |
Nèderlan | 10.000[17] |
Karajan Manunggal | 6.992[18] |
Rumeni | 6.786[19] |
Giri Cemeng | 6.021[20] |
Dhènemarken | 5.400[21] |
Nurwègen | 5.272[22] |
Slowak | 2.600[23] |
Cèsko | 850–2.000[24][25] |
Amérika Lor | u. 530.000 – 1,2 yuta |
Amérika Sarékat | 414.714 (2012)[26] – 1.200.000 (prakira)[27] |
Kanadha | 114.880[28] |
Amérika Kidul | u. 650.000 |
Cilé | 200.000[29] – 380.000[29][30] |
Argèntina | 250.000[29] |
Brazil | 20.000 (prakira)[29] |
Pèru | 6.000[29] |
Paraguay | 5.000[29][31] |
Ékuador | 4.000[32] |
Liyané | u. 250.000 |
Ostrali | 126.264 (2011)[33] |
Niu Sélan | 2.550 (2006) – 60.000 (prakira)[34][35] |
Afrika Kidul | 8.000[36] |
Basa | |
Kroasia | |
Agama | |
Akèh-akèhé Katulik Roma | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Slav, mligi wong Slav Kidul wong Sèrbi, wong Bosnia, wong Montenégro, wong Slowén, wong Makedhonia[37], wong Slav Wétan, wong Ostenrik |
Wong Kroasia ketiti kanthi kabudayan kang manéka warna,[clarification needed] kang kaprabawani déning budaya-budaya tanggané sasuwéné jaman. Wong Kroasia akèh-akèhé Katulik Roma. Basa Kroasia iku minangka basa resmi ing Kroasia lan Bosnia lan Hércegovina, uga ing Uni Éropa, lan diakoni minangka basa minoritas sajeroning brayan bumi Kroasia lan minoritas ing Montenégro, Ostenrik (Burgenland), Italia (Molise), Romania (Caraşova, Lupac) lan Serbia (Vojvodina).
Budaya
Tradhisi
Laladan kang didunungi déning wong Kroasia darbé kabhinékan prabawa sujarah lan budaya, uga kabhinékan géografis lan palemahan. Pasisir Dalmatia lan Istria tundhuk marang pamaréntahaning Kakaisaran Romawi, Venesia lan Italia; wewengkon séntral kaya déne Lika lan Hercégovina Kulon minangka palagan adilaga klawan Kakaisaran Ottoman, lan duwé sawenèh tradhisi épos kang kenthel. Ing sawenèh lebak Lor, pamaréntahan Austro-Honggari ninggal tilas. Bab kang paling mbédakaké folklor Kroasia kalebu ènsèmbel klapa saka Dalmatia, orkèstra tamburitza saka Slavonia.[citation needed] Seni masarakat digelar ana ing sawenèh adicara mirunggan lan karaméan, bokmenawa kang paling mirunggani ya iku Alka saka Sinj, sawijining adhon-adhon ksatriya tradhisional kanggo mèngeti wijaya klawan Turki Ottoman. Tradhisi épos iku uga dilestarèkaké mawa lagu epos kang ditembangaké nganggo gusle. Jinising beksan édharan kolo uga bisa tinemu ing saindengé Kroasia.[citation needed]
Brayan agung
Ing Kroasia (nagara kabangsan), 3,9 yuta wong nganggep dhiriné minangka wong Kroasia, lan wong-wong iki minangka mayoritas kang cacahé 90,4% saka sakabèhé cacah jiwa. Ana 553,000 wong liyané kang ndunungi Bosnia lan Hércegovina. Ing kana, wong-wong iki minangka salah siji saka telung golongan ètnis konstituèn, kang akèh-akèhé manggon ana Hércegovina Kulon, Bosnia Tengah, lan Posavina. Minoritas ing Serbia cacahé udakara 70,000, akèh-akèhé ana ing Vojvodina,[38][39] lan ing kana uga ana mayoritas wong Šokci kang ngaggep dhiriné minangka wong Kroasia, kaya wong Bunjevci (sub golongan iki asalé saka pérangan Kidul, akèh-akèhé saka wewengkon Bačka, minangka kang pungkasan, kaya déné nagara liya, ndunungi laladan amba kang ditinggalaké sawisé para wadya Ottoman mundhur). Minoritas asli wong Kroasia kang luwih cilik uga ana ing Slowén (mligi ing Primorska, Prekmurje lan ing Metlika ing wewengkon Dolenjska – 35.000 wong Kroasia), Montenégro (mligi ing Bay of Kotor – 6.800 wong Kroasia), lan sawijining brayan enggon-enggonan ing Kosovo ajejuluk wong Janjévo kang nanggep dhiriné minangka wong Kroasia. Ing sènsus taun 1991 wong Kroasia minangka 19,8% saka sakabehing cacah jiwa ing tilasé Yugoslavia; ana watara 4,6 yuta wong Kroasia ing saindengé nagara mau.[citation needed]
Sub golonganing wong Kroasia lumrahé dhedhasar afiliasi enggonan, kaya wong Dalmatia, wong Slavonia, wong Zagorci, wong Istrani lsp., déné sanjabané Kroasia ana sawenèh golongan ètnis: wong Šokci (Kroasia, Serbia, Honggari), wong Bunjevci (Serbia, Honggari), Kroasia Burgenland (Ostenrik), wong Kroasia Molise (Italia), wong Kroasia Boka Kotorska utawa wong Bokelji (Montenégro), wong Raci (Honggari), wong Krashovans (Romania), wong Janjévo (Kosovo).
Gambar kar
- Wong Kroasia ing Kroasia
- Wong Kroasia ing Bosnia lan Hercégovina
- Wong Kroasia ing Vojvodina, Sèrbia
- Wong Kroasia ing Romania