Bangsa Jepang

Bangsa Jepang utawa wong Jepang (日本人 Nihonjin, Nipponjin?) yaiku klompok etnis ingkang paling dominan ing Jepang.[1][2][3][4][5] Ing saindenging jagad ana udakara 130 yuta wong keturunan Jepang, lan 127 yuta wong ing antarane kalebu warga Jepang. Wong keturunan Jepang sing urip ing negara liya diarani nikkeijin (日系人?). Istilah etnis Jepang uga digunakake kanggo mbedakake etnis dominan ing Jepang sing diarani Yamato saka wong Ainu utawa wong Ryukyu.

Bangsa Jepang
日本人
Bangsa Jepang
Murasaki • Nobunaga • Ieyasu • Meiji
Hirobumi • Akiko Yosano • Hideki Yukawa • Akihito
Samurai nalika Geger Boshin • kluwarga modern
Gunggung cacah jiwa
Sekitar 130 yuta
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
 Jepang   127 yuta
Populasi Nikkei ingkang signifikan:
 Brasil1.400.000[1]
 Amerika Serikat1.200.000[2]
 Filipina120.000[3]
 Tiongkok115.000[4]
 Kanada85.000[5]
 Peru81.000[6]
 Britania Raya51.000[7]
 Jerman30.125[8]
 Argentina30.000[9]
 Prancis28.000[10]
 Australia27.000[11]
 Singapura23.000[12]
 Meksiko20.000[13]
 Indonesia19.717[14]
 Taiwan16.000[15]
 Korea Selatan15.000[16]
Basa
Jepang · Ryukyu · Ainu
Agama
Shinto dan Buddha

Budaya

Basa

Basa Jepang yaiku kluwarga basa Japonik sing asring digolongake para ahli basa minangka basa isolat. Basa Jepang isih ana gandhengane karo basa Okinawan (basa Ryukyu), lan kalorone diajokake para ahli basa supaya dilebokake ing kulawarga basa Altai. Sistem tulisan Jepang yaiku campuran huruf hiragana, katakana, kanji, lan aksara Latin. Basa utama ing Jepang yaiku basa Jepang, lan angka literasi diwasa ing Jepang nganti 99%.[6]

Agama

Pancen angel dingerteni persentase masarakat Jepang sing nganut agama kanthi pasti, kira-kira ana antara 20% nganti 30% wong diwasa Jepang aktif nindakake agama tartamtu.[7] Miturut data saka Badan Urusan Budaya Jepang taun 2003, ana total 213.826.700 wong (kaping pindhone populasi Jepang) ngaku duwe salah sawijining agama. Iki amarga akeh wong Jepang sing ngaku afiliasi karo luwih saka siji organisasi agama, utamane Shinto lan Buda. Kajaba iku, data saka Badan Urusan Budaya Jepang diitung adhedhasar laporan sukarela saka macem-macem organisasi agama.[7]

Saka warga Jepang sing ngaku duweni agama, 50,3% wong nganut agama Shinto, 44% agama Buda, 4,7% "agama liya", lan 1% Kristen.[7] Antarane para penganut "agama liya" ana penganut agama-agama sing asale "asing" kaya ta T’ongil-gyo, lan agama-agama lokal kaya ta Tenrikyo, Seicho-no-Ie, Sekai Kyusei Kyo, lan Perfect Liberty.[7]

Referensi