Basa Srêbiyah Khrêvatskah

Basa Srêbiyah Khrêvatskah yaiku salah sawiji basa Slav Kidul kang utamane kocap ana ing nagara Srêbiyah, Khrêvatskah, Bosniyah lan Herzegovinah, sarta Montenegro. Basa iki baupusat kanthi papat parijinis kang bisa dipadhamangrêteni yaiku basa Srêbiyah, basa Khrêvatskah, basa Bosniyah, lan basa Montenegro.

Swarawidya

Aksara Swara

Tatalaku aksara swara basa Srêbiyah Khrêvatskah iku ora ruwed kanthi limang aksara swara. Kabeh aksara swara ora ana kang wujud swaraglayut.

Aksara LatinAksara KirilIPAKatranganCaralatin Jawa
aа/a/bukak tengah ora bunderà
eе/e/tengah ngarêp ora bundere
iи/i/tutup ngarep ora bunderi
oо/o/tengah buri bundero
uу/u/tutup buri bunderu

Aksara swara bisa cendhak utawa dawa nanging mutu swarajatine ora malih amarga dawane iku mau. Dadi, aksara swara bisa dawa ing wanda kapênêt sarta ing wanda kang ngêtutke saburine.

Wyanjana

Tatalaku wyanjane luwih ruwed lan duwe aksara-aksara affricate sarta Talawya. Kaya ing basa Inggris, swarane wujud fonemis ananging ora kanggo pranane (Ing: aspiration).

Aksara LatinAksara KirilIPAKatranganCaralatin Jawa
trill
rр/r/alveolar trillr
antasta
vв/ʋ/ostyadantya antastav-w (v)
jј/j/Talawya antastay
laterals
lл/l/alveolar lateral antastal
ljљ/ʎ/Talawya lateral antastal-y
anunasika
mм/m/dwiostya anunasikam
nн/n/alveolar anunasikan
njњ/ɲ/Talawya anunasikany
sanggasri
fф/f/agosa ostyadantya fricativef
sс/s/agosa dantya sibilants
zз/z/sagosa dantya sibilantz
šш/ʃ/agosa postalveolar fricativesy
žж/ʒ/sagosa postalveolar fricativezy
hх/x/agosa velar fricativekh
affricates
cц/t͡s/agosa dantya affricatets
џ/d͡ʒ/sagosa postalveolar affricatej
čч/t͡ʃ/agosa postalveolar affricatec
đђ/d͡ʑ/sagosa alveolo-Talawya affricatej' (j-y)
ćћ/t͡ɕ/agosa alveolo-Talawya affricateć (c-y)
saparsa
bб/b/sagosa dwiostya plosiveb
pп/p/agosa dwiostya plosivep
dд/d/sagosa dantya plosived'
tт/t/agosa dantya plosivet'
gг/ɡ/sagosa velar plosiveg

*) gh (pungkasan)

kк/k/agosa velar plosivek- (wiwitan)

-g (pungkasan)

Unggah swara

Kajaba basa Sloveniyah, basa Srêbiyah Khrêvatskah iku kalêbu siji-sijine basa kang duwe tatalaku unggah swara (Ing: pitch accent system). Gawankara iki uga ana ing basa Indu Éropa liyane kayata basa Norwegiyah, basa Ellas Kuna, lan basa Punjab. Basa Srêbiyah Khrêvatskah duwe papat caraswara (Ing: accent, for pitch accent) kang kalêbu laras munggah utawa laras mudhun ing aksara swara dawa utawa cendhak.

Tatalaku unggahswara basa Srêbiyah Khrêvatskah
Cihna SlavjatiIPAKatrangan
e[e]swara cendhak tanpa laras
ē[eː]swara dawa tanpa laras
è[ě]swara cendhak nganggo laras munggah
é[ěː]swara dawa nganggo laras munggah
ȅ[ê]swara cendhak nganggo laras mudhun
ȇ[êː]swara dawa nganggo laras mudhun

Sawang uga

Basa