Daniel Craig
Daniel Wroughton Craig (alias Daniel Craig, utawa biyasa uga diundhang karo jeneng DC Craig, Dhèwèké iku, aktor saka urutan kaping nem pemeran mata-mata serba bisa, James Bond 007ning njeroné sequel CASINO ROYALE taun 2006 lan dadi aktor kaping loro kelairan saka Inggris kang meranaké karakter mau.[1]Daniel kang ngawali karir ning dunya hiburan, tarutama seni peran iku.[1]Tau dadi lawan mainé Angelina Jolie ning filem layar lebar.[1]ning filem LARA CROFT: TOMB RAIDER taun 2001 iku, sadurungé dhèwèké kinilai kurang anggoné berakting, kanggo meranaké Bond lan ngundang protes.[1]Nanging, meski ngono iku aktor pemeran Steve ning carita dokumenter tragedi olimpiade THE MUNICH ning taun 2005,garapan déning sutradara Steven Spielberg iku dikabaraké bakal mbintangi manèh filem Bond kaping 22 salanjuté.[1]
Daniel Craig | |
---|---|
Lair | Daniel Wroughton Craig |
Pakaryan | Aktor, prodhuser filem |
Taun aktif | 1992–sekarang |
Bojo | Fiona Loudon (1992–1994)Rachel Weisz (2011-kini) |
Ning kauripané, Craig bebrayanan karo aktris saka Scotlandia, Fiona Loudon nalika taun 1992lan duwé anak wadon kang dijenengi Ella.[1]Nanging wong loro mau cerai ning taun 1994.[1]Sawisé cerai, Craig sempat cedhak karo wanita-wanita liyané, uga dingertini tau cedhak karo prodhuser katurunan Jepang-Amérika, ya iku Satsuki Mitchell.[1]
Wulan Juni taun 2011, Daniel Carig karo Rachel Weisz diberitani wus resmi nikah.[2]Daniel, nggelar acara upacara nikahané kanthi cara meneng-menengan.[2]Upacara manten iku diadakaké ning kutha New York nalika dina Rabu, tanggal 22 Juni taun 2011.[2]Ditekani déning patang tamu, lan para kerabat cedhak, ya iku anak wadoné Ella lan anak lanangé Rachel Henry, karo kancané loro kang dadi saksi.[2]