Prasejarah

Prasajarah iku jaman sedurung manungsa paham tulisan, dadi ora ana tulisan-tulisan tilas saking jaman prasajarah. Manungsa jaman saiki paham kedaden jaman prasajarah iku saking ngèlmu-ngèlmu paleontologi, astronomi, biologi, géologi, antropologi uga arkéologi.

Makluk Prasajarah

Miturut cathetan-cathetan sekang ngèlmu paleontologi, makluk-makluk prasajarah ing planit Bumi iki wis molai ana wiwit Zaman Pre Kambrium.

Kéwan purba

Manungsa purba

Sedurung manungsa modern jaman saiki Homo sapien sapien dicipta, ing planit bumi wis akèh dihuni manungsa-manungsa purba sing saiki kabèh wis cures. Miturut kitab Suci agama-agama tinentu, manungsa modern saiki ora ana gayutan keturunan kaliyan manungsa purba.

Manungsa-manungsa purba sing wis cures iku iku antarané:

  • Australopithecus, sapérangan ahli duwé penemu yèn makluk iki sejatine esih bangsa primata sing ora ana gayutan keturunan kaliyan manungsa purba.
  • Homo habilis, sapérangan ahli duwé penemu yèn jinis iki esih bangsa primata.
  • Homo erectus, asal saking Afrika sing migrasi wonten ing sapérangan gedhé wewengkon donya.
  • Homo heidelberg
  • Homo neanderthal
  • Homo sapiens
  • Homo floresiensis

Peradaban prasajarah

Kronometrik

Uga delengen