Senyawa heterosiklik

Senyawa heterosiklik utawi heterolingkar inggih punika séjenis sényawa kimia ingkang gadhah struktur cincin ingkang ngandut atom sanèsipun karbon, kados ta wlirang, oksigèn, utawi nitrogen ingkang péranganing cincin kasébut.[1] Senyawa-senyawa heterosiklik saged wujud cincin aromatik prasaja utawi cincin non-aromatik. Pintén-pintén tuladha inggih punika piridina (C5H5N), pirimidina (C4H4N2) lan dioksana (C4H8O2).Mbetahaken perhatosan senyawa-senyawa kados ta siklopropana lan sikloheksana boten senyawa heterosiklik. Senyawa mau namung sikloalkana. Prefiks 'siklik' ngrujuk ing struktur cincin, manawi 'hetero' ngrujuk ing atom senesipun karbon. Kathah senyawa heterosiklik ingkang manawi zat karsinogenik.

Piridina, sebuah contoh senyawa heterosiklik yang prasaja

Kimia heterosiklik inggih punika cabang ngèlmu kimia ingkang berkutat kanthi eksklusif kaliyan sintesis, sipat-sipat, lan aplikasi heterolingkar.

Cincin beranggota-3

Heterolingkar kaliyan tiga atom ing cincin langkung reaktif amargi déning terikan cincin. Senyawa ingkang gadhah satunggal heteroarom ing limrahipun langkung stabil. Senyawa kaliyan kalih heteroatom langkung biyasa muncul minangka zat antawisipun reaktif. Heterolingkar beranggota-3 yang umum:

HeteroatomJenuhTakjenuh
NitrogenAziridina
OksigènEtilena oksida (epoksida, oksirana)Oksirena
SulfurTiirana (episulfida)

Cincin beranggota-4

HeteroatomJenuhTakjenuh
NitrogenAzetidina
OxygenOksetana
SulfurTietana, ditietanaDitiet

Cincin beranggota-5

Ing Heterolingkar beranggota-5, senyawa takjenuhnipun asring langkung stabil amargi aromatisitas.

HeteroatomJenuhTakjenuh
Nitrogentetrahidropirola (pirolidina)Dihidropirola (pirolina), Pirola
OksigènDihidrofuran, tetrahidrofuranFuran
SulfurDihidrotiofena, tetrahidrotiofenaTiofena
ArsenArsola

Sekelompok ageng senyawa cincin beranggota-5 kaliyan kalih heteroatom kanthi kolektif dipunnamani azola. Ditiolana gadhah kalih atom sulfur.

Cincin beranggota-6

Cincin beranggota enem kaliyan heteroatom tunggal:

HeteroatomJenuhTakjenuh
NitrogenPiperidinaPiridina
OksigènTetrahidropiranPiran
SulfurTianaTiina (thiapirana)

Kaliyan kalih heteroatom:

HeteroatomJenuhTakjenuh
NitrogenPiperazinaDiazina
Nitrogen / oksigènOksazina
Nitrogen / sulfurTiazina
SulfurDitiana
OksigènDioksana

Amina heterosiklik lan kanker

Pinten-pinten amina heterosiklik (Heterocyclic amine), HCA, ingkang wonten ing daging ingkang dipunmasak kapanggih gadhah sipat karsinogenik. Riset nedahaken manawi memasak daging katamtu ing temperatur inggil badhé ngasilaken senyawa-senyawa ingkang boten kapanggih ing daging mentah. HCA dumadi manawi asem amino lan kreatina (senyawa ingkang kapanggih ing otot) bereaksi ing temperatur inggil. Para periset sampun ngidentifikasiaken 17 HCA bènten ingkang dipunkasilaken saking pemasakan daging otot.[2] Pinten-pinten sumber protéin kados ta susu, telur, tahu, lan daging organ kados ta hati gadhah kandhutan HCA ingkang sangat sakedhik utawi manawi boten wonten ing wanci dipunmasak.

Cathetan suku

Pranala njaba