Wangsa Yuan

Rajawangsa Yuan (Tionghoa: ; Pinyin: Yuáncháo) resmi Yuan Agung[1][2] (Tionghoa: ; Pinyin: Dà Yuán) iku sawijining dinasti kakaisaran sing dipimpin Mongol ing Cina lan negara penerus Kakaisaran Mongol sawisé pecah. Iki diadegaké déning Kubilai (Kaisar Shizu), pamimpin klan Borjigin, lan dumadi saka 1271 nganti 1368. Ing kaca babad Cina, Wangsa Yuan ngetutake Wangsa Song lan ndhisiki Wangsa Ming.

Yuan Raya
大元
Dai Ön Ulus
Khanat Kakaisaran Mongol
1271–1368
Pernahé Wangsa Yuan Mongol
Wilayah Rajawangsa Yuan ing taun 1294
Pernahé Wangsa Yuan Mongol
Kutha krajanDadu (saiki Beijing)
BasaBasa Mongol
Mandarin
AgamaBuddhisme (Cina lan Tibet), Taoisme, Konfusianisme, Agama tradisional Cina
PamaréntahanMonarki dengan hak pilih terbatas
Kaisar-Khagan
 • 1260–1294Kubilai Khan
 • 1333–1370Ukhaatu Khan
Bebadan lègislatifKurultai
Jaman sajarahAbad tengahan
 • Perang Toluid18 Desember 1271
 • Wangsa Song Lor dikalahke19 Maret 1276
 • Dikalahke Ming ing Dadu14 September 1368
Laladan
 • Kiro-kiro 131014,000,000 km2 (5,400,000 sq mi)
Cacah wong
 • 1293 est.kira-kiro 62,818,128 
ValutahDluwang
Sadurungé
Sawisé
Kakaisaran Mongol
Wangsa Song
Yuan Lor
Wangsa Ming
Saiki dadi péranganing Tiongkok
 Mongolia
 Rusia
 Korea Utara

Senajan Genghis Khan wis ngedeki tahta kanthi gelar Kaisar Cina ing taun 1206 lan Kakaisaran Mongol wis nguwasani wilayah-wilayah kalebu Cina lor nganti pirang-pirang dasataun, lagi taun 1271 Kubilai Khan resmi ngumumake Rajawangsa manut tradisi Cina, lan penaklukan ora rampung nganti 1279 nalika Wangsa Song ing Kidul Cina dikalahaké ing Pertempuran Yamen. Wangsa Yuan saka Mongol iku nguwasani sapérangan gedhé wilayah Cina lan saubengé, kalebu Mongolia modern. Nagari iki minangka dinasti pisanan sing didegaké déning ètnis non-Han sing nguwasani kabèh Cina. Ing taun 1368, sawisé kekalahan pasukan Yuan déning Wangsa Ming, para panguwasa Mongol mundur menyang Mongolia jero lan terus nguwasani nganti taun 1635 nalika padha nyerah marang Wangsa Jin Akhir (sing banjur menyang dadi Wangsa Qing).

Saliyane Kaisar Cina, Kubilai uga ngaku gelar Khan Agung, sing paling dhuwur tinimbang khanate penerus liyane: Chagatai, Kawanan Emas, lan Ilkhanat. Dadi, Yuan uga kadhangkala disebut minangka Kakaisaran Khan Agung. Nanging, nalika pratelan supremasi dening kaisar Yuan kadhangkala diakoni dening para khan kulon, kasebut nominal lan saben-saben terus ngembangake dhewe-dhewe.[3]

Pratelan Kaisar Yuan

Jeneng Kuil

(Pesarean)

Jeneng AsliJeneng LiyaMréntahJeneng Mréntah
Taizu

(太祖 Tàizǔ)

Genghis KhanBorjigin Temüjin (孛兒只斤鐵木真 Bóérzhījīn Tiěmùzhēn)1206–1227
Ruizong

(睿宗 Ruìzōng)

ToluiBorjigin Tolui (孛兒只斤拖雷 BóérzhījīnTuōléi)1227–1229
Taizong

(太宗 Tàizōng)

Ögedei KhanBorjigin Ögedei (孛兒只斤窩闊台 Bóérzhījīn Wōkuòtái)1229–1241
Dingzong

(定宗 Dìngzōng)

Güyük KhanBorjigin Güyük (孛兒只斤貴由 Bóérzhījīn Guìyuó)1246–1248
Xianzong

(憲宗 Xiànzōng)

Möngke KhanBorjigin Möngke (孛兒只斤蒙哥 Bóérzhījīn Ménggē)1251–1259
Shizu

(世祖 Shìzǔ)

Kubilai KhanBorjigin Kublai (孛兒只斤忽必烈 Bóérzhījīn Hūbìliè)1260–1294Zhongtong (中統 Zhōngtǒng) 1260–1264


Zhiyuan (至元 Zhìyuán) 1264–1294

Chengzong

(成宗 Chéngzōng)

Temür Öljeytü KhânBorjigin Temür (孛兒只斤鐵木耳 Bóérzhījīn Tiěmù'ěr)1294–1307Yuanzhen (元貞 Yuánzhēn) 1295–1297


Dade (大德 Dàdé) 1297–1307

Wuzong

(武宗 Wǔzōng)

Qayisan KülügBorjigin Qayshan (孛兒只斤海山 Bóérzhījīn Hǎishān)1307–1311Zhida (至大 Zhìdà) 1308–1311
Renzong

(仁宗 Rénzōng)

AyurparibhadraBorjigin Ayurparibhadra (孛兒只斤愛育黎拔力八達 Bóérzhījīn Àiyùlíbálìbādá)1311–1320Huangqing (皇慶 Huángqìng) 1312–1313


Yanyou (延祐 Yányòu) 1314–1320

Yingzong

(英宗 Yīngzōng)

Suddhipala Gege'enBorjigin Suddhipala (孛兒只斤碩德八剌 Bóérzhījīn Shuòdébālá)1320–1323Zhizhi (至治 Zhìzhì) 1321–1323
Jinzong

(晉宗 Jìnzōng) (1)

Yesün-TemürBorjigin Yesün-Temür (孛兒只斤也孫鐵木兒 Bóérzhījīn Yěsūntiěmùér)1323–1328Taiding (泰定 Tàidìng) 1321–1328


Zhihe (致和 Zhìhé) 1328

ArigabaBorjigin Arigaba (孛兒只斤阿速吉八 Bóérzhījīn Āsùjíbā)1328Tianshun (天順 Tiānshùn) 1328
Wenzong(文宗 Wénzōng)Jiyaghatu Toq-TemürBorjigin Toq-Temür (孛兒只斤圖鐵木兒 Bóérzhījīn Tútiěmùér)1328–1329

lan 1329–1332

Tianli (天曆 Tiānlì) 1328–1330


Zhishun (至順 Zhìshùn) 1330–1332

Mingzong(明宗 Míngzōng)Qoshila QutuqtuBorjigin Qoshila (孛兒只斤和世剌 Bóérzhījīn Héshìlà)1329Tidak Ada
Ningzong(寧宗 Níngzōng)IrinchibalBorjigin Irinchibal (孛兒只斤懿璘質班 Bóérzhījīn Yìlínzhìbān)1332Zhishun (至順 Zhìshùn) 1332
Huizong(惠宗 Huìzōng) (1)Toghan-TemürBorjigin Toghan-Temür (孛兒只斤妥懽鐵木兒 Bóérzhījīn Tuǒhuān Tiěmùér)1333–1370Zhishun (至順 Zhìshùn) 1333


Yuantong (元統 Yuántǒng) 1333–1335

Zhiyuan (至元 Zhìyuán) 1335–1340

Zhizheng (至正 Zhìzhèng) 1341–1368

Zhiyuan (至元 Zhìyuán) 1368–1370

Pamerangan administrasi

Provinsi

Jeneng ProvinsiIbukotakatrangan
Gansu

(甘肅行省)

Distrik ZhangyeKrajaan Qocho di ngisor dedekan Chagatai
Henan Jiangbei (河南江北行省)Distrik KaifengDigawe taun 1268
Huguang (湖廣行省)WuhanDigawe taun 1274
Jiangxi (江西行省)NanchangDigawe taun 1277
Liaoyang (遼陽行省)Distrik LiaoyangDigawe taun 1271
Lingbei (嶺北行省)KarakorumDigawe taun 1271
Shaanxi (陝西行省)Xi'anDigawe taun 1260
Sichuan (四川行省)ChengduDigawe taun 1294
Yunnan (雲南行省)KunmingDigawe taun 1274

Keluwarga Duan soko Krajaan Dali kang Gubernur Maharaja.

Zhengdong (征東行省)KaesongDigawe taun 1270

Raja Goryeo mrentah nganggo status Provinsi Istimewa

Lan Wilayah khusus ing pangawasan Biro Urusan Buddha lan Tibet

Rujukan

Uga delengan