Whitney Houston

Whitney Houston
Pratélan latar wuri
Jeneng lairWhitney Elizabeth Houston
PakaryanPenyanyi, aktris, prodhuser filem, model
PirantiVokal, piano
Mangsa akarya1977–2012
LabèlArista
Sana jaringanwww.whitneyhouston.com

Whitney Houston (lair ing Newark, New Jersey, Amérikah Sarékat, 9 Agustus 1963 – pati 11 Fèbruari 2012 ing umur 48 taun) dhèwèké iku penyanyi pop lan R&B, artis, prodhuser rekaman, penulis lagu lan mantan model Amérikah Sarékat, kasuksèsané nggawe motivasi kanggo para penyanyi Afrika-Amérika liyané, kaya ta saka kaum wanita kanggo sukses ning donya hiburan tarik swara, Whitney kondhang ning donya hiburan dadi penyanyi, debut albumé dirilis ning taun 1985, lan amarga tembang You Give Good Love, Whitney Houston bisa lumebu ning tangga lagu Billboard Hot 100.[2]

Sawisé iku, piyambake uga sukses kanthi tetembangan kang judhulé Saving All My Love for You, How Will I Know lan Greatest Love of All.[2] Tetembangan mau mapan ing pucuk tangga ning Amérikah Sarékat.[2]Whitney Houston duwé idhola saka donya musik, dhèwèké andadekaké Loleatta Holloway kanggo sumber inspirasi anggoné makarya.[3]

Nalika taun 1980-an, Whitney Houston uga tau meluni audisi supaya bisa lumebu ning acara The Cosby Show, sanajan akhiré kalah karo aktris Sabrina Le Beauf.[2] Dhèwèké tau uga tampil ning acara (episode) Gimme a Break bebarengan karo Nell Carter lan episode Silver Spoons bebarengan karo Rick Schroder, sadurungé iku Whitney Houston wiwit ngerilis dhebuté.[2]

Babagan prakara kauripané, Whitney Houston tau palakrama karo penyanyi R&B kang namané Bobby Brown nalika taun 1992.[2] Saka perkawinané karo Bobby Brown, nalika tanggal 4 Maret taun 1993 lair anaké kang pisanan.[2] Anaké kang pisanan mau wadon lan dijenengi Bobbi Kristina Houston Brown.[2]Nanging Whitney Houston lan Bobby Brown akiré pegatan.[2] Sakloron sah anggoné pegat nalika tanggal 13 September taun 2006.[2]

Tilaré

Dina Setu 11 Fèbruari 2012, Whitney Houston dilaporaké tilar donya ing kamar siram hotèl ing Beverlly Hills.[4][5] Kabare Whitney Houston overdhosis usada jinis kokain.[4] Sadurungé séda kang kontrovêrsial iku, Houston dikabaraké lagi mbudidaya nglawan ketagihane marang usada.[4] Jenasah Whitney Houston dimakamaké ing jèjèré makamé bapake John Russell Houston Junior, ing New Jersey.[5]

Diskografi

Album Studio

  • 1985: Whitney Houston
  • 1987: Whitney
  • 1990: I'm Your Baby Tonight
  • 1998: My Love Is Your Love
  • 2002: Just Whitney
  • 2003: One Wish: The Holiday Album
  • 2009: I Look to You

Soundtrack

  • 1992: The Bodyguard
  • 1995: Waiting to Exhale
  • 1996: The Preacher's Wife

Kompilasi

  • 2000: Whitney: The Greatest Hits
  • 2001: Love, Whitney
  • 2004: Artist Collection: Whitney Houston
  • 2007: The Ultimate Collection

Video/DVD

  • 1986: Number One Video Hits
  • 1991: Star Spangled Banner
  • 1991: Welcome Home Heroes
  • 1994: Concert for a New South Africa
  • 1997: Classic Whitney Concert
  • 1999: VH1 Divas Live '99
  • 2000: The Greatest Hits
  • 2000: Fine
  • 2002: Whatchulookinat Video/Whatchulookinat Behind-the-Scenes Footage/Love to Infinity Megamix Video
  • 2004: Artist Collection: Whitney Houston

Filmografi

TahunJudhulPeranKet
1984Gimme a Break!Rita"Katie's College" (Season 3, Episode 20)
1992The BodyguardRachel MarronUtama
1995Waiting to ExhaleSavannah JacksonUtama
1996The Preacher's WifeJulia BiggsUtama
1997Rodgers & Hammerstein's CinderellaIbu Peridigawé kanggo(ABC)
2003Boston PublicSebagai dirinya sendiriKameo
2004Nora's Hair SalonSebagai dirinya sendiriKameo

Sebagai prodhuser

TahunJudhulKet
1997Rodgers & Hammerstein's Cinderellaprodhuser èksekutif
2001The Princess Diariesprodhuser
2003The Cheetah Girlsprodhuser èksekutif
2004The Princess Diaries 2: Royal Engagementprodhuser
2006The Cheetah Girls 2prodhuser èksekutif

Tur konser

  • 1986: Greatest Love Tour
  • 1987: Moment of Truth World Tour
  • 1991: I'm Your Baby Tonight World Tour
  • 1993: The Bodyguard World Tour
  • 1999: My Love Is Your Love World Tour
  • 2009: TBA

Cathetan suku