Basa Cebuano

Basa Cebuano, kang asring kurang trep diarani déning panyaturé dhéwé minangka basa Bisaya ("Visaya"; aja kuwalik karo basa-basa Visaya), iku salah sawijiné basa Austronésia enggon-enggonan kang dipituturaké ing nagara Filipina déning kira-kira wong 20 yuta. Panyaturé akèh-akèhé saka wong Visaya Cebuano.[1] Basa iki kang akèh dhéwé panyaturé sajeroné kulawarga basa Visaya lan seduluran karo basa-basa Filipina liyané.

Cebuano
Sugbuanon, Bisayâ, Bisayâng Sugbuanon, Sinugbuanong Binisayâ, Sinibwano
Dituturaké ingFilipina
WilayahVisayas Tengah, wétan Pulo Negros, kulon Visayas Wétan, kidul Masbate, lan mayoritas Mindanao
Gunggung panutur21,1 yuta
Rumpun basaCithakan:Infobox Language/genetic2
  • Malayo-Polynésia
Sistem tulisanAksara Latin (Alpabèt Cebuano)
Braille Cebuano
Baybayin (biyèné)
Status resmi
Basa resmi ingBasa enggon-enggonan ing Filipina
Regulated byAkadhemi Seni lan Sastra Visaya
Kodhe basa
ISO 639-1None
ISO 639-2ceb
ISO 639-3ceb
{{{mapalt}}}
Laladan panyatur basa Cebuano ing Filipina



Sanajan ora diajaraké ing sekolah lan universitas nganti taun 2012, basa iki tetep dadi basa kang akèh dhéwé panyatur asliné ing Filipina.[2] Basa Cebuano minangka lingua franca ing Visaya Tengah, wétan Pulo Negros (mligi Negros Oriental), kulon Visaya Wétan, lan manéka laladan ing Mindanao. Jeneng Cebuano dhéwé dijupuk saka jeneng Pulo Cebu, kang dadi asal mulané basa iki.[3][4] Basa Cebuano uga dadi basa pokok ing Leyte Kulon, mligi kutha Ormoc lan tlatah-tlatah saubengé, sanajan dijenengaké basa "Ormocanon" ing Ormoc lan basa "Albuerahanon" ing Albuera.[5] Kodhe basa Cebuano iku ISO 639-2 kang nganggo telung huruf ceb, nanging dudu ISO 639-1 kang nganggo rong huruf.

Sebarané panyatur

Basa Cebuano dipituturaké ing pulo-pulo kaya ta Cebu lan pulo saubengé, Bohol lan Siquijor, wétan Negros (mligi saindengé Negros Oriental lan lor-wétan Negros Occidental), kidul Masbate, kulon Leyte, Biliran, sapérangan cilik Samar, lan manéka laladan ing Mindanao, pulo gedhé dhéwé nomer loro safilipina.[3] Saliyané iku, "kang dedunung ing Zamboanga, Davao, lan Cotabato uga panyatur basa Cebuano".[3] Sawenèh dhialèk Cebuano duwé jeneng kang rena-rena kanggo basa iki. Panyatur saka Cebu ngarani basané "Cebuano", panyatur saka Bohol ngarani "Boholano/Bol-anon", déné panyatur saka Leyte ngarani Kana (Cebuano Leyte utawa Leyteño). Panyatur ing Mindanao lan Luzon ngarani basané sadarma Binisaya utawa Bisaya.[5]

Rujukan