Luzon

Agno³

Luzon (Rungokakéi/lˈzɒn/; Pangucapan cara Tagalog: [luˈson]) iku pulo gedhé dhéwé lan akèh dhéwé padunungé ing Pilipina. Pulo iki klebu 15 pulo gedhé dhéwé ing donya. Kapernah ing sisih lor kapuloan Pilipina, Pulo iki dadi punjering ékonomi lan pulitik negara. Ing pulo iki kapernah kutha krajan Pilipina, Manila,kang duwé pérangan kutha, Quezon City kang duwé akèh dhéwé padunung ing negara iki. Pulo iki didunungi 53 yuta jiwa ing taun 2015,[2] lan kalebu papat pulo kang akèh dhéwé padunungé ing donya (sawisé Jawa, Honshu, lan Britainia Gedhé). Udakara 53% saka gunggung padunung negara manggon ing negara iki.

Luzon
Geography
LocationAsia Kidul-wétan
ArchipelagoPilipina
Adjacent to
  • Selat Babuyan
  • Selat Burias
  • Sagara Pilipina
  • Selat Polillo
  • Sagara Samar
  • Selat San Bernardino
  • Sagara Sibuyan
  • Sagara Cina Kidul
  • Selat Ticao
  • Selat Pulo Verde
Major islands
Area rank15th
Administration
Pilipina
Demographics
DemonymLuzonian (modern), Luzonese (contemporary), Luções (archaic)
Population53,336,134[a]

Luzon iku bisa nuduhaké salah siji saka telung golongan pulo baku ing negara iki. Pulo gedhé Luzon dumadi saka Pulo Luzon, kapuloan Batanes lan Babuyan kang kapernah ing sisih Lor, Pulo Polillo kapernah ing sisih wétan, lan pulo-pulo kang adoh saka Pulo Luzon kaya ta Catanduanes, Marinduque, Masbate, Romblon, Mindoro, Palawan, lan liyané kang kapernah ing sisih kidul.[3]

Etimologi

Bangkang Pinawa, yaiku lesung lan alu kuna ing Pilipina

Jeneng Luzon iku ngrujuk saka tembung Tagalog lusong, yaiku lesung kayu kang gedhé kanggo nutu beras.[4][5]

Sajarah

Luzon sadurungé kapèrang dumadi krajan Hindu-Buddha, pamaréntahan Muslim, lan kapracayan ing sawenèh suku-suku, kang duwé gegayutan dagang karo Kalimantan, Malaya, Jawa, Indocina, India, Okinawa, Korea, Jepang lan Cina, sadurungé Spanyol njajah laladan iki. Wong Tagalog lan Kapampangan sing manggon ing Luzon kidul lan tengah ngyasa sistèm pulitik nalika sadurungé taun ka-sèwuné bangsa iki. Sistem pulitik kang misuwur kaya ta Maynila, Tondo, lan Namayan. Ing Prasasti Keping Tembaga Laguna (prasasti kapisan Pilipina) kang ditulis ing taun 900 M, nyebutaké panggonan ing Manila Bay lan sakupené, kaya ta Medan ing Indonesia.[6] Krajan iki duwé sistem yaiku menehaké upeti lan pajeg marang panguwasa désa (Datu) lan tuan tanah (Lakan) utawa Rajahs. Krajan-krajan iki kalebu désa pasisir amarga kalebu golongan pulitik Asiah. Sawenèh pérangan Luzon dadi islam nalika Sultan Brunei jembaraké kakuwasané saka Kalimantan menyang Pilipina lan ngyasa Krajan Maynila minangka negarané bonéka.[7] Éwadéne, krajan liyané kaya ta Wangdom  Pangasinan kang dadi pérangan laladan saka Cina lan sakèhé laladan Luzon yaiku krajan Sinified.[8]

Geografi

Gambar Luzon lumantar satelit

Pulo Luzon iku wiyaré 109,964.9 square kilometres (42,457.7 sq mi),[1] lan pulo ka-15 gedhé dhéwé ing donya. Pulo iki diwatesi Sagara Cina Kidul ing sisih kulon (Ing Pilipina jejuluk Sagara Luzon), ing sisih wétan diwatesi déning Sagara Pilipina, lan ing sisih lor déning Selat Luzon kang ngemot laladan banyu Babuyan lan Balintang. Ing dharatan iku kira-kira wujudé persegi dawa lan duwé semenanjung Bikol kang mendawa menyang kidul-wétan.

Luzon iku dipérang dumadi papat: Luzon Lor, Tengah lan Kidul, lan Laladan Kutha Krajan Nasional

WilayahTataran VITataran IVTataran IIITataran II
Laladan IlokosIlokandiaLuzon LorLuzon Lor lan Tengah Luzon Lor lan Tengah 
Éréngan Cagayan
Laladan Administrasi Cordillera Cordilleras
Luzon Tengah Luzon Tengah
Laladan Kutha Krajan NasionalMetro ManilaLuzon Kidul
CalabarzonTagalog KidulLuzon KidulLuzon Kidul
Mimaropa
Laladan BikolBikolandia

Wujudé laladan

Luzon Lor

Ing laladan sisih lor-kulon pulo iki, kapernah laladan Ilokos, kang wujudé lebak ing sadawané pasisir wétan nganti gunung Cordillera Tengah.

Pagunungan Sierra Madre kang dideleng saka Cabagan, Isabela

Pagunungan Cordillera kang kapernah ing pérangan lor-tengah pulo iki, dithukuli wit-witan alas pinus tropis lan wit-witan laladan tropis. Gunung dhuwur dhéwé ing laladan iki,Gunung Pulag, kang dhuwuré 2.922 mèter. Ing pagunungan iki ana hulu Kali Agno, ing sadawané éréngan Gunung Data lan ing énggok-énggokan kali ing sadawané Pagunungan Cordillera Kidul sadurungé laladan Pangasinan.

Ing Luzon lor-wétan lumrahé awujud pagunungan, kang pagunungan paling dawa ing negara iki yaiku Sierra Madre. Ing antarané Sierra Madre lan Gunung Cordillera Tengah kapernah Cagayan Valley. Laladan iki, misuwur kanthi akehé ngasilaké beras kaloro lan akèh dhéwé ngasilaké jagung ing negara iki. Ing laladan iki kapernah kali Cagayan, kang kali dawa dhéwé ing Pilipina.

Ing sadawané sisih kidul Cordillera Tengah kapernah Pagunungan Caraballo kang kurang misuwur. Pagunungan iki nggayutaké antara Cordillera Tengah lan Sierra Madre, kang misahaké éréngan Cagayan lan Luzon Tengah.[9]

Luzon Tengah

Sesawangan lebak ing Luzon tengah kanthi Gunung Arayat ing mburiné.

Ing Luzon sisih tengah katitik lebak kang dikenal minangka Lebak LuzonTengah, yaiku lebak gedhé dhéwé ing pulo. Wiyaré lebak iki kira-kira 11.000 kilomèter persegi, lan dadi papan kang ngasilaké beras akèh dhèwè, kang diilèni banyu saka rong kali, yaiku ing sisihnegara kang paling gedhé produser saka beras, lan irrigated déning loro kali utama; Kali Cagayan ing sisih lor, lan Kali Pampanga ing sisih kidul. Ing tengah lebak iki ngadeg sawijining Gunung Arayat.

Ing sisih kulon Luzon Tengah lumrahé awujud lebak kang mendawa menyang wétan saka pasisir nganti Pagunungan Zambales (Pagunungan kang dipanggoni Gunung Pinatubo, kang misuwur amarga gedhené jeblugan ing 1991). Pagunungan iku mendawa ing sisih lor menyang sagara,  lan kadhapur Teluk Lingayen, lan ing sisih kidul, kadhapur Semenanjung Bataan. Semenanjung Bataan cedhak marang Teluk Manila, yaiku palabuhan alami kang dianggep dadi salah siji palabuhan alami ing Asia Wétan, amarga ukuran lan kapernah kanthi strategis.

agunungan Sierra Madre mendawa menyang sisih kulon Luzon Tengah, lan mengidul menyang Semenanjung Bikol.

Luzon Kidul

Sisih lor Luzon Kidul arep kabèh awujud danau kang diarani Laguna de Bay (Basa Spanyol Lawas, "Lake of Bay Town"), yaiku danau gedhé dhéwé ing negara iki. Danau iki jembaré  949-square-kilometre (366 sq mi) lan banyuné mili menyang Teluk Manila lumantar Kali Pasig, salah siji kali kang wigati ing negara iki amarga ngemu sujarah lan mili ing satengahé Metro Manila.

Danau Taal kapernah 20 kilometres (12 mi) ing sisih kidul-kulon saka Laguna de Bay, danau kawah kang isiné Gunung Taal. Ing sakiwa tengené danau iki kadhapur gumuk Tagaytay, yaiku salah siji pérangan gunung geni kang gedhé nalika jaman prasujarah kang manggon ing sisih kidul provinsi Cavite, Kutha Tagaytay, lan kabèh laladan ing provinsi Batangas.

Kidulé Danau Laguna dumadi rong gunung, yaiku Gunung Makiling ing provinsi Laguna, lan Gunung Banahaw, gunung kang dhuwur dhéwé ing laladan Calabarzon.

Luzon sisih kidul-wétan sakèhé dumadi saka Semenanjung Bikol kang awujud pagunungan kang sempit kang mendawa kira-kira 150 kilometres (93 mi) nuju sisih kidul-wétan ing sadawané pasisir Sorsogon. Pagunungan iki mendawa saka Lemah Sempit Tayabas ing provinsi Quezon menyang Selat San Bernardino. Laladan iki ngemu manéka gunung geni, kaya ta Gunung Mayon kang dhuwuré 2,460-metre (8,070 ft) ing provinsi Albay. Pagunungan Sierra Madre duwé wates ing sisih kidul yaiku provinsi Quezon., kang kalebu Gunung Isarog lan Gunung Iriga ing Camarines Sur, lan Gunung Bulusan ing Sorsogon.

Garis pasisir semenanjung Bikol dumadi saka semenanjung, teluk, lan teluk cilik, antaranéu Teluk Lamon, Teluk San Miguel, Teluk Lagonoy, Teluk Ragay, lan Teluk Sorsogon.

Pulo-pulo sakupengé Pulo Luzon

Pulo-pulo sakupengé pulo Luzon kalebu pérangan saka golongan Pulo Luzon. Pulo-pulo gedhé kang klebu golongan Pulo Luzon yaiku Palawan, Mindoro, Masbate, Catanduanes, Marinduque, Romblon lan Polillo.

Pamérangan administratif

Pulo iki dumadi saka 7 laladan administratif, 30 provinsi, lan 68 kutha (8 laladan, 38 provinsi, lan 71 kutha, yèn pulo sakiwa tengené dilebokaké).

KapernahLaladan

(designation)

Cacah Jiwa

(2015)[2]

Wiyaré[i][10][11]Akéhé padunungPunjering Laladan
Component LGUs
Ilocos Region

(Region I)

5,026,128

(7000500000000000000♠&&&&&&&&&&&&&&05.&&&&&05,0%)

7010130126000000000♠ 2

  

7001390000000000000♠2

 

San Fernando

(La Union)

Cagayan Valley

(Region II)

3,451,410

(7000340000000000000♠&&&&&&&&&&&&&&03.4000003,4%)

7010282288300000000♠ 2

  

7001120000000000000♠2

 

Tuguegarao
Central Luzon

(Region III)

11,218,177

(7001111000000000000♠&&&&&&&&&&&&&011.10000011,1%)

7010220146300000000♠ 2

  

7001510000000000000♠2

 

San Fernando

(Pampanga)

Calabarzon

(Region IV-A)

14,414,774

(7001143000000000000♠&&&&&&&&&&&&&014.30000014,3%)

7010168733100000000♠ 2

  

7001850000000000000♠2

 

Calamba
Mimaropa[./Luzon#cite_note-Islands-30 [lower-roman 2]][ii]

(Region IV-B)

2,963,360

(7000290000000000000♠&&&&&&&&&&&&&&02.9000002,9%)

7010296209000000000♠ 2

  

7001100000000000000♠2

 

Calapan
Bicol Region

(Region V)

5,796,989

(7000570000000000000♠&&&&&&&&&&&&&&05.7000005,7%)

7010181558200000000♠ 2

  

7001320000000000000♠2

 

Legazpi
Cordillera

Administrative
Region
(CAR)

1,722,006

(7000170000000000000♠&&&&&&&&&&&&&&01.7000001,7%)

7010194220300000000♠ 2

  

7001890000000000000♠2

 

Baguio
National Capital

Region
(NCR)

12,877,253

(7001128000000000000♠&&&&&&&&&&&&&012.80000012,8%)

7008611390000000000♠ 2

  

7002210000000000000♠2

 

Manila
Region2015 censusAreaDensityRegional centerComponent LGUs
Table note(s)

Waca uga

  • Wilayah saka Filipina
  • Propinsi Filipina
  • Perang Luzon

Rujukan

Pranala njaba

  • Médhia magepokan Luzon ing Wikimedia Commons
  • Dhéfinisi bausastra saka Luzon ing Wikisastra
  • Panuntun plesiran Luzon saka Wikiwisata
  • Data géografis magepokan Luzon ing OpenStreetMap
  • "Luzon" . The American Cyclopædia. 1879.


Masalah sitiran: Tenger <ref> ana tumrap golongan aran "lower-alpha", nanging tenger <references group="lower-alpha"/> sing magepokan ora ana, utawa </ref> panutup ora ana