Iwak teri

Iwak teri/bilis
Kawanan ikan teri
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Hewan
Filum:Kordata
Klas:Actinopterygii
Ordho:Clupeiformes
Famili:Engraulidae
Genera
Amazonsprattus
Anchoa
Anchovia
Anchoviella
Cetengraulis
Coilia
Encrasicholina
Engraulis
Jurengraulis
Lycengraulis
Lycothrissa
Papuengraulis
Pterengraulis
Setipinna
Stolephorus

Thryssa

Iwak teri (uga diarani iwak bilis) ya iku saklompok iwak sagara kang ukuran awaké cilik. Iwak teri kalebu famili Engraulidae.[1] Famili iki duwé wujud jinis iwak teri kang warna-warna uga corak awaké.[1] Ana kang wernané pérak rada ijo lan biru.[1] Sanajan ana uga anggota Engraulidaei kang dawané nganti 23 cm, iwak teri dawané kurang luwih 5 cm.[1] Moncongé bundhel kanthi untu kang cilik lan landhep ing rahangé. Iwak teri mangané plankton.[1]Ing laladan saubengé Selat Malaka lan Sagara Cina Kidul, iwak teri biyasa digoreng lan dipangan karo sambel lan sega anget utawa sega lemak.[1] Iwak teri uga dialuské lan digawé glepung.[1] Ing Vietnam, saus iwak nước mắm kang dadi simbol nagara iku digawé saka bahan dhasar iwak teri.[1] Iwak teri urip nggrombol utawa koloni ing sagara.[1]

Iwak teri ngandhut kalsium. Kalsium ya iku salah sawijining zat kang bisa nggawé séhat balung lan untu.[2] Saliyané kalsium, iwak teri uga ngandhut fluor lan senyawa CaF2 kang cacahé akèh.[2] Iwak teri bisa dipangan langsung karo eriné.[2]Iwak teri jengki utawa Stolephorus insularis duwé akèh manfaat kanggo kaséhatan.[2]Zat gizi kang ana ing iwak teri gampang rusak mulané kudu disimpen kanthi cara diasinké.[2] Kalsium kang ana ing iwak teri apik kanggo ncegah osteoporosis utawa balung kang kropos.[2] Iwak teri kalebu sumber kalsium kang ora gampang nétral yèn kena banyu.[2] Saliyané iku fluor uga apik kanggo kaséhatan untu.[2] Fluor kena kanggo ncegah karies lan untu kang bolong-bolong.[2] Fluor bakal duwé reaksi karo hidroksi apatit kang ana ing email untu lan dadi senyawa fluor apatit kang bisa luwih tahan karo asem.[2] Kanthi mangkono untu ora gampang kena karies.[2]

Cathetan suku