Kelinci

Kelinci
Kalamangsa: Eosen Wekasan-Holosen, 53–0 Ma
O
S
D
C
P
T
K
Pg
N
Kelinci ing Montana, Amérikah Sarékat
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Chordata
Subfilum:Vertebrata
Klas:Mammalia
Ordho:Lagomorpha
Famili:Leporidae
sapérangan
Genera
  • Pentalagus
  • Bunolagus
  • Nesolagus
  • Romerolagus
  • Brachylagus
  • Sylvilagus
  • Oryctolagus
  • Poelagus

Kelinci kalebu bangsaning Mamalia utawa kéwan nyusoni, lan tansah sapaduluran karo Truwèlu lan Pika.[1] Kelinci wis kasebar saindhenging jagad kajaba ing tlatah Antartika.[1] Jeneng latiné ya iku Oryctolagus cuniculus.[1] Kelinci bisa nglairaké anak kurang luwih nganti ping 5-7 saben setaun.[1] Cacahé anaké kelinci saben nglairaké ya iku 5-8 kelinci.[1] Rata-rata saben manak kelinci nglairaké anak cacahé 6.[1]

Tetengering Kelinci

Kelinci boboté bisa nganti 5 kilo yèn dadi raja kaya, lan ing alas mung nganti 3,5 kilo.[2] Kelinci duwé|duwé kuping dawa kang bisa dianggo ngrungokaké swara saka kadohan, rupané lucu dadi bisa didadèkaké dolanan utawa klangenan.[2] Kelinci uga duwé sikil kang kuwat kanggo mencolot lan awaké buntek tur lucu.[2]

Anakané kelinci lumrahé lair ora duwé wulu lan wuta, ora kaya anaké truwèlu.[2]

Uriping Kelinci

Kelinci ing alas lumrahé urip ing bolongan-bolongan siti, utawa wit-witan.[2] Kelinci alasan utawa kelinsi alasan lumrahé ngedhuk lemah kanggo susuhané lan ngasuh anak-anaké ing kana.[2] Uga, kelinci misuwur amarga cacah lairé kang dhuwur banget.[2] Kelinci wis bisa kawin wiwit umur wulanan lan bisa meteng 31-35 dina.[2] Anak kang dilairaké bisa loro nganti 12 iji.[2]

Kelinci uga kéwan kang paling énggal ngepaské kahananing alam, dadi rikat duwé anak.[2] Ing Australia, saking akèhé, kelinci wis dadi ama kang nyusahaké amarga mangani asil kebon para tani ing kana.[2]

Pakan

Kelinci kalebu ''hèrbivor'' utawa mangan tetuwuhan.[3] Ing peternakan, kelinci saliyané dipakani tetuwuhan, dhèwèké uga dipakani pèlèt lan campuran-campuran tambahan kanggo kesehataning kéwan iki.[3] Suket, wortel, kangkung, lan sapanunggalané apik kanggo uripé kelinci.[3]

Jinising Kelinci

Kelinci saindhenging jagat rupa-rupa, ana kang jinis buntut kapas, angora, nganti ana kang wuluné dawa. Ing Indonésia, kelinci akèh-akèhané diimpor saka nagara|nagari manca.[4]

Kelinci ing uriping manungsa

Kelinci lumrahé didadèkaké kéwan raja kaya, kanggo pakan, nganti dadi klangenan.[4] Kelinci kang didadèkaké panganan lumrahé nduwé ukuran kang gedhé, lan kang dadi klangenan lumrahé nduwé wulu kang apik.[4] Panganan saka daging kelinci kang paling misuwur ya iku saté kelinci.[4]

Ternak kelinci

Méh kabéh hasil saka ternak kelinci bisa dimanfaataké, kalebu kotoran lan urine.[5] Asil kang dimanfaatke iki bisa langsung dimanfaatké utawa diolah dhisik.[5]

  • Karkas: daging kelinci kanthi kualitas apik bisa kanggo sumber gizi lan sumber protéin. Mulané saiki akèh kang dodolan ''hotplate'' saté kelinci, bakso kelinci, lan liya-liyané.[5] Balung kelinci uga bisa digawé glepung kang bisa kanggo pakan ternak.[5]
  • Kulit lan sikil: kulit kelinci bisa dimanfaataké kanggo bahan kanggo nggawé topi, jaket, rerenggan dinding, tas, sepatu, alas, gantungan kunci lan pelapis perabot rumah tangga.[5]
  • Endhas: endhas kelinci bisa kanggo pakan kéwan kaya ta asu, kucing, lan liya-liyané.[5] Saliyané iku, utek kelinci uga bisa dimanfaataké kanthi digawé vaksin tumrap perusahaan farmasi.[5]
  • Kotoran lan urin: kanggo bahan nggawé gas methane, média kanggo nandur jamur, kanggo bahan pupuk kompos, lan urin kelinci bisa dimanfatké kanggo pupuk kembang anggrék.[5]

Cathetan suku

Gladri kelinci

Gladri asil olahan kelinci