Paguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul Wétan

Association of Southeast Asian Nations

Paguyuban Nagara-Nagara Asia Kidul Wétan (Inggris: Association of Southeast-Asian Nation, dicekak dadi ASEAN) yaiku paguyuban nagarantara ing Asia Kidul Wétan. ASEAN dipunadegaken ing tanggal 8 Agustus 1967 ing Bangkok mawi Paklaring Bangkok. Ancasing ASEAN punika ngiyataken kerja sama régional. Negari anggota ASEAN ngawontenaken rapat umum saben sasi November.ASEAN nyakup wewengkon dharatan ingkang wiyaripun 4.46 yuta km² utawi watawis 3% saking total jembaripun dharatan ing Bumi, lan gadhah populasi watawis 600 yuta orang utawi 8.8% total populasi donya. Jembar tlatah seganten ASEAN tikel tiga saking jembaripun wewengkon dharatan. Ing taun 2010, kombinasi nominal GDP ASEAN sampun tuwuh ngantos 1,8 Triliun Dolar AS. Manawi ASEAN sampun dados entitas tunggal, ASEAN lajeng gadhah ékonomi paling ageng kasanga sasampunipun Amérikah Sarékat, Cina, Jepang, Jerman, Prancis, Brasil, Inggris, lan Italia.

Prinsip Utama ASEAN

Prinsip-prinsip utama ASEAN inggih punika:

  • Ngurmati kamardikan, kadhaulatan, kesamaan, integritas wewengkon nasional, lan identitas nasional saben nagari
  • Hak saben nagari mimpin kawontenan nasional bébas saking campur tangan, subversif utawi koersi pihak sanès
  • Boten nyampuri urusan lebet nagari nagari anggota
  • Ngrampungi prabélan utawi pasulayan kanthi cara damai
  • Nulak pangginaan kakiyatan ageng / mbebayani
  • Nyambut damel sesarengan sesami anggota

Anggota ASEAN

ASEAN sapunika gadhah 10 anggota nagari ing Asia Kidul-Wétan inggih punika:

Perbandingan kaliyan blok/nagara sanès

BadanWewengkon
km²
PopulasiGDP (PPP)
juta $AS
GDP (PPP)
per kapita

$AS
Nagari
anggota
UE3.977.487456.285.83911.064.75224.24925
ASEAN4.400.000553.900.0002.172.0004.04410
CSN17.715.335366.669.9752.635.3497.18712
NAFTA21.588.638430.495.03912.889.90029.9423
AU29.797.500850.000.0001.515.0001.89653
Nagari
ageng
Pamérangan
pulitik
India3.287.,5901.102.600.0003.433.0003.10035
Cina9.596.9601.306.847.6247.249.0005.20033
AS19.631.418296.900.57111.190.00039.10050
Kanada19.984.67032.507.874958.70029.80013
Russia17.075.200143.782.3381.282.0008.90089

Salebeting taun 2003. Sian kanggé aji paling ageng, ijem kanggé paling alit, ing antawisipun blok ingkang dipunbandhingaken.
Sumber: CIA World Factbook 2004, IMF WEO Database
1 Anggota NAFTA

Status ékonomi

Tabel PDB miturut PPP, dipunwedalaken déning IMF ing wulan September 2004.

NagaraPDB (PPP)
yuta
int. dolar
PDB (PPP)
per kapita
int. dollar
 Indonésia820.5433.661 (6)
 Thailand514.2367.851 (4)
 Filipina391.8494.652 (5)
 Malaysia271.16710.449 (3)
 Vietnam222.3452.685 (7)
 Singapura111.50725.384 (1)
 Myanmar81.2831.466 (10)
 Kamboja25.6481.775 (9)
 Laos11.8321.972 (8)
 Brunei Darussalam5.65815.171 (2)

Nami ASEAN ing basa-basa Asia Kidul Wétan

Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Pranala njawi