Pananggalan Tionghoa

Imlèk (lafal Hokkian saka 阴历, pinyin: yin li, kang tegesé kalèndher bulan) utawa Kalèndher Tionghoa ya iku kalèndher lunisolar kang diwangun kanthi nggabungaké kalèndher rembulan lan kalèndher srengéngé.
Kalèndher Tionghoa saiki isih dipigunakaké kanggo mèngeti manéka dina karaméan tradhisional Tionghoa lan milih dina kang paling nguntungaké tumrap perkawinan utawa pambuka usaha. Kalèndher Tionghoa kaloka uga kanthi sebutan liya kaya "Kalèndher Agrikultur" (nónglì 农历/農曆), "Kalèndher Yin 阴历/陰曆" (amarga magepokan karo aspek rembulan), "Kalèndher Lama" (jìulì 旧历/舊曆) sawisé "Kalèndher Baru" (xīnlì 新历/新曆) ya iku Kalèndher Masehi, diadopsi sebagai kalèndher resmi, lan "Kalèndher Xià 夏历/夏曆" kang sajatiné ora padha karo kalèndher wektu iki.

Kuil Sam Po Kong

Sajarah

Huang Di

Kalèndher Tionghoa wiwit dikembangaké ng milenium angka 3 SM, jaréné tinemu déning panguwasa legendaris pisanan, Huáng Dì, kang mréntah antara taun 2698 SM-2599 SM, lan dikembangaké manèh déning panguwasa legendaris angka 4, Kaisar Yáo. Siklus 60 taun (gānzhī utawa liùshí jiǎzǐ) wiwit dipigunakaké ing milenium angka 2 SM. Kalèndher kang luwih pepak dikukuhaké taun 841 SM ing jaman Dinasti Zhōu kanthi nambahaké panerapan bulan gandha lan bulan pisanan saben taun diwiwiti cedhak karo titik balik srengéngé ing mangsa adhem.

Dinasti Qin

Kalèndher Sìfēn (4 triwulan), kang wiwit ditrapaké watara taun 484 SM, ya iku kalèndher Tionghoa pisanan kang nganggo pétungan luwih akurat, migunakaké pananggalan srengéngé 365,25 dina, kanthi siklus 19 taun (235 bulan), kang sajeroning ngèlmu kawruh Barat kaloka minangka Peredaran Metonic. Titik balik srengéngé mangsa adhem ya iku bulan pisanané lan bulan gandhané disisipaké mèlu bulan angka 12. Ing taun 256 SM, kalèndher iki wiwit dipigunakaké déning nagara Qín, banjur ditrapaké ing saindhenging nagari Cina sawisé Qín nguwasani nagari Cina lan dadi Dinasti Qín. Kalèndher iki tetep dipigunakaké sepanjang separuh pisanan Dinasti Hàn Barat.

Jeneng-jeneng sasi

NoPenanggalan TionghoaSuwéning Dina
1Cia Gwee30
2Ji Gwee29
3Sa Gwee30
4Si Gwee30
5Go Gwee29
6Lak Gwee30
7Cit Gwee29
8Pe Gwee29
9Kauw Gwee30
10Cap Gwee29
11Cap It Gwee29
12Cap Ji Gwee30
13Lun....(30)
Total354/(384)

Katrangan

  • Tandha miring lan kurung minangka taun wuntu sajeroning kalèndher Tionghoa.

Uga delengen

Pranala njaba