Pelem
Pelem | |
---|---|
Woh pelem gedhong, saka Sumedang, Jawa Kulon | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Filum: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Sapindales |
Famili: | Anacardiaceae |
Génus: | Mangifera |
Spésies: | M. indica |
Jeneng binomial | |
Mangifera indica L. |
Pelem iku jeneng sajenis woh, mangkono uga jeneng wité.[1] Pelem kalebu ing marga Mangifera, kang kapérang saka 35-40 anggota, lan suku Anacardiaceae.[1] Jeneng ngèlmiahé yaiku Mangifera indica.[1]
Genus Mangifera duwé 62 ''spésies'', ananging kang ngasilaké woh kang énak mung 16 species.[1] Pelem kang dipangan awaké dhéwé saben dina, kaya ta pelem golèk kalebu species Mangifera indica L.[1]
Wit pelem kalebu tetuwuhan tingkat dhuwur kang struktur watangé éwoning ''arboreus'', yaiku tetuwuhan kayu kang dhuwuré watang punjul 5 m.[1] Dhuwuré wit pelem bisa nganti 10–40 m lan umuré bisa tekan 10 taun utawa luwih.[1]Pelem kang isih nom biayasané disenengi wong meteng.[2]
Asal
Pelem iku kalebu tuwuhan woh taunan kang asalé saka nagara India.[3] Tuwuhan pelem banjur nyebar ing tlatah Asia Tenggara, kalebu Malaysia lan Indonésia.[3]
Jinis kang akèh urip ing Indonésia
Klasifikasi botani pelem yaiku:[3]Divisi: SpermatophytaSub divisi: AngiospermaeKelas: DicotyledonaeKulawarga: AnarcadiaceaeGenus: MangiferaSpesies: Mangifera spp.Jinis pelem kang akèh ditandur ing Indonésia yaiku ''Mangifera indica L''.[3] Contoné pelem arumanis,golék, gedhong, manalagi lan cengkir lan ''Mangifera foetida'' kaya ta kemang dan kweni.[3]
Habitat
Pusat tuwuhan pelem ing Pulo Jawa yaiku ing Probolinggo, Indramayu, Cirebon.[3]Tuwuhan pelem cocog urip ing laladan kanthi mangsa kering kurang luwih 3 sasi.[3]Mangsa kering iki dibutuhaké sadurungé lan yèn wayah ngembang.[3]Yèn ditandur ing laladan kang lembab, tuwuhan pelem bakal kena serangan ama lan lelara.[3]Saliyané iku bisa rontok kembang lan wohé yèn ngembangé wayah udan utawa mangsa rendheng.[3]
Asil olahan
Pelem kang mateng bisa langsung dipangan dadi buah, rasané kang legi lan seger, dagingé kang empuk gawé wong akèh kang seneng pelem.[2] Pelem kang isih nom bisa diawetké kanthi kadar gula kang akèh dadi manisan basah lan kering.[2] Pelem kang durung mateng diarani kepoh, bajangan.[2]
Khasiat
Pelem duwé akèh variétas.[4] Kurang luwih ana 2.000 jinis pelem ing donya.[4] Saliayané rasané kang legi lan seger, pelem uga duwé khasiat kang migunani kanggo kaséhatan.[4] Woh pelem duwé zat-zat kang dibutuhaké awak.[4]
Bahan wacan
- Morton, J. 1987. Mango. p. 221–239. In: Fruits of warm climates. Julia F. Morton, Miami, FL.
- van Steenis, C.G.G.J. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonésia. PT Pradnya Paramita. Jakarta.
- Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2.
Cathetan suku
Pranala njaba
Wikispecies duwé tetélan sing gegayutan: Mangifera |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Mango. |
- Sorting Mangifera species
- Plant Cultures: botany, history and uses of mango Archived 2006-05-03 at the Wayback Machine.
- Mango research pages
- Mango cultivar list
- Alphabetized mango cultivar list Archived 2005-02-12 at the Wayback Machine.
- Mango
- "Mango" article in Alan Davidson's Oxford Companion to Food (ISBN 0-19-211579-0)
- How To Cut a Mango Archived 2007-04-28 at the Wayback Machine.
- Toxicodendron Dermatitis: Information on allergic reactions to plants such as Mangos
Gallery
- Pelem Sitrun
- Pélok Pelem
- Dodolan Pelem
- Pelem kang isih ana ing wit
- pelem gedong, gincu
- jus pelem
- pelem ing pasar
- warna-warna pelem
- pelem manalagi
- pelem indramayu
- pelem apel
Deleng Uga Woh-wohan | |||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur | Apel | Apokat | Asem | Bléwah | Blimbing | Blimbing wuluh | |||
Cempedak | Durèn | Dhondhong | Dhuku | Dhuwet | Gedhang | Jambu | |||
Jeruk | Katès | Kesemek | Klapa | Klèngkèng | Manggis | Nangka | |||
Nanas | Pelem | Rambutan | Salak | Sawo | Semangka | Srikaya |