James Milner

juru main bal-balan saka Inggris

James Philip Milner (lair ing Wortley, West Yorkshire, Leeds, Inggris, 4 Januari 1986; umur 38 taun) ya iku salah sijining juru main bal-balan profésional sing main minangka glandhang kanggo klub Brighton & Hove Albion ing Liga Primer Inggris lan Inggris.

James Milner
Katerangan priangga
Jeneng dawaJames Philip Milner [1]
Dhuwur1.75 m (5 ft 9 in) [2]
Posisi mainGlandhang
Katerangan klub
Tim saiki
Brighton & Hove Albion
Angka6
Karir nom
1996–2002Leeds United
Karir sénior*
TaunTimMain(Gul)
2002–2004Leeds United48(5)
2003→ Swindon Town (silihan)6(2)
2004–2008Newcastle United94(6)
2005–2006Aston Villa (silihan)27(1)
2008–2010Aston Villa73(11)
2010–2015Manchester City147(13)
2015–2023Liverpool230(19)
2023–saikiBrighton & Hove Albion1(0)
Tim nasional
2001–2002Inggris U166(5)
2002–2003Inggris U1711(8)
2003Inggris U191(1)
2003–2004Inggris U206(0)
2004–2009Inggris U2146(8)
2009–2016Inggris61(1)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 17:09, 12 Agustus 2023 (UTC).


Milner miwiti karir ing akademi Leeds United. Panjenengané naté main kanggo Leeds United, Swindon Town, Newcastle United, lan Aston Villa sadurungé gabung karo Manchester City ing wulan Agustus 2010.[4][5]

Karir klub

Leeds United

Panjenengané main sing kapisan kanggo Leeds United nalika tanggal 10 November 2002 nalika nglawan West Ham United. Penampilané iki nggawé panjenengané minangka salah siji juru main paling enom sing main ing Liga Primer Inggris umur 16 taun 309 dina.

Newcastle United

Ing wulan Juli 2004, Milner gabung karo Newcastle United lan nglakoni debut tanggal 18 Agustus 2004.Milner naté disilihake ing klub Aston Villa nalika mangsa 2005-2006 lan bali ing Newcastle United nalika mangsa 2006-2007

Aston Villa

Tanggal 29 Agustus 2008, Milner gabung karo Aston Villa lan nglakoni debut tanggal 31 Agustus 2008. Permainané sing apik nggawé panjenengané langsung dadi juru main kunci ing Aston Villa, panjenengané uga karan-sebut minangka glandhang mangsa ngarep timnas Inggris.

Manchester City

Nalika tanggal 17 Agustus 2010, Aston Villa lan Manchester City sepakat kanggo transfer pindahé Milner. Biaya transfer dilaporaké sakiwa-tengené £26 yuta,[4] kalebu ijolé juru main Stephen Ireland (bijine sakiwa-tengené £8 yuta) gabung karo Aston Villa.[5]

Liverpool

Ing tahun 2015 yaiku sawisé rampung mangsa bal-balan 2014/15 James Milner pindhah klub menyang Liverpool kanthi lelahanan aliyas gratis. Baba kasebut disebabake jalaran Milner kang wis kaanggep "umur" ora lumebu skema taktike pelatih Manchèster City jaman semana yaiku Manuèl Pellegrini.

Pangaji-aji[6]

Manchester City

Liverpool

  • Juara Liga Champions 2019
  • Juara Piala Super Eropa 2019
  • Juara Piala Donya Antarklub FIFA 2019
  • Juara Liga Primèr Inggris 2020

Réferènsi

Pranala njaba