Lindhu Samudra Hindhia 2004

Ing tanggal 26 Dhésèmber 2004, kadadéan lindhu dahsyat ing Samodra Hindhia, lepas pasisir kulon Acèh.

Katrangan Lindhu Samodra Hindia 2004
Tanggal26 Dhésèmber 2004 (2004-12-26)
Kakuwatan9,3
Jeroné10 km
EpisentrumCithakan:Coor at d
Negara sing kenaIndonésia, Sri Lanka, India, Thailand, Somalia, Myanmar, Malaysia, Maladewa, Seychelles, Tanzania, Banggaladésa, Afrika Selatan, Kenya, Madagaskar
Kurban
Barkas:2004 Indonésia Tsunami Complete.gif
Animasi obahan banyu laut (tsunami)
Peta lindhu

Lindhu kadadéan jam 7:58:53 WIB. Pusat lindhu dumunung ing bujur Cithakan:Coor at d kurang luwih 160 km pérangan barat Acèh sedalam 10 kilomèter. Lindhu iki kekuwatan 9,3 miturut skala Richter lan minangka lindhu paling dahsyat sajeroning kurun wektu 40 taun pungkasan ing Asia Kidul-wétan ikhtisar lokasi lindhu Archived 2009-07-22 at the Wayback Machine.Intensitas Archived 2008-12-02 at the Wayback Machine.Seismografis Archived 2009-05-11 at the Wayback Machine.Densitas Archived 2009-05-11 at the Wayback Machine.Peta Googlelan Asia Kidul.

Kurban jiwa

Lindhu ngakibataké tsunami (gelombang pasang) sing njupuk akèh banget kurban jiwa. Dipesthèkaké punjul 150.000 jiwa tiwas.

NagaraTiwasCidraIlangKèlangan papan urip
DipesthèkakéPerkiraan
Indonésia126.915126.915+~100.00037.063~517.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine.
Sri Lanka30.718Ora diweruhi15.68623.000+1~573.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine.
India10.01215.636Ora diweruhi5.6241.029.692
Thailand5.305211.000Ora diweruhi
Somalia150+ Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine.298Ora diweruhiOra diweruhi5.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine.
Myanmar9029060045200mencapai 30.000 Archived 2011-05-21 at the Wayback Machine.
Malaysia68-74Ora diweruhi299Ora diweruhiOra diweruhi
Maladewa82 Archived 2009-06-17 at the Wayback Machine.Ora diweruhiOra diweruhi26 Archived 2009-06-17 at the Wayback Machine.12-22.000 Archived 2008-05-07 at the Wayback Machine.
Seychelles1-3 10Ora diweruhiOra diweruhiOra diweruhiOra diweruhi
Tanzania1010+Ora diweruhiOra diweruhiOra diweruhi
Bangladesh2Ora diweruhiOra diweruhiOra diweruhiOra diweruhi
Afrika Kidul2Ora diweruhiOra diweruhiOra diweruhiOra diweruhi
Kenya1[pranala mati permanèn]Ora diweruhiOra diweruhiOra diweruhiOra diweruhi
MadagaskarOra diweruhiOra diweruhiOra diweruhiOra diweruhi1.000+
Total151.976+162.000+125.000+43.000+3-5 juta
  • Catatan: Angka ing tabel dhuwur iku perkiraan waé.
  • 1 Klebu 19.000 kurban ilang ing wewengkon sing dikontrol déning Macan Tamil.
  • 2 Klebu saorané 2.464 wong manca.

Indonésia

Ing Indonésia, lindhu njupuk punjul 126.000 kurban jiwa. Puluhan gedung ajur déning lindhu utama, mligi ing Meulaboh lan Banda Acèh ing ujung Sumatra. Ing Banda Acèh, watara 50% saka kabèh yasan rusak kena tsunami. Nanging, akèh-akèhé kurban disebabaké déning tsunami sing ngantem pasisir kulon Acèh lan Sumatra Lor.

Sri Lanka

Ing Sri Lanka dikonfirmasèkaké 45.000 kurban jiwa lan punjul 1 yuta jiwa sing ndunungi nagara iki kena dhampak lindhu kanthi langsung. Salah siji kurban sing bisa dislametaké ya iku mantan Kanselir Jerman Helmut Kohl. Dilaporaké saka Sri Lanka yèn sithik banget sato kéwan alasan kaya macan lan gajah sing mati.

India

Ing India, kalebu Kapuloan Andaman lan Nicobar ditaksir punjul 12.000 kurban jiwa.

Bangladesh

Ing Bangladesh ana 2 kurban jiwa.

Thailand

Ing Thailand akèh wisatawan manca kena bencana, mligi ing laladan Phuket, ditaksir watara 4.500 kurban jiwa. Bhumi Jensen, putné Raja Rama IX utawa kondhang kanthi asma Bhumibol Adulyadej uga kalebu salah siji kurban. Bhumi Jensen isih yuswa 21 taun.

Maladewa

Ing Maladewa dilapuraké ana 53 kurban jiwa. Rongprotelon wewengkon kutha krajan Malé kebanjiran nalika iku.

Malaysia

Malaysia nglapuraké 66 kurban jiwa, nanging dikuwatirake kurban jiwa cacahé 600.

Somalia

Ing Somalia, bawana Afrika éwon kilomèter saka Indonésia, dilapuraké punjul 100 kurban jiwa. Nanging sapérangan gedhé utawa manawa meh kabèh para warigaluh.

Uga delengen

  • Sumbangan kanggo kurban bencana alam tsunami
  • Bantuan kamanungsaan kurban lindhu Samodra Hindhia 2004
  • Lindhu Sumatra Maret 2005
  • Pratélan lindhu gedhé ing Indonésia

Réferènsi lan pranala njaba

Cithakan:Lindhu Indonésia