Zuzana Čaputová
Zuzana Čaputová (pangucap cara Slowak: [ˈzuzana ˈtʃaputɔʋaː]; née Strapáková; lair 21 Juni 1973) iku pulitisi Slowak, pangacara, lan aktivis kang kapilih dadi présidhèn Slowak kang wiwit makarya ing tanggal 15 Juni 2019. Čaputová bakal dadi wadon kapisan kang lungguh présidhèn uga dadi présidhèn nom dhéwé ing sajarahing Slowak kanthi umur 45.[1]
Zuzana Čaputová | |
---|---|
Présidhèn Slowak Pinilih | |
Wiwit linggih 15 Juni 2019 | |
Mahamantri | Peter Pellegrini |
Sadurungé | Andrej Kiska |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Zuzana Strapáková 21 Juni 1973 Bratislava, Cékoslowak (saiki Slowak) |
Parté pulitik | Slowak Progrèsif (2017–2019) Swadaya (2019–saiki) |
Anak | 2 anak wadon |
Wiyata | Universitas Comenius |
Dhèwèké dadi kasuwur amarga kasil ing rékadayané suwéné sadasawarsa kang nulak pambuwangan akir (landfill) kang mbebayani ing kutha asalé, Pezinok. Jalaran iku, dhèwèké ginanjar Goldman Environmental Prize ing taun 2016.
Réferènsi
🔥 Top keywords: Wikipédia:PendhapaMarie AntoinetteArané pérangan awakPersija JakartaSepongMirunggan:GolèkWikipédia:BabGunung RaungGapura:PaguyubanPitulung:IsiPerang Donya IIWikipédia:SesambunganWikipédiaKartiniWikipédia:Sugeng rawuhPariwaraKategori:ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦗꦮSurat Al QadrPallywoodSurat Adh DhuhaMasjidil KaramParikanSengkalanSinarmas GroupSintaWikipédia:Sélakan umumSurat Al 'AlaqKevin De BruyneMikèl ArtétaTembung YogyaswaraStadion SiliwangiKim Soo-HyunErling HaalandAnak Jalanan (sinetron)KucingFlorentino PérezRaghavanIndhonésiaYusril Ihza Mahendra